+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 13 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

Purwaning Dumadi 13:1-7, 14-18; Jabur 27; Filipi 3:2-12

DAKANGGEP UWUH

Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang

Kristus Yesus, Gustiku, kang mulyane ngungkuli iku mau kabeh. Iya marga

 saka Panjenengane iku aku wis mbuwang samubarang kabeh iku

lan dakanggep uwuh, supaya aku oleh Kristus

(Filipi 3:8)

              Nilar gesang lami ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti punika perkawis ingkang mboten gampil katindakaken dening saben tiyang. Umpami saged nilar, boten kathah ingkang saged jagi lan ngrimati gesangipun tansah sae lan bingahaken. Kadangkala, amargi tiyang sanes ingkang nggoda utawi kawontenan ingkang nggoda kita lajeng wangsul malih ing patraping gesang lami.

              Rasul Paulus paring tuladha bab gesangipun ingkang sampun mratobat lan dados pandherekipun Gusti Yesus. Lumantar ayat punika kita saged mangertos kadospundhi pamawas lan pangakenipun Rasul Paulus bab gesang dados pandherekipun Gusti Yesus. Wonten kalih perkawis ingkang kaaturaken dening Rasul Paulus: ingkang sepisan, gesang ingkang katindakaken sakderengipun wanuh Gusti minangka kapitunan dadosa ing kalenggahan, gegayuhan ingkang nate dipun darbeki sewau dados wakiling Rum anggenipun nguya-uya pandherekipun Gusti. Sedaya kalawau mboten njalari tentrem malah kepara dados dadakan tuwuhing raos sengit, kuciwa lan ajrih ing gesanging sesami. Pramila saksampunipun wanuh dhateng Gusti Yesus Kristus sedaya ingkang sampun kagayuh namung kapitunan kemawon. Ingkang kaping kalih, saksampunipun mratobat lan gesang dados pandherekipun Gusti, piyambakipun sampun mbucal samukawis ingkang rumiyin kawastanan kamulyan ing gesang. Awit saksampunipun nampi Gusti Yesus ingkang sinebat kamulyan punika gesang miturut kersanipun lan nindakaken sedaya ingkang kadawuhaken dening Gusti. Mila Rasul Paulus nganggep uwuh tumrap sedaya gesang ingkang nyingkur Gusti.

              Pangaken ingkang kados mekaten kedah kapanggihaken ing gesang kita. Blegeripun tiyang kristen ananging sikapipun mboten ngristeni, saben minggu ngibadah lan manembah dhumateng Gusti ananging ing dinten sanes ngibadah lan manembah dhumateng allah sanesipun. Sumangga kita namung ngener lan nggandhul Gusti, kita anggep uwuh menawi punika sambet kaliyan gesang lami. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *