Yesaya 55:1-9; Jabur 63:1-8; I Korinta 10:1-13; Lukas 13:1-9 SANES RANCANGAN KITA “Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah” (Yesaya 55:8) Saben manungsa nggadhahi rancangan menawi badhe nindahaken ayahan, nggadahi gegayuhan punapadene nglampahi gesang saben wekdal. Rancangan punika kabetahaken supados ingkang dados idam-idamaning gesang saged kagayuh kanthi prayogi. Ananging, kalamangsanipun senadyan sampun ngrancang kanthi ndakik-dakik, kasunyatanipun mboten kados ingkang karancang sekawit. Wonten ingkang geseh utawi malah babar pisan mboten saged ginayuh kanthi sae. Kenging punapa saged mekaten? Punika saged kelampahan awit kowantenanipun sampun ewah, utawi ugi sampun benten kaliyan rancangan sekawit, wonten ugi saking tiyang sanes ingkang mboten remen menawi kita saged nggayuh pepenginan kita. Langkung-langkung menawi ingkang kagungan gesang dereng marengaken, temtu boten badhe kelampahan ingkang sampun karancang. Kadosdene ingkang kapangandikaken ing Yesaya 55:8, “Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah”. Kanthi mekaten, ingkang perlu kita gatosaken inggih punika kadospundhi kita mbudidaya gesang miturut kersanipun Gusti. Kenging punapa mekaten? Awit gesang kita saha ingkang kita lampahi mboten namung awit kekiyatan lan kawasisaning kamanungsan kita. Ananging wonten ingkang langkung kuwaos ing gesanging kita inggih punika Gusti ingkang murbeng dumadi. Satemah nalikanipun kita nampi kasunyatan ingkang benten kados ingkang karancang, mboten njalari semplah, nglepataken asanes punapadene Gusti, ngundhamana lan kebak ing panggresula. Sedaya saged karaosaken kanthi manah ingkang andhap asor ing ngarsanipun Gusti, sedaya kepara malah kapasrahaken wonten ing ngarsanipun Gusti. Awit senajan rancanganipun Gusti benten kaliyan kita, ingkang pinesthi rancanganipun Gusti langkung adi lan mboten badhe dhatengaken bilai tumraping umat ingkang dipuntresnani. |*IAS
Setu, 22 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
Yesaya 5:1-7; Jabur 63:1-8; Lukas 6:43-45 METOKAKE WOH KANG BECIK “Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik” (Lukas 6:43) Sinten ingkang remen tetanem? Mesthi mangertos estu kadospundhi anggenipun tetanem punika ngantos saged ngedalaken woh ingkang sae. Wiwit bibit dipuncawisaken ingkang ingkang sae lan unggul, nalika sampun tuwuh dipun rimati, dirabug lan diobati menawi wonten hama, tansah dipungatosaken supados woh ingkang dipunasilaken mboten nguciwani. Kadosdene tetaneman ingkang dipun gatosaken, semanten ugi gesanging umat kagunganipun Gusti. Gusti Yesus mratelakaken: “Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake wong kang becik” ayat punika katujokaken dening para tiyang Yahudi ingkang gesangipun dereng kados kinersakaken dening Gusti. Pramila Gusti Yesus nandhesaken perkawis ingkang wigati, menawi umat kagunganipun punika pinangkanipun saking katresnan lan pakaryanipun Gusti Allah mesthinipun badhe ngedhalaken woh ingkang kados kinersakaken dening Gusti. Kasagedaken nglairaken katresnan lan pakaryanipun Gusti. Mila menawi kita gatosaken saking ayat 45, Gusti Yesus nglajengaken pangandikanipun: “Wong kang becik iku ngetokake prakara kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku ngetokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati” Kanthi mekaten ingkang perlu dados kawigatosan kita inggih punika sageda tansah ngrumaosi lan ngakeni sinten kita minangka umat kagunganipun Gusti. Kita sampun pinilih dening Panjenenganipun, sampun kasucekaken saking dosa lan kasengkeraken saking tumindak ala. Panjenenganipun tansah kersa midhangetaken pasambat kita lan milujengaken gesang kita saking panguwaosing pejah langgeng. Gusti ugi tansah paring rabuging nyawa kita lumantar pangandikanipun lan dados tameng nalikanipun kita kita tinempuh ing praharaning gesang. Ancasipun supados kita saged ngedalaken wohing pakaryanipun Gusti ingkang nengsemaken ing gesanging pribadi punapa dene dhateng sesami. |*IAS
Jemuwah, 21 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
Dhaniel 12:1-4; Jabur 63:1-8; Wahyu 3:1-6 NGUPADOSI GUSTI “Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya” (Jabur 63:2) Raja Dawud kacariyosaken manggen ing pasamunan Yehuda utawi pasamuwan Zif punika amargi nembe ndelik lan pados papan pangayoman awit prabu Saul mengsahi lan nguya-uya piyambakipun (1 Samuel 23:14a). Kados kacariyosaken, bilih wiwit Dawud dipunjebadi dening Samuel nggantos kalenggahan raja Israel, Raja Saul rumaos kasingkiraken. Raja Saul tansah pados cara supados saged nyingkiraken Dawud. Milanipun, Dawud kepeksa tansah kekesahan nyingkiri lan manggen ing papan-papan ingkang saged nylametaken dirinipun, dadosa ing pareden punapadene ing ara-ara samun. Kawontenan ingkang mekaten njalari manahipun Dawud, giris lan mboten tentrem, milanipun kados ingkang sinerat ing ayat 2 “Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.” Tetembunganipun Dawud punika mratelakaken kawontenanipun ingkang rekaos lan prihatos kagambaraken kadosdene siti ingkang garing lan gundhul saha kasatan toya. Piyambakipun mbetahaken toya ingkang saged nyegeraken badanipun, betahaken kekiyatan supados saged ngadhepi kawontenan punika kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Sedaya ingkang kabetahaken namung wonten ing Gusti Allah minangka sumbering gesang. Dawud ngupadosi Gusti Allah, awit namung Panjenenganipun ingkang saged paring lipur, kekiyatan lan pulihing gesangipun. Kita asring kadosdene Prabu Dawud, nglampahi gesang ing ara-ara samun. Gesang kita kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya, tebih ing kawontenan ingkang tentrem. Ananging lumantar pangandika punika kita kaengetaken, sepinten awrating panandhang kita, kita kedah tansah ngupadosi Gusti Allah. Panjenenganipun sumbering gesang kita, panjenenganipun toyaning gesang ingkang sejati. Kita sowan, ngupadosi Gusti lan pitados, namung Panjenenganipun ingang saged paring luwar lan lejaring manah kita. |*IAS
Kemis, 20 Maret Minggu Pra-Paskah II
Dhaniel 3:19-30; Jabur 63:1-8; Wahyu 2:8-11 NGLAIRAKEN PASEKSI “Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Pinujia Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego! Panjenengane wus ngutus malaekate lan ngluwari abdi-abdine, kang padha kumandel marang Panjenengane tuwin nerak pangandikaning ratu sarta masrahake badane, marga padha ora gelem memuja lan nyembah sadhengah allah kejaba Allahe” (Daniel 3:28) Saben wonten Pemilu, seksi punika mesthi kabetahaken. Nalika Pemilu 2024 kapengker, Bawaslu paring kriteria saksi. Seksi punika kedah nggadahi kaunggulan katimbang sanesipun ing bab tertemu (ahli), nggadahi pambudidaya nalika nindakaken tanggel jawab, nggadahi sikap ingkang sae lan lantip ing salebeting tetembungan. Ancasipun supados pemilu ingkang kelampahan saged lumampah kanthi sae, dene menawi wonten perkawis ingkang dipunadhepi, seksi punika ugi saged njlentrehaken bab ingkang nuwuhaken perkawis, lsp. Punika sambet kaliyan seksi ingkang wonten ing Pemilu, lajeng kadospundhi seksinipun Gusti ing jagad punika? Langkung wigati malih, awit minangka seksinipun Gusti kita kedah saestu neksini bab sinten Gusti kita Yesus Kristus lan kadospundhi pakaryan kawilujengan ingkang sampun kaparingaken dhateng kita estu kita raosaken. Sadrach, Mesach lan Abednego, peranganing tiyang Yahudi ingkang kabuwang ing Babel lan gesang saha pinitados ing pamrentahanipun raja Nebukadnezar, punika abdi-abdinipun Gusti ingkang mituhu Gusti Allah. Nalika kapitadosanipun kateter dening tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan tetiganipun. Sadrach, Mesach lan Abednego mboten ajrih babar pisan, tetiganipun tetep nyembah dhateng Gusti Allah. Nalikanipun dipunglandhang saha dipunlebetaken ing latu ingkang mulad-mulad, tetiganipun ugi mboten gigrig awit pitados dhateng Gusti. Gusti ingkang dipunsembah mesthi badhe mitulungi, Gusti ingkang dipunsembah badhe paring pangayoman lan ayeming manah. Awit kandhel lan kukuhing iman tetiganipun punika ngantos Raja Nebukadnesar mbengok lan memuji Allah Israel ingkang dados sesembahanipun tiyang Yahudi sedayanipun. Lumantar lelampahan Sadrach, Mesach lan Abednego, kita ugi kabereg nglairaken paseksi iman ingkang kados mekaten. Kanthi iman ingkang kukuh, pitados estu dhateng panguwaosipun Gusti, tiyang-tiyang ingkang dereng tepang kaliyan Gusti badhe ngraosaken pakaryanipun. |*IAS
Rebo, 19 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
II Babad 20:1-22; Jabur 105:1-42; Lukas 13:22-31 PADHA NGUDIYA “Paring wangsulane Yesus marang wong-wong kang ana ing kono, “Pada ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa” (Lukas 13:24) Ing satunggaling dinten, wonten warga gereja ingkang miterang peparingipun Gusti bab gesang langgeng. “Pak Pendeta, kita punika lak sampun katebus dening Gusti, kepara malah sampun dipuncawisi papan langgeng ing suwarga, ateges kita mboten perlu malih ngrekaos nglampahi gesang punapa malih ndherek lelados. Leres ngaten nggih pak? Nalika semanten pak Pendeta kaget awit pitakenanipun warga punika, ananging lajeng tuwuh pangudaraos ing pangangen-angenipun, “Aja-aja kabeh wong Kristen duweni pangangen-angen kang padha karo ibu iku” Boten wonten ingkang menggak lan mboten lepat nggadahi pamanggih ingkang mekaten. Ananging pangandikanipun Gusti mboten namung mandheg nalika Gusti Yesus sampun ngawonaken panguwaosing dosa lajeng glondhongan kita mangkenipun nampi gesang langgeng. Pancen Gusti Yesus paring papan langgeng ing kratoning Allah, kados ingkang nate kapangandikaken ing Injil Yokanan 14:2 “Ing daleme Ramaku akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan kanggo kowe” Ananging Panjenenganipun ugi ngersakaken supados kita saged ngudi gesang langgeng punika ing salebeting bekti kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Selaminipun taksih gesang ing jagad, kita taksih kaparingan wekdal kangge nindakaken gesang manut kersanipun Gusti Allah. Senajan ayat punika kapangandikaken sakderengipun Gusti nindakaken pakaryan tetebusanipun, ananging pangandika punika ngengetaken dhateng kita bilih kita kedah mbudidaya supados gesang kita tansah ngener ing margi ingkang sampun katedahaken dening Gusti ing padintenanipun. Kadosdene kagambaraken dening Gusti Yesus bilih: lawanging suwarga punika ciyut! Mila Panjenenganipun dhawuh: Pada ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Tembung ngudi punika dados pambereg kita sedaya supados kita tansah mbudidaya nglampahi timbalanipun Gusti ing gesang. |*IAS
Slasa, 18 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
Wilangan 14:10b-24; Jabur 105:1-42; I Korinta 10:1-13 DALANING PANGLUWARAN “…Manawa kowe kena ing pacoban, Panjenengane bakal maringi dalaning pangluwaran, satemah kowe padha bisa tahan” (1 Korinta 10:13b) Sedaya tiyang ingkang taksih gesang ing jagad punika mesthi nate ngadhepi pacobening gesang. Wonten ingkang karaos awrat nanging ugi wonten ingkang karaos entheng. Namung kemawon mboten sedaya tiyang saged mapanaken pacobening gesang punika minangka kersanipun Gusti ingkang endah. KPJ 428 BINGAHA, SISAHA, GUSTI KULA PUJI, punika ingkang ngrepta satunggaling tiyang ingkang nami Horatio Gates Spafford ing taun 1828. Horatio nyambutdamel minangka pengacara ing Chicago lan saha dados pengembang real estate. Gesangipun kasil lan mapan malah tata karohanenipun ugi sae. Tansah mbangun turut dhateng Gusti ing gesang pribadi saha sedaya brayatipun. Sawijining dinten, Horatio Namun, Wiwit taun 1870, anakipun jaler ingkang nembe umur 4 taun sakit ngantos pejah. Taun 1871, real estat ingkang kabangun ludes awit kobong. Dereng mandeg anggenipun nata manah lan gesangipun. Ing taun 1873, kapal ingkang dipuntumpangi semah lan anakipun 4 putri ngalami musibah, 4 anakipun pejah katut kapal ingkang kerem, begjanipun semahipun wilujeng. Lumantar kacilakan punika, Horatio ingkang prihatos ananging tansah pasrah dhumateng Gusti kakiyataken dening Gusti. Piyambakipun tahan lan saged nampi lelampahan punika awit pitados Gusti paring margi pangluwaran. Ing tengahing samudra, nalika Horatio nyusul semahipun, kanthi prihatos; manahipun katuntun dening Gusti temah saged nyerat pepujen ingkang sakpunika taksih kita kidungaken. Pasamuwan ing Korinta mboten uwal saking panandhang lan ngadhepi pacobening gesang. Ananging Rasul Paulus paring pangatag supados pitados dhateng Gusti, awit “….Panjenengane bakal maringi dalaning pangluwaran..” Pangluwaran saking Gusti punika prasetyan ingkang nyata, Panjenenganipun ingkang kebak ing welas asih mboten badhe negakaken sinten kemawon ingkang ngendelaken Gusti. Panjenenganipun pirsa, sepinten kekiyatan kita nalika pacoben punika nempuh ing gesang. Milanipun sumangga kita tansah ngendelaken Gusti ing lampahing gesang, satemah kita badhe tansah nampi margi pangluwaran saking Gusti Allah. |*IAS
Senen, 17 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
Pangentasan 33:1-6; Jabur 105:1-42; Rum 4:1-12 RAHAYU “Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang dosa-dosane kaaling-alingan; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Allah” (Rum 4:7-8) Nalika manungsa dhumawah ing dosa, Gusti Allah paring paukuman. Lumantar tumindaking dosa manungsa ngrekaos anggenipun nglampahi gesang ngantos nampi pejang langgeng. Ananging awit sihipun Gusti Allah ugi, titah ingkang kinarya kanthi sampurna punika mboten kategakaken lan Panjenenganipun mulihaken kawontenanipun manungsa lan ngawonaken dosa. Lumantar Gusti Yesus Kristus manungsa kauwalaken saking pejah langgeng, pulih sesambetanipun kaliyan Gusti Allah lan kacawisaken gesang langgeng. Pangandikanipun Gusti wanci punika mratelakaken bab kawontenan ingkang rahayu nalika manungsa kaapunten panerakipun lan dosanipun kaaling-alingan, rahayu ingkang kalepatanipun mboten kaetang malih dening Gusti Allah. Tembung rahayu punika nggadahi teges kawontenan ingkang kebak ing katentreman saha uwal saking kawontenan ingkang mrihatosaken. Menawi Rasul Paulus mratelakaken bab kawontenan gesang ingkang rahayu ateges gesang ingkang saestu karaosaken nengsemaken awit karana sih piwelas lan pangapunten saking Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus. Kawontenan punika ateges ugi mbereg dhateng pasamuwan supados mbudidaya kadospundhi gesang ingkang kawengku ing sih kanugrahanipun Gusti temah karahayon punika tansah kawarno ing gesang kita. Sambet kaliyan ingkang sampun dipuntampi dening rama Abraham nalika panjenenganipun tinimbalan dening Gusti kesah saking tanah leluhuripun, sumadya nuhoni timbalanipun Gusti lan tansah manut miturut ing kersanipun Gusti temah nampi kanugrahan ingkang ageng ing gesangipun. Awit saking punika tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti, sumangga kita ugi nedahaken patrap minangka tiyang ingkang sampun nampi pangapunten dening Gusti. Kita tedahaken karahayon ing salebeting nampi saha nglampahi gesang peparingipun Gusti, ugi anggen kita sami nglairaken ayahan peparingipun Gusti, kawiwitan saking diri pribadi, brayat punapadene gesang sesarengan ing satengahing masyarakat . |*IAS
Ahad, 16 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II
Purwaning Dumadi 15:1-12, 17-18; Jabur 27; Filipi 3:17-4:1; Lukas 13:31-35 utawi Lukas 9:28-36, (37-43a) KAERAMAN “Wong kabeh padha kaeraman, marga saka nyumurupi kwasaning Allah kang samono gedhene iku” (Lukas 9:43a) Sinten ingkang boten nggadahi pangeram-eram, nalika nyawang titahipun Gusti. Menawi kita onceki setunggal mbaka setunggal, mboten wonten ingkang mboten ngeram-eramaken, sedaya ngeramaken lan njalari kita kaeraman. Nalika nyawang redi, seganten, tethukulan, sato kewan ingkang rumangkang, mabur punapadene ingkang gumremet sedaya ngeramaken. Semanten ugi ing gesang padintenan, nalika kita taksih saged ambegan, taksih saged niti gesang ing padintenan dalah taksih saged nyepeng tanganipun semah kita sedaya punika ngeramaken. Punapa malih menawi panyuwunan kita ingkang ageng ing gesang kasembadan dening Gusti mesthi punika ngeram-eramaken. Punapa malih menawi nalika Gusti Yesus Kristus rawuh ing jagad, aben ajeng lan kita saged nyawang pakaryan mujizatipun, mesthi panampi kita mboten badhe benten kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami kaeraman ing ayat punika. Gusti Yesus paring pangluwaran dhateng lare ingkang dipunkawosi dening Setan dipunsarasaken malih saking panganiayanipun si iblis. Mboten namung punika, Gusti Yesus kuwaos nundhung lan ngawonaken panguwaosing iblis. Mrangguli kawontenan ingkang mekaten mila “Wong kabeh padha kaeraman, marga saka nyumurupi kwasaning Allah kang samono gedhene iku” punika panampi ingkang limrah awit tiyang-tiyang punika dereng nate mangertos lelampahan ingkang kados mekaten. Tiyang-tiyang punika nembe nyumurupi panguwaosing Gusti Allah ingkang semanten agengipun ing gesangipun. Tumrap kagunganipun Gusti, ningali elok lan agenging pangwaosipun Gusti panampi kita mesthi badhe sami kadosdene tiyang umumipun. Ananging sampun ngantos kandeg ing kaeraman, awit Gusti ngersakaken supados kita langkung pitados dhateng Gusti lan pakaryanipun, kadosdene ingkang kapangandikakaken ing ayat 41. Menawi nampi mukjizatipun Gusti, kita kedah langkung pitados, langkung penet, langkung rumaket dhateng Gusti Yesus temah gesang kita tansah kawengku ing kawilujengan. |*IAS
Setu, 15 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
Jabur 118:26-29; Jabur 27; Mateus 23:37-39 GUSTI INGKANG MUPU “Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula” (Jabur 27:10) Wonten tiyang nalika taksih lare sampun dipun tilaraken dening tiyang sepuhipun, ingkang kesah tanpa pamit punapa dene ingkang tilar donya. Wonten ingkang sampun diwasa lajeng dipuntilar tiyang sepuh; kawontenan dipuntilar selaminipun punika tumrap ingkang ngalami njalari semplah lan kapeteg ing manah, ngraosaken kaprihatosan ingkang ageng. Manawi anggotaning brayat ingkang dipuntilar gesangipun sampun jejeg lan sampun madeg piyambak, temtu mboten patos awrat; ananging menawi ingkang dipuntilar taksih alit lan gumantung dhateng tiyang sepuhipun punika satunggaling kaprihatosan ingkang ageng. Menawi Sang Juru Mazmur ngandika: “Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula” punapa saestu saged dados panglipur lan kekiyatan dhateng tiyang-tiyang ingkang katilar dening bapa-biyungipun? Sang Juru Mazmur mesthinipun sampun ngraosaken katilar dening bapa biyungipun semanten ugi sampun ngraosaken pamupunipun Gusti ing sauruting gesangipun. Menawi nggambaraken pamupunipun Gusti Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang ngraosaken panandhang katilar dening bapa-biyungipun, kita kedah ngengeti panggulawenthahipun tiyang sepuh. Tiyang sepuh tansah nggulawenthah gesanging para lare, budidaya nyekapi kabetahanipun, kadangkala kedah kanthi ngetogaken kekiyatanipun supados sampun ngantos kaliwarakaken. Menawi kadosmekaten cakrikipun tiyang sepuh anggenipun nggulawenthah anggotaning brayatipun, semanten ugi Gusti Allah. Malah kepara langkung katimbang tiyang sepuh kita, awit Panjenenganipun ingkang sampun mangun kita, Panjenenganipun ugi ingkang pirsa ngantos ing salebeting batos kita setunggal lan setunggalipun. Nalika Panjenenganipun kersa mupu kita, mesthi panjenenganipun kagungan sewu satus cara supados kita tansah nampi kawilujengan. Yesaya 59:1 “Astane Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon, lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake”. |*IAS
Jemuwah, 14 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah I
Purwaning Dumadi 14:17-24; Jabur 27; Filipi 3:17-20 WARGANING SWARGA “Sabab kita iki wargane swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng” (Filipi 3:20) Ing jaman pamrentahanipun Bapak Presiden Joko Widodo, kita minangka warga negari Indonesia lajeng nggadahi KTP seumur hidup. Temtu punika mbingahaken awit kita sampun mboten malih wira-wiri dhateng kantor kelurahan utawi kecamatan nggantos KTP, semanten ugi sampun mboten ngedalaken arta malih. Punapa malih tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti, sambet kaliyan status minangka warganing swarga. Dados warganing swarga langkung bingahaken malih, awit mboten perlu pados KTP, mboten perlu ngangge arta, kepara kita dipunpadosi lan kapilih dening Gusti Allah. Dados warganing swarga punika peparingipun Gusti lan kaparingaken awit sih welas lan kamirahanipun dhumateng manungsa ingkang dhumawah ing dosa. Panjenenganipun ngersakaken supados kita mboten nampi pejah langgeng ananging nampi gesang langgeng ingkang sampun kebabar lumantar pangurbananipun Gusti Yesus Kristus. Pramila menawi Rasul Paulus paring pangandika: “Sabab kita iki wargane swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng.” Lumantar pangandika punika kita sami kaengetaken bilih kita nggadahi status warga swarga ingkang gesang ing kasampurnan jati. Senajan taksih wonten ing jagad, lan ngagem kadagingan ananging gesang lan panggesangan kita kedah nedahaken minangka warganing swarga; mila sedaya ingkang katindakaken ngener ing Gusti lan nganti-anti dhumateng Gusti supados kados ingkang sinerat ing ayat 21 “kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane” Awit saking punika sumangga kita sami tansah nedahaken gesang minangka warganing swarga ingkang sampun kacawisan gesang langgeng saha nampi sih kamirahanipun Gusti; sedaya ingkang kita lampahi nedahaken piandel kita dhateng Gusti Yesus minangka Juruwilujeng kita. |*IAS
