II Para Raja 4:1-7; Jabur 53; Lukas 9:10-17 TETEP SETYA SINAOSA REKAOS “Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan pirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.” (II Para Raja 4:1) Kawontenan rekaos saged tumama dhumateng sedaya tiyang. Nalika kawontenan rekaos menika tumama dhumateng kita, kita nggadhahi pilihan tetep setya dhumateng Gusti utawi nebih saking Gusti. Gusti Allah mboten nate prasetya menawi langit tansah biru kemawon, ananging tiyang ingkang rahayu inggih menika tiyang ingkang tetep setya tuhu lan ajrih asih dhumateng Gusti sinaosa wonten ing kawontenan rekaos. Salah satunggaling randha saking golongan para nabi sowan lan sambat dhateng Nabi Elisa. Gesangipun sasampunipun katilar dening garwanipun punika rekaos. Tiyang ingkang nagih sambutan dugi lan badhe mendhet anak-anakipun kangge nglunasi sedaya sambutanipun. Pramila piyambakipun sowan dhateng Nabi saperlu nyuwun pitulungan. Nabi Elisa mboten langsung mitulungi, ananging nyuwun supados nindakaken tigang perkawis, inggih menika sepisan ngempalaken wadhah kothong saking para tangginipun sekathah-kathahipun. Kaping kalih, nutup lawang, kancingan lan ngesok lisah dhateng wadhah-wadhah wau, ngantos lisah mandheg kaesok amargi wadhah sampun telas. Katiga, Nabi Elisa nyuwun dhateng randha wau supados nyade wadhah ingkang kebak lisah wau satemah artanipun kangge mbayar sambutan lan kangge ragat gesangipun kaliyan anak-anakipun. Randha wau mboten namung ngandelaken Nabi Elisa, ananging ugi ndherek patuladhan semahipun pitados, ajrih asih lan tetep setya dhumateng Gusti. Satemah kanthi sikep menika Gusti nedahaken pakaryan ingkang elok ngluwari gesangipun saking kawontenan rekaos. Mekaten ugi tumrap kita umatipun ing jaman samangke, sumangga kita tetep pitados, ajrih asih lan tetep setya dhumateng Gusti sinaosa kita nandhang kaprihatosan ing gesang. Kuncinipun, boten gumantung agenging perkawis ananging gumantung respon kita. |*SAR
Slasa, 1 April 2025 Minggu Pra-Paskah IV
Kaimaman 25:1-19; Jabur 53; Wahyu 19:9-10 NJAGI ALAM “Nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah” (Kaimaman 25:4) Salah satunggaling tema ingkang dipun andharaken kangge katekisasi ing GKJ inggih menika bab tanggel jawab tiyang Kristen tumrap lingkungan. Manungsa manggen ing alam donya: toya, dhaharan lan kabetahan sanesipun kapendhet saking alam. Manungsa nampi kathah berkah lumantar alam. Ananging kathah manungsa ingkang mboten perduli dhateng alam sakitaripun. Alam dipun eksploitasi kanthi brutal, mboten trep, satemah ndadosaken kepincangan ekosistem. Ekosistem ingkang mboten seimbang punika njalari tuwuhipun bencana alam. Sakderengipun kampanye “Go green” dipun suwantenaken dening para aktivis lingkungan, ewonan tahun kepengker Gusti sampun netepaken pepaken dhateng umat Israel kangge njagi lestantuning alam inggih punika kanthi netepaken sabat kangge mulihaken alam. Sabat inggih punika mangsa lerem mboten namung kangge manungsa, ananging ugi kangge siti utawi alam. Sasampunipun enem taun dipun olah, ing taun kapitu siti kedah kaparingan wekdal kangge ngalami sabat utawi lerem. Siti mboten angsal dipun tanemi menapa kemawon. Siti perlu dipun paringi kesempatan kangge lerem ngwangsulaken kesuburanipun. Lajeng, ing taun kapitu umat Israel badhe dhahar menapa? Gusti badhe paring berkah matikel-tikel satemah umat Israel boten kekirangan tetedhan (ay. 21). Pepakenipun Gusti ngengingi taun sabat punika ugi wigati kangge kita. Sepisan, kita kedah tanggel jawab tumrap lestantunipun alam kanthi ngginakaken sacara wicaksana lan anggenipun eksploitasi mboten srakah. Kaping kalih, anggen kita nglampahi gesang punika kedah seimbang. Wonten wekdalipun makarya, wonten wekdalipun lerem (istirahat). Wonten wekdalipun ngolah, wonten wekdalipun ngraosaken hasilipun. Kaping tiga, kedah pitados dhateng panggulawenthahipun Gusti. Nalika nglampahi sabat utawi lerem, kita pitados bilih Gusti sampun dhawuhaken berkahipun tumrap kita supados ing dinten kita lerem kita tetap ngraosaken lan nikmati berkahipun Gusti. |*SAR
Senen, 31 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah IV
Kaimaman 23:26-41; Jabur 53; Wahyu 19:1-8 SUMUYUD ING DINA MIRUNGGAN “Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah…” (Kaimaman 23:37) Ing kitab kaimaman 23 punika, Nabi Musa dalah bangsa Israel kaengetaken lan kadhawuhan dening Gusti ing dinten-dinten riyaya ingkang katetepaken dening Panjenenganipun. Wiwit dinten Sabat (ay.3); Riyaya Paskah (ay.5-9); Riyaya Panen (ay.10-14); riyaya pentakosta/pitung minggu (ay. 15-25); riyaya dina pirukun (ay.26-32); ing dinten riyaya punika, saben tiyang mboten pareng nindaken ayahan punapa kemawon. Sami kadhawuhaken siam lan ngasoraken diri kasuwun mratobat supados nglairaken bedamen antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah; Riyaya Tarub (ay. 33-36), ing salebeting ngriyaya dinten punika, saben tiyang Israel sami nilar griyanipun lan manggen sawetawis ing pamondokan ingkang kadamel saking pang-panging ron wit. Punika kangge ngengetaken kasaenanipun Gusti Allah ingkang sampun nuntun gesanging bangsa ing ara-ara samun 40 taon laminipun. Sedaya dinten ingkang katetepaken punika mbereg dhumateng bangsa ingkang pinilih saged mijekaken wekdal ngaturaken panuwun ing ngarsanipun Gusti. Ing ayat 37, Gusti Allah paring pangandika: “Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci…”. Dinten-dinten ingkang katetepaken punika ngengetaken agenging sihipun Allah tumrap bangsa Israel. Milanipun kedah tansah dipunlampahi lumantar kempalan suci lan ngaturaken korban sokur awit sih palimirmanipun Gusti ing gesanging umat. Kewajibanipun manungsa dhumateng Gusti pancen kedah mekaten, inggih anggenipun nindakaken dhawuhipun lan misungsungaken berkah ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Awit menawi kita ngetang setunggal mbaka setunggal ing saben dintenipun, Gusti Allah tan kendhat ngrimati kita. Panjenenganipun tansah ngluberaken berkah dhateng manungsa. Milanipun kita kedah ngriyayakaken berkah-berkah ingkang sampun kaparingaken dening Gusti ing gesang kita. |*IAS
Ahad, 30 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah IV
Yusak 5:9-12 Jabur 32; 2 Korinta 5:16-21; Lukas 15:1-3, 11b-32 ANAKKU WIS BALI “Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan” (Lukas 15:24) Wonten paribasan jawi “Anak polah bapa kepradah” ingkang tegesipun menawi anak tumindak ala tiyang sepuh ugi nampi pituwasipun. Dadosa sacara tata hukum punapadene panacading masyarakat. Ananging senajan anak polahipun mboten nggadahi duga, jejering tiyang sepuh mesthi badhe tansah nresnani lan nggulawenthah supados tansah sae ing gesangipun. Kados kagambaraken lumantar pasemon anak ilang punika, Gusti Allah anggenipun nggambaraken agenging katresnanipun dhateng manungsa ingkang mboten purun mituhu kersanipun lan gesang saksekecanipun nanging lajeng mratobat. Kita asring namung nengenaken kemaremaning daging, mburu karemanan kadonyan lan nguja hawa nafsu. Ingkang kita lampahi ing gesang punika namung supados diri pribadi bingah mboten maelu dhateng tiyang sanes. Kalebet mboten mituhu ingkang dados kersa lan piwulangipun Gusti. Tiyang ingkang kawengku ing dosa punika kaumpamekaken tiyang ical, tiyang ingkang pejah. Pejah ing sesambetanipun kaliyan Sang Juru Wilujeng ingkang paring gesang langgeng. Ananging puji Gusti, kita kagungan Gusti Allah kadosdene tiyang sepuh ingkang tansah nresnani kita. Panjenenganipun tansah kersa mbuka korining pamratobat lan nampi kita kanthi bingah. Mila Gusti Yesus mratelakaken ing ayat punika: “Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan” Mila menawi wekdal punika kita nembe nerak paugeranipun Gusti lan mboten mituhu kersanipun, sampun ngantos sangsaya nebih dhateng Panjenenganipun. Sampun ngantos ndlarung ing tumindak ingkang dhatengaken bilai ing gesang. Gusti taksih lan tansah kersa dipunsowani, Panjenenganipun tansah rena menawi para kagunganipun sami wangsul malih ing ngarsanipun. Ingkang baken, nalika kita sami nyingkur Gusti, lajeng sami purun ngrumaosi kawontenan punika. Bilih mboten prayogi menawi tansah gesang ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti, awit Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus sampun kersa nebus sedaya dosa lan kalepatan kita saha paring papan kalanggengan tumrap kita. |*IAS
Setu, 29 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah IV
Pangentasan 32:7-14; Jabur 32; Lukas 15:1-10 BINGAH MENAWI WONTEN INGKANG MRATOBAT “Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat” (Lukas 15:7) Menawi wonten ingkang gesangipun kebak ing kadursilan lajeng mratobat, kadospundhi panampi kita? Mbokbilih wonten ingkang mboten pitados “tenane wis mratobat, mengko gek mung ethok-ethok! Wonten ingkang cubriya “ati-ati mbokmawa mratobate mung ngapusi! Utawi ugi wonten ingkang nampi ananging taksih kanthi sikap ingkang ngremehaken, lsp. Awis-awis ingkang nedahaken panampi kanthi tulus lan bingah dhateng para sedherek ingkang saestu badhe miwiti gesang enggalipun. Kamangka kanthi cetha pangandikanipun Gusti ingkang kaserat ing Injil Lukas 15: 7 “Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat” Lumantar pangandika punika, Gusti Yesus mratelakaken bilih tumraping swarga lan tumraping Gusti Allah, nyawanipun manungsa punika aji ing ngarsanipun Gusti. Senajan anggenipun nglampahi kadursilan kados-kados mboten wonten pangapunten malih, ananging menawi estu anggenipun mratobat, korining pangapunten kabuka dening Gusti Allah. Gusti Yesus nalika rawuh ing jagad punika sampun mujudaken panampinipun dhateng tiyang-tiyang ingkang nglampahi dosa lan kasingkiraken dening masyarakat. Panjeneganipun kersa nampi para juru narik pajeg lan tiyang dosa sanesipun ingkang purun mirengaken piwulangipun (Luk 15:1). Kanthi welas asih, Panjenenganipun kersa nampi; malah kepara wantun ngadhepi tiyang-tiyang farisi ingkang sami nggrundel awit sikap lan panampinipun Gusti punika. Pramila menawi wonten sedherek kita ingkang mratobat, sampun ngantos kita cubriya, kepara malah dipun wewada saha kaanggep namung lelamisan. Awit sinten kita ingkang kepareng nedahaken sikap ingkang kados mekaten punika. Kamangka suwarga kemawon bingah nampi tiyang ingkang purun mratobat lan gesang miturut kersanipun Gusti. |*IAS
Jemuwah, 28 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III
Yosua 4:14-24; Jabur 32; 2 Korinta 5:6-15 LELADI DHATENG GUSTI “Lan Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau” (2 Korinta 5:15) Ing jaman ingkang sangsaya majeng, manungsa sangsaya kagered ing gesang ingkang namung mentingaken dhiri piyambak. Ingkang dipunlampahi lan ingkang dipungayuh namung kangge nguja hawa nepsu lan mburu kemaremaning daging. Sedaya ingkang katindakaken rumaosipun namung saking kawasisan lan kekiyatanipun piyambak, mboten amargi Gusti Allah ugi ndherek nemtokaken. Umpami atas nami Gusti, ingkang punegung-egungaken sejatosipun dirinipun piyambak. Mbokbilih punika ugi ingkang tanpa sadar katedahaken dening para pelados ing pasamuwan. Kawontenan punika temtunipun mrihatosaken tumrap kamanungsan kita ananging punika kasunyatan ingkang kedah diadhepi. Lajeng kadospundhi tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti? Rasul Paulus lumantar serat punika paring pepenget dhateng pasamuwan ing Korinta bab gesanging pasamuwan ing ngarsanipun Gusti “supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.” Cetha sanget; gesang kita sampun ngantos lumadi namung dhateng diri pribadi malih, ananging dhumateng Gusti ingkang sampun nebus dosa kita. Kenging punapa kedah lumadi dhateng Gusti? Awit Sang Kristus sampun nglampahi seda kangge tiyang kathah. Panjenenganipun rawuh ing jagad namung badhe ngluwari gesanging manungsa saking panguwaosing dosa. Panjenenganipun ngersakaken gesang kita pulih lan kepara kados ingkang sinerat ing ayat 17, “Dadi sapa kang ana ing Kristus, iku dadi titah anyar…”. Panjenenganipun paring gesang anyar dhateng kita sedaya. Pramila kita ingkang sampun nampi pakaryan kawilujengan, katebus dening Gusti Yesus saking panguwaosing dosa, saestu kedah gesang minangka titah ingkang anyar. Ingkang tansah nedahaken gesangipun dadosa ing tetembungan, sikep lan lampahing gesang namung kagem kamulyanipun Gusti. |*IAS
Kemis, 27 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III
Yosua 4:1-13; Jabur 32; 2 Korinta 4:16-5:5 NGGATEKAKE KANG ORA KATON “Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng” (2 Korinta 4:18) Saben dinten kita ningali lan mirengaken kawontenaning jagad ingkang kebak ing wor suh, kaprihatosan awit perang, sesengitan lan pasulayan, bencana alam, lsp. Semanten ugi menawi kita ngraosaken badan kita piyambak, sangsaya sepuh mboten badhe sangsaya kiyat lan seger ananging sangsaya lungse lan winates. Menawi ingkang kita tingali lan karaosaken namung punika mesthi badhe tansah njalari lungkrah, semplah lan kecalan ing pangajeng-ajeng. Ananging menawi kita saged nyawang lan methik piwulang ingkang migunani tumrap sedaya ingkang kelampahan mesthi kita tansah kakiyataken. Rasul Paulus mratelaken gesangipun ingkang sampun kawengku dening Gusti lan nampi ayahan saking Panjenenganipun. Wiwit ayat ingkang sepisan ngantos dumugi pitulas, kita saged manggihaken kadospundhi rasul Paulus atur paseksi minangka abdi ingkang sampun pinilih dening Gusti ing satengahing pasamuwan. Senajan mboten gampil anggenipun nglampahi timbalanipun, ananging Gusti tansah ngiyataken. Kados ingkang kaserat “Mungguhing samubarang aku iki padha katindhes, nanging ora remuk kejepitp; aku padha kentekan akal, nanging ora kelangan pangarep-arep; aku padha dikuya-kuya nanging ora ditinggal ijen; aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai”. Kawontenan-kawontenan ingkang mekaten punika ingkang dados pamberekipun, bilih Gusti ingkang punadelaken. Ing kawontenan punapa kemawon lan ing pundhia papan, Gusti Yesus tansah kawarna ing gesangipun. Piyambakipun tansah pitados namung dhumateng Gusti ingkang badhe paring pangluwaran lan kawilujengan. Mila pangandikanipun: “Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng”. Pramila sumangga kita sami nggadahi piandel lan pambudidaya ingkang mekaten ing salebeting kita nglampahi gesang peparingipun Gusti. Menawi kita kedah pun abenajeng kaliyan tantanganing iman, kita eneraken manah lan kapitadosan dhumateng Gusti temah kita kakiyataken. |*IAS
Rebo, 26 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III
Wilangan 13:17-27; Jabur 39; Lukas 13:18-21 KRATONING ALLAH KADOS RAGI “Iku umpamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh” (Lukas 13:21) Gusti Yesus paring pangandika bab kratoning Allah ingkang kaumpamekaken kadosdene ragi. Kenging punapa Gusti Yesus ngginakaken ragi, kamangka ing kitab sanesipun, ragi punika nggadahi teges ingkang mboten sae kadosdene ingkang sinerat ing Lukas 12:1 “….padha diawas marang ragine para Farisi, yaitu bab lamising budine”; I Korinta 5:6 “Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe ora sumurupm yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?”; utawi wonten ing Galatia 5:7-9. Nanging ing waosan punika Gusti Yesus ngginakaken gambaran ragi minangka barang ingkang migunani. Menawi ngginakaken takeran ingkang pas lajeng kacarubaken ing glepung trigu ngantos kemrasuk sedaya ndadosaken adonan roti ingkang badhe kadamel dados sae lan saged dipuntedha dening tiyang. Kratoning Allah ingkang sampun rawuh ing jagad punika ugi mekaten, Panjenenganipun ingkang rawuh ing jagad punika paring kawilujengan tumrap saben tiyang ingkang pitados, njalari tentrem lan bingah ing salebeting nglampahi gesang ing jagad punika. Menawi tiyang pitados ingkang sampun nampi kawilujengan sami dene gesang miturut kersanipun Gusti ateges ngrasuk ing kersanipun Gusti. Badhe ngraosaken gesang ingkang kebak ing karahayon. Salajengipun, njalari tiyang pitados nglairaken dayaning tentrem lan kahayon gesang dadosa ing gesanging sesami punapa dene ing ayahan-ayahan ingkang katindakaken. Wonten ing astanipun Gusti Allah, ragi punika munpangati; senajan namung sekedhik ingkang kebabar ananging ngewahi gesang ingkang sewau tumuju ing karisakan sakpunika tumuju ing kawilujengan. Lumantar Gusti Yesus ingkang sampun rawuh ing jagad lan dados juru wilujenging jagad, saben tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun ugi nampi kawilujengan. Gesangipun tansah jinangkung ing katentreman lan kabingahan, saha kasagedaken nindakaken ayahan timbalanipun Gusti. |*IAS
Slasa, 25 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III
Yehezkiel 17:1-10; Jabur 39; Rum 2:12-16 ALLAH TANPA PILIH KASIH “Sabab Allah ora pilih kasih” (Rum 2:13) Srengenge nyunari bumi, panas lan padhangipun mboten pilih kasih. Angin ingkang midit ugi mboten mlipir nyingkiri tiyang ingkang awon lan namung tinampi dening tiyang ingkang sae. Sedaya ingkang sampun kaparingaken dening manungsa tinampi miturut ingkang sampun tinaker dening Gusti Allah. Punika kaadilanipun Gusti Allah dhateng sedaya titah. Ingkang tansah mituhu kersanipun, mesthi ugi badhe katuntun lan dipunberkahi. Dene ingkang milaur pangandikanipun mesthi badhe kaemutaken mbokbilih kepeksa dipunjewer. Semanten ugi ingkang mblasar, Panjenenganipun mboten badhe gampil paukuman ananging mesthi badhe ngengetaken kanthi caranipun ingkang prayogi tumrap gesanging manungsa. Gusti punika adil lan panjenenganipun mboten pilih kasih dhateng saben manungsa. Ing dinten rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih sedaya manungsa badhe nampi pangadilan. “Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Allah lantaran Kristus Yesus ngadili manungsa, cocog karo Injil kang dakwartakake”. Pangandika punika kaserat awit ketingalipun wonten saperangan tiyang Yahudi (boten ngrasuk agami kristen) ingkang rumaos bilih dirinipun uwal saking paukumanipun Gusti Allah awit rumaos sampun kawengku ing paugeraning Toret. Milanipun Rasul Paulus nandhesaken bilih paukumanipun Gusti Allah mboten milih lan mawang tiyang, paukuman punika badhe kadhawahaken dhateng tiyang ingkang mboten pitados dadosa tiyang Yahudi punapa sakjawining Tiyang Yahudi. Paukumanipun Gusti kadhawahaken adhedasar kaleresan lan tumindakipun manungsa. Leres ing tumindak lan ingkang purun netepi dhawuhipun Gusti Allah. Milanipun, Rasul Paulus nandhesaken ing Rum 2:13 “Sabab Allah ora pilih kasih” ing dinten wekasan sedaya badhe nampi kaadilanipun Gusti cunduk kaliyan ingkang dados patraping manungsa. Awit saking punika sumangga kita sami tansah gesang nindakaken dhawuhipun Gusti, tansah kebak ing pambangun turut lan sampun rumaos ingkang langkung leres piyambak ing gesanging sesami. Temah nalikanipun Gusti rawuh ingkang kaping kalih, Panjenenganipun manggihaken kayekten jati ing gesang kita. |*IAS
Senen, 24 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III
Yeremia 11:1-17; Jabur 39; Rum 2:1-11 AJA NJEKSANI LIYAN “Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga” (Rum 2:1) Saben dinten kita mrangguli, wonten tiyang ingkang njeksani sesaminipun. Kados nalika kita mireng tembung-tembung punika: “ bocah kok bodho, kowe iso apa, wong iku ora bakal malih kelakuane dadi apik, barang iki rusak mesthi gara-gara kowe, lsp. Mbokbilih mboten namung tiyang sanes ingkang asring njeksani sesaminipun, kita ugi nglampahi tumindak ingkang mekaten. Kenging punapa tiyang punika gampil njeksani tiyang sanes? Awit rumaos bisa, rumaos langkung katimbang sanesipun, nggadahi sikap ingkang remen ngremehaken, kumalungkung, lsp. Sikap lan tumindak ingkang mekaten punika ingkang lajeng njalari tiyang nggadahi sikap njeksani sesaminipun. Rasul Paulus mrihatosaken sikap lan lampahing gesang pasamuwanipun Gusti ing kitha Rum, awit taksih kathah ing antawisipun pasamuwan ingkang remen njeksani sanesipun. Pramila pangandikanipun Gusti lumantar Rasul Paulus kanthi cetha ngengetaken saben tiyang ingkang gampil njeksani tiyang sanes. Tiyang ingkang njeksani lepat dhateng tiyang sanes, piyampakipun dereng kantenan leres ing tumindakipun. Nalika tiyang punika matrapi tiyang sanes ala mbokbilih patrapipun ugi sami. Saben tiyang punika mboten wonten ingkang murni lan kalis saking tumindaking dosa dadosa dhateng Gusti Allah punapa dene dhateng sesaminipun. Milanipun nalika manungsa gesang ing satengahing manungsa sanes, kedah saged nedahaken gesang ingkang mbangun sesambetan ingkang langkung sae malih dhateng sesaminipun. Sampun ngantos njalari tiyang sanes ngraosaken prihatos lan sangsara amargi tumindak kita dhateng sesami. Perkawis punika perlu dados kawigatosan kita ugi ing gesanging pasamuwanipun Gusti. Supados setunggal lan setunggalipun sami budidaya mbangun gesang sesarengan kanthi sae, sampun nuwuhaken sesengitan lan pasulayan dhateng sesaminipun. Gusti Yesus nate paring pangandika: “Aja padha ngadili, supaya kowe iya ora bakal padha diadili. Lan aja padha ngluputake, supaya kowe iya ora padha diluputake. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura” (Lukas 6:37). |*IAS
