Yosua 4:14-24; Jabur 32; 2 Korinta 5:6-15
LELADI DHATENG GUSTI
“Lan Kristus wus nglampahi seda kanggo wong kabeh, supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau”
(2 Korinta 5:15)
Ing jaman ingkang sangsaya majeng, manungsa sangsaya kagered ing gesang ingkang namung mentingaken dhiri piyambak. Ingkang dipunlampahi lan ingkang dipungayuh namung kangge nguja hawa nepsu lan mburu kemaremaning daging. Sedaya ingkang katindakaken rumaosipun namung saking kawasisan lan kekiyatanipun piyambak, mboten amargi Gusti Allah ugi ndherek nemtokaken. Umpami atas nami Gusti, ingkang punegung-egungaken sejatosipun dirinipun piyambak. Mbokbilih punika ugi ingkang tanpa sadar katedahaken dening para pelados ing pasamuwan. Kawontenan punika temtunipun mrihatosaken tumrap kamanungsan kita ananging punika kasunyatan ingkang kedah diadhepi.
Lajeng kadospundhi tumrap kita minangka umat kagunganipun Gusti? Rasul Paulus lumantar serat punika paring pepenget dhateng pasamuwan ing Korinta bab gesanging pasamuwan ing ngarsanipun Gusti “supaya wong kang padha urip, uripe ora lumadi marang awake dhewe maneh, nanging lumadia marang kang wus seda lan kang wus kawungokake marga saka wong-wong mau.” Cetha sanget; gesang kita sampun ngantos lumadi namung dhateng diri pribadi malih, ananging dhumateng Gusti ingkang sampun nebus dosa kita.
Kenging punapa kedah lumadi dhateng Gusti? Awit Sang Kristus sampun nglampahi seda kangge tiyang kathah. Panjenenganipun rawuh ing jagad namung badhe ngluwari gesanging manungsa saking panguwaosing dosa. Panjenenganipun ngersakaken gesang kita pulih lan kepara kados ingkang sinerat ing ayat 17, “Dadi sapa kang ana ing Kristus, iku dadi titah anyar…”. Panjenenganipun paring gesang anyar dhateng kita sedaya.
Pramila kita ingkang sampun nampi pakaryan kawilujengan, katebus dening Gusti Yesus saking panguwaosing dosa, saestu kedah gesang minangka titah ingkang anyar. Ingkang tansah nedahaken gesangipun dadosa ing tetembungan, sikep lan lampahing gesang namung kagem kamulyanipun Gusti. |*IAS