+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 24 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III

Yeremia 11:1-17; Jabur 39; Rum 2:1-11

AJA NJEKSANI LIYAN

Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe

ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong,

ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga” (Rum 2:1)

              Saben dinten kita mrangguli, wonten tiyang ingkang njeksani sesaminipun. Kados nalika kita mireng tembung-tembung punika: “ bocah kok bodho, kowe iso apa, wong iku ora bakal malih kelakuane dadi apik, barang iki rusak mesthi gara-gara kowe, lsp. Mbokbilih mboten namung tiyang sanes ingkang asring njeksani sesaminipun, kita ugi nglampahi tumindak ingkang mekaten.

              Kenging punapa tiyang punika gampil njeksani tiyang sanes? Awit rumaos bisa, rumaos langkung katimbang sanesipun, nggadahi sikap ingkang remen ngremehaken, kumalungkung, lsp. Sikap lan tumindak ingkang mekaten punika ingkang lajeng njalari tiyang nggadahi sikap njeksani sesaminipun. Rasul Paulus mrihatosaken sikap lan lampahing gesang pasamuwanipun Gusti ing kitha Rum, awit taksih kathah ing antawisipun pasamuwan ingkang remen njeksani sanesipun. Pramila pangandikanipun Gusti lumantar Rasul Paulus kanthi cetha ngengetaken saben tiyang ingkang gampil njeksani tiyang sanes. Tiyang ingkang njeksani lepat dhateng tiyang sanes, piyampakipun dereng kantenan leres ing tumindakipun. Nalika tiyang punika matrapi tiyang sanes ala mbokbilih patrapipun ugi sami. Saben tiyang punika mboten wonten ingkang murni lan kalis saking tumindaking dosa dadosa dhateng Gusti Allah punapa dene dhateng sesaminipun.

              Milanipun nalika manungsa gesang ing satengahing manungsa sanes, kedah saged nedahaken gesang ingkang mbangun sesambetan ingkang langkung sae malih dhateng sesaminipun. Sampun ngantos njalari tiyang sanes ngraosaken prihatos lan sangsara amargi tumindak kita dhateng sesami.

              Perkawis punika perlu dados kawigatosan kita ugi ing gesanging pasamuwanipun Gusti. Supados setunggal lan setunggalipun sami budidaya mbangun gesang sesarengan kanthi sae, sampun nuwuhaken sesengitan lan pasulayan dhateng sesaminipun. Gusti Yesus nate paring pangandika: “Aja padha ngadili, supaya kowe iya ora bakal padha diadili. Lan aja padha ngluputake, supaya kowe iya ora padha diluputake. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura” (Lukas 6:37). |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *