Yusak 5:9-12 Jabur 32; 2 Korinta 5:16-21; Lukas 15:1-3, 11b-32
ANAKKU WIS BALI
“Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu.
Banjur padha wiwit sukan-sukan”
(Lukas 15:24)
Wonten paribasan jawi “Anak polah bapa kepradah” ingkang tegesipun menawi anak tumindak ala tiyang sepuh ugi nampi pituwasipun. Dadosa sacara tata hukum punapadene panacading masyarakat. Ananging senajan anak polahipun mboten nggadahi duga, jejering tiyang sepuh mesthi badhe tansah nresnani lan nggulawenthah supados tansah sae ing gesangipun. Kados kagambaraken lumantar pasemon anak ilang punika, Gusti Allah anggenipun nggambaraken agenging katresnanipun dhateng manungsa ingkang mboten purun mituhu kersanipun lan gesang saksekecanipun nanging lajeng mratobat.
Kita asring namung nengenaken kemaremaning daging, mburu karemanan kadonyan lan nguja hawa nafsu. Ingkang kita lampahi ing gesang punika namung supados diri pribadi bingah mboten maelu dhateng tiyang sanes. Kalebet mboten mituhu ingkang dados kersa lan piwulangipun Gusti. Tiyang ingkang kawengku ing dosa punika kaumpamekaken tiyang ical, tiyang ingkang pejah. Pejah ing sesambetanipun kaliyan Sang Juru Wilujeng ingkang paring gesang langgeng. Ananging puji Gusti, kita kagungan Gusti Allah kadosdene tiyang sepuh ingkang tansah nresnani kita. Panjenenganipun tansah kersa mbuka korining pamratobat lan nampi kita kanthi bingah. Mila Gusti Yesus mratelakaken ing ayat punika: “Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan”
Mila menawi wekdal punika kita nembe nerak paugeranipun Gusti lan mboten mituhu kersanipun, sampun ngantos sangsaya nebih dhateng Panjenenganipun. Sampun ngantos ndlarung ing tumindak ingkang dhatengaken bilai ing gesang. Gusti taksih lan tansah kersa dipunsowani, Panjenenganipun tansah rena menawi para kagunganipun sami wangsul malih ing ngarsanipun. Ingkang baken, nalika kita sami nyingkur Gusti, lajeng sami purun ngrumaosi kawontenan punika. Bilih mboten prayogi menawi tansah gesang ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti, awit Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus sampun kersa nebus sedaya dosa lan kalepatan kita saha paring papan kalanggengan tumrap kita. |*IAS