+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 22 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II

Yesaya 5:1-7; Jabur 63:1-8; Lukas 6:43-45

METOKAKE WOH KANG BECIK

Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala,

lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik

(Lukas 6:43)

              Sinten ingkang remen tetanem? Mesthi mangertos estu kadospundhi anggenipun tetanem punika ngantos saged ngedalaken woh ingkang sae. Wiwit bibit dipuncawisaken ingkang ingkang sae lan unggul, nalika sampun tuwuh dipun rimati, dirabug lan diobati menawi wonten hama, tansah dipungatosaken supados woh ingkang dipunasilaken mboten nguciwani.

              Kadosdene tetaneman ingkang dipun gatosaken, semanten ugi gesanging umat kagunganipun Gusti. Gusti Yesus mratelakaken: “Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake wong kang becik” ayat punika katujokaken dening para tiyang Yahudi ingkang gesangipun dereng kados kinersakaken dening Gusti. Pramila Gusti Yesus nandhesaken perkawis ingkang wigati, menawi umat kagunganipun punika pinangkanipun saking katresnan lan pakaryanipun Gusti Allah mesthinipun badhe ngedhalaken woh ingkang kados kinersakaken dening Gusti. Kasagedaken nglairaken katresnan lan pakaryanipun Gusti. Mila menawi kita gatosaken saking ayat 45, Gusti Yesus nglajengaken pangandikanipun: “Wong kang becik iku ngetokake prakara kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku ngetokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati”

              Kanthi mekaten ingkang perlu dados kawigatosan kita inggih punika sageda tansah ngrumaosi lan ngakeni sinten kita minangka umat kagunganipun Gusti. Kita sampun pinilih dening Panjenenganipun, sampun kasucekaken saking dosa lan kasengkeraken saking tumindak ala. Panjenenganipun tansah kersa midhangetaken pasambat kita lan milujengaken gesang kita saking panguwaosing pejah langgeng. Gusti ugi tansah paring rabuging nyawa kita lumantar pangandikanipun lan dados tameng nalikanipun kita kita tinempuh ing praharaning gesang. Ancasipun supados kita saged ngedalaken wohing pakaryanipun Gusti ingkang nengsemaken ing gesanging pribadi punapa dene dhateng sesami. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *