+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 12 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

Ayub 1:1-22; Jabur 17; Lukas 21:34-22:6

JAGA-JAGAA LAN NDEDONGAA

Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingi kakuwatan

kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowe padha

bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa

(Lukas 21:36)

              Sinten ingkang tansah nindakaken ayahan jaga lan ayahan ngunjukaken pandonga? Wangsulanipun, ingkang nindakaken ayahan jaga punika satpam dene ingkang nindakaken ayahan ngunjukaken pandonga punika pandita utawi tokoh agama. Ananging ayat punika ngengetaken dhateng kita, mboten namung satpam ingkang jaga ugi mboten namung pandhita utawi tokoh agama ingkang ngunjukaken pandonga. Saben tiyang pitados kedah tansah jumaga lan dedonga, awit kita mboten mangertos gesang kita padintenanipun, punapa ingkang badhe kelampahan ing gesang, punapa ingkang badhe kita adhepi sabendintenipun. Perkawis ingkang endah punapa malah perkawis ingkang njalari sisahing manah.

              Pramila Gusti Yesus paring dhawuh dhateng para muridipun: Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa…” tumindak punika perlu katindakaken awit kanthi jumaga lan dedonga kita tansah gesang ing kawaspadan lan pangatos-atos. Iman ing leres punika kedahipun kados mekaten tansah kebak ing kawaspadan lan pangatos-atos. Kenging punapa? Awit senajan Gusti paring prasetya badhe mitulungi gesanging umatipun, ananging kita taksih gesang ing jagad, ugi kita mboten manungsa ingkang kiyat ing bab punapa kemawon. Kita celak ing kawontenan ingkang ringkih, ringkih ing iman, ringkih ing badan lan ringkih ing bab pepinginan daging. 

              Patrap jumaga lan dedonga punika kedah kaudi saben wekdal supados kita mboten gampil dumawah ing dosa. Langkung-langkung kados ingkang kaserat “…lan supaya kowe padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning manungsa.” Nalika sawekdal-wekdal Gusti Yesus rawuh ingkang kaping kalih lan ngadili gesanging manungsa, Panjenenganipun manggihaken kita sembada ing salebeting gesang minangka umat kagunganipun Gusti. Awit saking punika, sumangga ingkang taksih nganggep remeh tumindak jumaga lan dedonga, ugi ingkang ngendhe-endhe tumindaking jumaga lan dedonga ing gesang padintenan; kita ewahi. Kita kedah tansah jumaga lan dedonga amrih wilujeng ing jagad lan ing ngarsanipun Gusti Yesus. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *