Pangentasan 32:7-14; Jabur 32; Lukas 15:1-10
BINGAH MENAWI WONTEN INGKANG MRATOBAT
“Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat”
(Lukas 15:7)
Menawi wonten ingkang gesangipun kebak ing kadursilan lajeng mratobat, kadospundhi panampi kita? Mbokbilih wonten ingkang mboten pitados “tenane wis mratobat, mengko gek mung ethok-ethok! Wonten ingkang cubriya “ati-ati mbokmawa mratobate mung ngapusi! Utawi ugi wonten ingkang nampi ananging taksih kanthi sikap ingkang ngremehaken, lsp. Awis-awis ingkang nedahaken panampi kanthi tulus lan bingah dhateng para sedherek ingkang saestu badhe miwiti gesang enggalipun. Kamangka kanthi cetha pangandikanipun Gusti ingkang kaserat ing Injil Lukas 15: 7 “Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat”
Lumantar pangandika punika, Gusti Yesus mratelakaken bilih tumraping swarga lan tumraping Gusti Allah, nyawanipun manungsa punika aji ing ngarsanipun Gusti. Senajan anggenipun nglampahi kadursilan kados-kados mboten wonten pangapunten malih, ananging menawi estu anggenipun mratobat, korining pangapunten kabuka dening Gusti Allah. Gusti Yesus nalika rawuh ing jagad punika sampun mujudaken panampinipun dhateng tiyang-tiyang ingkang nglampahi dosa lan kasingkiraken dening masyarakat. Panjeneganipun kersa nampi para juru narik pajeg lan tiyang dosa sanesipun ingkang purun mirengaken piwulangipun (Luk 15:1). Kanthi welas asih, Panjenenganipun kersa nampi; malah kepara wantun ngadhepi tiyang-tiyang farisi ingkang sami nggrundel awit sikap lan panampinipun Gusti punika.
Pramila menawi wonten sedherek kita ingkang mratobat, sampun ngantos kita cubriya, kepara malah dipun wewada saha kaanggep namung lelamisan. Awit sinten kita ingkang kepareng nedahaken sikap ingkang kados mekaten punika. Kamangka suwarga kemawon bingah nampi tiyang ingkang purun mratobat lan gesang miturut kersanipun Gusti. |*IAS