Purwaning Dumadi 14:17-24; Jabur 27; Filipi 3:17-20
WARGANING SWARGA
“Sabab kita iki wargane swarga lan saka kono uga kita nganti-anti
Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng”
(Filipi 3:20)
Ing jaman pamrentahanipun Bapak Presiden Joko Widodo, kita minangka warga negari Indonesia lajeng nggadahi KTP seumur hidup. Temtu punika mbingahaken awit kita sampun mboten malih wira-wiri dhateng kantor kelurahan utawi kecamatan nggantos KTP, semanten ugi sampun mboten ngedalaken arta malih.
Punapa malih tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti, sambet kaliyan status minangka warganing swarga. Dados warganing swarga langkung bingahaken malih, awit mboten perlu pados KTP, mboten perlu ngangge arta, kepara kita dipunpadosi lan kapilih dening Gusti Allah. Dados warganing swarga punika peparingipun Gusti lan kaparingaken awit sih welas lan kamirahanipun dhumateng manungsa ingkang dhumawah ing dosa. Panjenenganipun ngersakaken supados kita mboten nampi pejah langgeng ananging nampi gesang langgeng ingkang sampun kebabar lumantar pangurbananipun Gusti Yesus Kristus.
Pramila menawi Rasul Paulus paring pangandika: “Sabab kita iki wargane swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng.” Lumantar pangandika punika kita sami kaengetaken bilih kita nggadahi status warga swarga ingkang gesang ing kasampurnan jati. Senajan taksih wonten ing jagad, lan ngagem kadagingan ananging gesang lan panggesangan kita kedah nedahaken minangka warganing swarga; mila sedaya ingkang katindakaken ngener ing Gusti lan nganti-anti dhumateng Gusti supados kados ingkang sinerat ing ayat 21 “kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane”
Awit saking punika sumangga kita sami tansah nedahaken gesang minangka warganing swarga ingkang sampun kacawisan gesang langgeng saha nampi sih kamirahanipun Gusti; sedaya ingkang kita lampahi nedahaken piandel kita dhateng Gusti Yesus minangka Juruwilujeng kita. |*IAS