+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 16 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II

Purwaning Dumadi 15:1-12, 17-18; Jabur 27; Filipi 3:17-4:1; Lukas 13:31-35

utawi Lukas 9:28-36, (37-43a)

KAERAMAN

Wong kabeh padha kaeraman, marga saka nyumurupi

kwasaning Allah kang samono gedhene iku

(Lukas 9:43a)

              Sinten ingkang boten nggadahi pangeram-eram, nalika nyawang titahipun Gusti. Menawi kita onceki setunggal mbaka setunggal, mboten wonten ingkang mboten ngeram-eramaken, sedaya ngeramaken lan njalari kita kaeraman. Nalika nyawang redi, seganten, tethukulan, sato kewan ingkang rumangkang, mabur punapadene ingkang gumremet sedaya ngeramaken. Semanten ugi ing gesang padintenan, nalika kita taksih saged ambegan, taksih saged niti gesang ing padintenan dalah taksih saged nyepeng tanganipun semah kita sedaya punika ngeramaken. Punapa malih menawi panyuwunan kita ingkang ageng ing gesang kasembadan dening Gusti mesthi punika ngeram-eramaken.

              Punapa malih menawi nalika Gusti Yesus Kristus rawuh ing jagad, aben ajeng lan kita saged nyawang pakaryan mujizatipun, mesthi panampi kita mboten badhe benten kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami kaeraman ing ayat punika. Gusti Yesus paring pangluwaran dhateng lare ingkang dipunkawosi dening Setan dipunsarasaken malih saking panganiayanipun si iblis. Mboten namung punika, Gusti Yesus kuwaos nundhung lan ngawonaken panguwaosing iblis.

              Mrangguli kawontenan ingkang mekaten mila “Wong kabeh padha kaeraman, marga saka nyumurupi kwasaning Allah kang samono gedhene iku” punika panampi ingkang limrah awit tiyang-tiyang punika dereng nate mangertos lelampahan ingkang kados mekaten. Tiyang-tiyang punika nembe nyumurupi panguwaosing Gusti Allah ingkang semanten agengipun ing gesangipun.

              Tumrap kagunganipun Gusti, ningali elok lan agenging pangwaosipun Gusti panampi kita mesthi badhe sami kadosdene tiyang umumipun. Ananging sampun ngantos kandeg ing kaeraman, awit Gusti ngersakaken supados kita langkung pitados dhateng Gusti lan pakaryanipun, kadosdene ingkang kapangandikakaken ing ayat 41. Menawi nampi mukjizatipun Gusti, kita kedah langkung pitados, langkung penet, langkung rumaket dhateng Gusti Yesus temah gesang kita tansah kawengku ing kawilujengan. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *