+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 15 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I

Jabur 118:26-29; Jabur 27; Mateus 23:37-39

GUSTI INGKANG MUPU

Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula,

nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula

(Jabur 27:10)

              Wonten tiyang nalika taksih lare sampun dipun tilaraken dening tiyang sepuhipun, ingkang kesah tanpa pamit punapa dene ingkang tilar donya. Wonten ingkang sampun diwasa lajeng dipuntilar tiyang sepuh; kawontenan dipuntilar selaminipun punika tumrap ingkang ngalami njalari semplah lan kapeteg ing manah, ngraosaken kaprihatosan ingkang ageng. Manawi anggotaning brayat ingkang dipuntilar gesangipun sampun jejeg lan sampun madeg piyambak, temtu mboten patos awrat; ananging menawi ingkang dipuntilar taksih alit lan gumantung dhateng tiyang sepuhipun punika satunggaling kaprihatosan ingkang ageng.

              Menawi Sang Juru Mazmur ngandika: “Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula” punapa saestu saged dados panglipur lan kekiyatan dhateng tiyang-tiyang ingkang katilar dening bapa-biyungipun? Sang Juru Mazmur mesthinipun sampun ngraosaken katilar dening bapa biyungipun semanten ugi sampun ngraosaken pamupunipun Gusti ing sauruting gesangipun. Menawi nggambaraken pamupunipun Gusti Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang ngraosaken panandhang katilar dening bapa-biyungipun, kita kedah ngengeti panggulawenthahipun tiyang sepuh.

              Tiyang sepuh tansah nggulawenthah gesanging para lare, budidaya nyekapi kabetahanipun, kadangkala kedah kanthi ngetogaken kekiyatanipun supados sampun ngantos kaliwarakaken. Menawi kadosmekaten cakrikipun tiyang sepuh anggenipun nggulawenthah anggotaning brayatipun, semanten ugi Gusti Allah. Malah kepara langkung katimbang tiyang sepuh kita, awit Panjenenganipun ingkang sampun mangun kita, Panjenenganipun ugi ingkang pirsa ngantos ing salebeting batos kita setunggal lan setunggalipun. Nalika Panjenenganipun kersa mupu kita, mesthi panjenenganipun kagungan sewu satus cara supados kita tansah nampi kawilujengan. Yesaya 59:1 “Astane Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon, lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake”. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *