Wilangan 14:10b-24; Jabur 105:1-42; I Korinta 10:1-13
DALANING PANGLUWARAN
“…Manawa kowe kena ing pacoban, Panjenengane bakal maringi
dalaning pangluwaran, satemah kowe padha bisa tahan”
(1 Korinta 10:13b)
Sedaya tiyang ingkang taksih gesang ing jagad punika mesthi nate ngadhepi pacobening gesang. Wonten ingkang karaos awrat nanging ugi wonten ingkang karaos entheng. Namung kemawon mboten sedaya tiyang saged mapanaken pacobening gesang punika minangka kersanipun Gusti ingkang endah. KPJ 428 BINGAHA, SISAHA, GUSTI KULA PUJI, punika ingkang ngrepta satunggaling tiyang ingkang nami Horatio Gates Spafford ing taun 1828.
Horatio nyambutdamel minangka pengacara ing Chicago lan saha dados pengembang real estate. Gesangipun kasil lan mapan malah tata karohanenipun ugi sae. Tansah mbangun turut dhateng Gusti ing gesang pribadi saha sedaya brayatipun. Sawijining dinten, Horatio
Namun, Wiwit taun 1870, anakipun jaler ingkang nembe umur 4 taun sakit ngantos pejah. Taun 1871, real estat ingkang kabangun ludes awit kobong. Dereng mandeg anggenipun nata manah lan gesangipun. Ing taun 1873, kapal ingkang dipuntumpangi semah lan anakipun 4 putri ngalami musibah, 4 anakipun pejah katut kapal ingkang kerem, begjanipun semahipun wilujeng. Lumantar kacilakan punika, Horatio ingkang prihatos ananging tansah pasrah dhumateng Gusti kakiyataken dening Gusti. Piyambakipun tahan lan saged nampi lelampahan punika awit pitados Gusti paring margi pangluwaran. Ing tengahing samudra, nalika Horatio nyusul semahipun, kanthi prihatos; manahipun katuntun dening Gusti temah saged nyerat pepujen ingkang sakpunika taksih kita kidungaken.
Pasamuwan ing Korinta mboten uwal saking panandhang lan ngadhepi pacobening gesang. Ananging Rasul Paulus paring pangatag supados pitados dhateng Gusti, awit “….Panjenengane bakal maringi dalaning pangluwaran..” Pangluwaran saking Gusti punika prasetyan ingkang nyata, Panjenenganipun ingkang kebak ing welas asih mboten badhe negakaken sinten kemawon ingkang ngendelaken Gusti. Panjenenganipun pirsa, sepinten kekiyatan kita nalika pacoben punika nempuh ing gesang. Milanipun sumangga kita tansah ngendelaken Gusti ing lampahing gesang, satemah kita badhe tansah nampi margi pangluwaran saking Gusti Allah. |*IAS