Dhaniel 3:19-30; Jabur 63:1-8; Wahyu 2:8-11
NGLAIRAKEN PASEKSI
“Sang Prabu Nebukadnezar ngandika: “Pinujia Allahe Sadrakh, Mesakh
lan Abednego! Panjenengane wus ngutus malaekate lan ngluwari abdi-abdine, kang padha kumandel marang Panjenengane tuwin nerak pangandikaning ratu sarta masrahake badane, marga padha ora gelem memuja lan nyembah sadhengah allah kejaba Allahe” (Daniel 3:28)
Saben wonten Pemilu, seksi punika mesthi kabetahaken. Nalika Pemilu 2024 kapengker, Bawaslu paring kriteria saksi. Seksi punika kedah nggadahi kaunggulan katimbang sanesipun ing bab tertemu (ahli), nggadahi pambudidaya nalika nindakaken tanggel jawab, nggadahi sikap ingkang sae lan lantip ing salebeting tetembungan. Ancasipun supados pemilu ingkang kelampahan saged lumampah kanthi sae, dene menawi wonten perkawis ingkang dipunadhepi, seksi punika ugi saged njlentrehaken bab ingkang nuwuhaken perkawis, lsp.
Punika sambet kaliyan seksi ingkang wonten ing Pemilu, lajeng kadospundhi seksinipun Gusti ing jagad punika? Langkung wigati malih, awit minangka seksinipun Gusti kita kedah saestu neksini bab sinten Gusti kita Yesus Kristus lan kadospundhi pakaryan kawilujengan ingkang sampun kaparingaken dhateng kita estu kita raosaken. Sadrach, Mesach lan Abednego, peranganing tiyang Yahudi ingkang kabuwang ing Babel lan gesang saha pinitados ing pamrentahanipun raja Nebukadnezar, punika abdi-abdinipun Gusti ingkang mituhu Gusti Allah. Nalika kapitadosanipun kateter dening tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan tetiganipun. Sadrach, Mesach lan Abednego mboten ajrih babar pisan, tetiganipun tetep nyembah dhateng Gusti Allah. Nalikanipun dipunglandhang saha dipunlebetaken ing latu ingkang mulad-mulad, tetiganipun ugi mboten gigrig awit pitados dhateng Gusti. Gusti ingkang dipunsembah mesthi badhe mitulungi, Gusti ingkang dipunsembah badhe paring pangayoman lan ayeming manah. Awit kandhel lan kukuhing iman tetiganipun punika ngantos Raja Nebukadnesar mbengok lan memuji Allah Israel ingkang dados sesembahanipun tiyang Yahudi sedayanipun.
Lumantar lelampahan Sadrach, Mesach lan Abednego, kita ugi kabereg nglairaken paseksi iman ingkang kados mekaten. Kanthi iman ingkang kukuh, pitados estu dhateng panguwaosipun Gusti, tiyang-tiyang ingkang dereng tepang kaliyan Gusti badhe ngraosaken pakaryanipun. |*IAS