Yesaya 55:1-9; Jabur 63:1-8; I Korinta 10:1-13; Lukas 13:1-9
SANES RANCANGAN KITA
“Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku
dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah”
(Yesaya 55:8)
Saben manungsa nggadhahi rancangan menawi badhe nindahaken ayahan, nggadahi gegayuhan punapadene nglampahi gesang saben wekdal. Rancangan punika kabetahaken supados ingkang dados idam-idamaning gesang saged kagayuh kanthi prayogi. Ananging, kalamangsanipun senadyan sampun ngrancang kanthi ndakik-dakik, kasunyatanipun mboten kados ingkang karancang sekawit. Wonten ingkang geseh utawi malah babar pisan mboten saged ginayuh kanthi sae. Kenging punapa saged mekaten?
Punika saged kelampahan awit kowantenanipun sampun ewah, utawi ugi sampun benten kaliyan rancangan sekawit, wonten ugi saking tiyang sanes ingkang mboten remen menawi kita saged nggayuh pepenginan kita. Langkung-langkung menawi ingkang kagungan gesang dereng marengaken, temtu boten badhe kelampahan ingkang sampun karancang. Kadosdene ingkang kapangandikaken ing Yesaya 55:8, “Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah”.
Kanthi mekaten, ingkang perlu kita gatosaken inggih punika kadospundhi kita mbudidaya gesang miturut kersanipun Gusti. Kenging punapa mekaten? Awit gesang kita saha ingkang kita lampahi mboten namung awit kekiyatan lan kawasisaning kamanungsan kita. Ananging wonten ingkang langkung kuwaos ing gesanging kita inggih punika Gusti ingkang murbeng dumadi.
Satemah nalikanipun kita nampi kasunyatan ingkang benten kados ingkang karancang, mboten njalari semplah, nglepataken asanes punapadene Gusti, ngundhamana lan kebak ing panggresula. Sedaya saged karaosaken kanthi manah ingkang andhap asor ing ngarsanipun Gusti, sedaya kepara malah kapasrahaken wonten ing ngarsanipun Gusti. Awit senajan rancanganipun Gusti benten kaliyan kita, ingkang pinesthi rancanganipun Gusti langkung adi lan mboten badhe dhatengaken bilai tumraping umat ingkang dipuntresnani. |*IAS