+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 10 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

1 Babad 21:1-17; Jabur 17; I Yokanan 2:1-2

SANG PANTARA

Anak-anakku, prakara iki daktulis marang kowe supaya kowe aja padha

gawe dosa. Ewadene menawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara

ana ing ngarsane Sang Rama, yaiku: Yesus Kristus kang adil

(1 Yokanan 2:1)

              Pantara (pantawis) tegesipun wong kang nglantarake. Kita saged mbiji, bilih tiyang ingkang nglantaraken punika mesthi tiyang ingkang pinilih lan tiyang ingkang sampun pana ing ayahanipun. Piyambakipun mangertos estu kadospundi marginipun, mangertos estu pundhi ingkang kedah kapilih lan ingkang dipunsingkiri supados ayahanipun saged kagayuh kanthi sae. Kanthi mekaten, tiyang ingkang sinebat pantara punika dados tiyang ingkang pantes pinitados.

              Pangandikanipun Gusti punika minangka pepenget dhateng umatipun Gusti supados sampun ngantos damel dosa ing gesangipun. Kenging punapa kangetaken kados mekaten? Awit ing bab 1, Rasul Yokanan mratelakaken paseksinipun bab Gusti Yesus lan pakaryan ingkang sampun kebabar ing gesanging umat. Pakaryan kawilujengan ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus lumantar seda lan wungunipun “urip iku wis kebabar lan wis padha dakdeleng, sarta saiki aku kabeh…” (I Yok 1:2). Punika ingkang dados dasar perlunipun Rasul Yokanan ngengetaken dhateng umat sampun ngantos tumindak ing dosa. Ananging, piyambakipun ugi ngakeni bilih tumindak dosa punika perkawis ingkang mboten gampil dipunsingkiri dening manungsa limrah. Senajan manungsa punika ugi sampun katebus lan kawilujengaken dening Gusti Yesus.

              Pramila pangandikanipun: “Ewadene menawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, yaiku: Yesus Kristus kang adil” menawi ing antawisipun umat wonten ingkang damel dosa ngengetana bilih kita nggadahi pantara ingkang adil, ingkang badhe mitulungi kita ing ngarsanipun Gusti Allah. Perkawis punika perlu dipungatosaken kanthi sanget, supados kita tetep nggadahi raos pakering dhumateng Panjenenganipun ingkang kuwaos mulihaken lan milujengaken gesang manungsa. Sampun ngantos kosokwangsulipun, “dupeh” nggadahi pantara ingkang welas asih lajeng kita ngremehaken tumindaking dosa lan lubering sih pangapuntenipun. Awit saking punika sumangga kita tansah njagi gesang ingkang sampun kawilujengaken dening Gusti supados mboten gampil dhumawah ing dosa ananging tansah unggul lumantar iman kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *