+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 21 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II

Dhaniel 12:1-4; Jabur 63:1-8; Wahyu 3:1-6

NGUPADOSI GUSTI

Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka,

nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya

(Jabur 63:2)

              Raja Dawud kacariyosaken manggen ing pasamunan Yehuda utawi pasamuwan Zif punika amargi nembe ndelik lan pados papan pangayoman awit prabu Saul mengsahi lan nguya-uya piyambakipun (1 Samuel 23:14a). Kados kacariyosaken, bilih wiwit Dawud dipunjebadi dening Samuel nggantos  kalenggahan raja Israel, Raja Saul rumaos kasingkiraken. Raja Saul tansah pados cara supados saged nyingkiraken Dawud. Milanipun, Dawud kepeksa tansah kekesahan nyingkiri lan manggen ing papan-papan ingkang saged nylametaken dirinipun, dadosa ing pareden punapadene ing ara-ara samun.

              Kawontenan ingkang mekaten njalari manahipun Dawud, giris lan mboten tentrem, milanipun kados ingkang sinerat ing ayat 2 “Dhuh Allah, Paduka punika Allah kawula, kawula ngupadosi Paduka, nyawa kawula ngorong dhumateng Paduka; daging kawula kangen dhumateng Paduka; kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya.” Tetembunganipun Dawud punika mratelakaken kawontenanipun ingkang rekaos lan prihatos kagambaraken kadosdene siti ingkang garing lan gundhul saha kasatan toya. Piyambakipun mbetahaken toya ingkang saged nyegeraken badanipun, betahaken kekiyatan supados saged ngadhepi kawontenan punika kanthi kebak ing pangajeng-ajeng. Sedaya ingkang kabetahaken namung wonten ing Gusti Allah minangka sumbering gesang. Dawud ngupadosi Gusti Allah, awit namung Panjenenganipun ingkang saged paring lipur, kekiyatan lan pulihing gesangipun.

              Kita asring kadosdene Prabu Dawud, nglampahi gesang ing ara-ara samun. Gesang kita kados siti ingkang garing lan gundhul, kasatan toya, tebih ing kawontenan ingkang tentrem. Ananging lumantar pangandika punika kita kaengetaken, sepinten awrating panandhang kita, kita kedah tansah ngupadosi Gusti Allah. Panjenenganipun sumbering gesang kita, panjenenganipun toyaning gesang ingkang sejati. Kita sowan, ngupadosi Gusti lan pitados, namung Panjenenganipun ingang saged paring luwar lan lejaring manah kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *