Pangentasan 33:1-6; Jabur 105:1-42; Rum 4:1-12
RAHAYU
“Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang dosa-dosane
kaaling-alingan; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Allah”
(Rum 4:7-8)
Nalika manungsa dhumawah ing dosa, Gusti Allah paring paukuman. Lumantar tumindaking dosa manungsa ngrekaos anggenipun nglampahi gesang ngantos nampi pejang langgeng. Ananging awit sihipun Gusti Allah ugi, titah ingkang kinarya kanthi sampurna punika mboten kategakaken lan Panjenenganipun mulihaken kawontenanipun manungsa lan ngawonaken dosa. Lumantar Gusti Yesus Kristus manungsa kauwalaken saking pejah langgeng, pulih sesambetanipun kaliyan Gusti Allah lan kacawisaken gesang langgeng.
Pangandikanipun Gusti wanci punika mratelakaken bab kawontenan ingkang rahayu nalika manungsa kaapunten panerakipun lan dosanipun kaaling-alingan, rahayu ingkang kalepatanipun mboten kaetang malih dening Gusti Allah. Tembung rahayu punika nggadahi teges kawontenan ingkang kebak ing katentreman saha uwal saking kawontenan ingkang mrihatosaken. Menawi Rasul Paulus mratelakaken bab kawontenan gesang ingkang rahayu ateges gesang ingkang saestu karaosaken nengsemaken awit karana sih piwelas lan pangapunten saking Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus. Kawontenan punika ateges ugi mbereg dhateng pasamuwan supados mbudidaya kadospundhi gesang ingkang kawengku ing sih kanugrahanipun Gusti temah karahayon punika tansah kawarno ing gesang kita.
Sambet kaliyan ingkang sampun dipuntampi dening rama Abraham nalika panjenenganipun tinimbalan dening Gusti kesah saking tanah leluhuripun, sumadya nuhoni timbalanipun Gusti lan tansah manut miturut ing kersanipun Gusti temah nampi kanugrahan ingkang ageng ing gesangipun.
Awit saking punika tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti, sumangga kita ugi nedahaken patrap minangka tiyang ingkang sampun nampi pangapunten dening Gusti. Kita tedahaken karahayon ing salebeting nampi saha nglampahi gesang peparingipun Gusti, ugi anggen kita sami nglairaken ayahan peparingipun Gusti, kawiwitan saking diri pribadi, brayat punapadene gesang sesarengan ing satengahing masyarakat . |*IAS