+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 27 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III

Yosua 4:1-13; Jabur 32; 2 Korinta 4:16-5:5

NGGATEKAKE KANG ORA KATON

Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng

(2 Korinta 4:18)

              Saben dinten kita ningali lan mirengaken kawontenaning jagad ingkang kebak ing wor suh, kaprihatosan awit perang, sesengitan lan pasulayan, bencana alam, lsp. Semanten ugi menawi kita ngraosaken badan kita piyambak, sangsaya sepuh mboten badhe sangsaya kiyat lan seger ananging sangsaya lungse lan winates. Menawi ingkang kita tingali lan karaosaken namung punika mesthi badhe tansah njalari lungkrah, semplah lan kecalan ing pangajeng-ajeng. Ananging menawi kita saged nyawang lan methik piwulang ingkang migunani tumrap sedaya ingkang kelampahan mesthi kita tansah kakiyataken.

              Rasul Paulus mratelaken gesangipun ingkang sampun kawengku dening Gusti lan nampi ayahan saking Panjenenganipun. Wiwit ayat ingkang sepisan ngantos dumugi pitulas, kita saged manggihaken kadospundhi rasul Paulus atur paseksi minangka abdi ingkang sampun pinilih dening Gusti ing satengahing pasamuwan. Senajan mboten gampil anggenipun nglampahi timbalanipun, ananging Gusti tansah ngiyataken. Kados ingkang kaserat “Mungguhing samubarang aku iki padha katindhes, nanging ora remuk kejepitp; aku padha kentekan akal, nanging ora kelangan pangarep-arep; aku padha dikuya-kuya nanging ora ditinggal ijen; aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai”.

              Kawontenan-kawontenan ingkang mekaten punika ingkang dados pamberekipun, bilih Gusti ingkang punadelaken. Ing kawontenan punapa kemawon lan ing pundhia papan, Gusti Yesus tansah kawarna ing gesangipun. Piyambakipun tansah pitados namung dhumateng Gusti ingkang badhe paring pangluwaran lan kawilujengan. Mila pangandikanipun: “Marga kang dakgatekake dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anane sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng”.

              Pramila sumangga kita sami nggadahi piandel lan pambudidaya ingkang mekaten ing salebeting kita nglampahi gesang peparingipun Gusti. Menawi kita kedah pun abenajeng kaliyan tantanganing iman, kita eneraken manah lan kapitadosan  dhumateng Gusti temah kita kakiyataken. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *