+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

   Rebo, 19 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah II

II Babad 20:1-22; Jabur 105:1-42; Lukas 13:22-31

PADHA NGUDIYA

Paring wangsulane Yesus marang wong-wong kang ana ing kono,

 “Pada ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa

(Lukas 13:24)

              Ing satunggaling dinten, wonten warga gereja ingkang miterang peparingipun Gusti bab gesang langgeng. “Pak Pendeta, kita punika lak sampun katebus dening Gusti, kepara malah sampun dipuncawisi papan langgeng ing suwarga, ateges kita mboten perlu malih ngrekaos nglampahi gesang punapa malih ndherek lelados. Leres ngaten nggih pak? Nalika semanten pak Pendeta kaget awit pitakenanipun warga punika, ananging lajeng tuwuh pangudaraos ing pangangen-angenipun, “Aja-aja kabeh wong Kristen duweni pangangen-angen kang padha karo ibu iku”

              Boten wonten ingkang menggak lan mboten lepat nggadahi pamanggih ingkang mekaten. Ananging pangandikanipun Gusti mboten namung mandheg nalika Gusti Yesus sampun ngawonaken panguwaosing dosa lajeng glondhongan kita mangkenipun nampi gesang langgeng. Pancen Gusti Yesus paring papan langgeng ing kratoning Allah, kados ingkang nate kapangandikaken ing Injil Yokanan 14:2 “Ing daleme Ramaku akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan kanggo kowe”

              Ananging Panjenenganipun ugi ngersakaken supados kita saged ngudi gesang langgeng punika ing salebeting bekti kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Selaminipun taksih gesang ing jagad, kita taksih kaparingan wekdal kangge nindakaken gesang manut kersanipun Gusti Allah. Senajan ayat punika kapangandikaken sakderengipun Gusti nindakaken pakaryan tetebusanipun, ananging pangandika punika ngengetaken dhateng kita bilih kita kedah mbudidaya supados gesang kita tansah ngener ing margi ingkang sampun katedahaken dening Gusti ing padintenanipun.

              Kadosdene kagambaraken dening Gusti Yesus bilih: lawanging suwarga punika ciyut! Mila Panjenenganipun dhawuh: Pada ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Tembung ngudi punika dados pambereg kita sedaya supados kita tansah mbudidaya nglampahi timbalanipun Gusti ing gesang. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *