+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 26 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah III

Wilangan 13:17-27; Jabur 39; Lukas 13:18-21

KRATONING ALLAH KADOS RAGI

Iku umpamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh

(Lukas 13:21)

              Gusti Yesus paring pangandika bab kratoning Allah ingkang kaumpamekaken kadosdene ragi. Kenging punapa Gusti Yesus ngginakaken ragi, kamangka ing kitab sanesipun, ragi punika nggadahi teges ingkang mboten sae kadosdene ingkang sinerat ing Lukas 12:1 “….padha diawas marang ragine para Farisi, yaitu bab lamising budine”; I Korinta 5:6 “Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowe ora sumurupm yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?”; utawi wonten ing Galatia 5:7-9.

              Nanging ing waosan punika Gusti Yesus ngginakaken gambaran ragi minangka barang ingkang migunani. Menawi ngginakaken takeran ingkang pas lajeng kacarubaken ing glepung trigu ngantos kemrasuk sedaya ndadosaken adonan roti ingkang badhe kadamel dados sae lan saged dipuntedha dening tiyang. Kratoning Allah ingkang sampun rawuh ing jagad punika ugi mekaten, Panjenenganipun ingkang rawuh ing jagad punika paring kawilujengan tumrap saben tiyang ingkang pitados, njalari tentrem lan bingah ing salebeting nglampahi gesang ing jagad punika.

              Menawi tiyang pitados ingkang sampun nampi kawilujengan sami dene gesang miturut kersanipun Gusti ateges ngrasuk ing kersanipun Gusti. Badhe ngraosaken gesang ingkang kebak ing karahayon. Salajengipun, njalari tiyang pitados nglairaken dayaning tentrem lan kahayon gesang dadosa ing gesanging sesami punapa dene ing ayahan-ayahan ingkang katindakaken.

              Wonten ing astanipun Gusti Allah, ragi punika munpangati; senajan namung sekedhik ingkang kebabar ananging ngewahi gesang ingkang sewau tumuju ing karisakan sakpunika tumuju ing kawilujengan. Lumantar Gusti Yesus ingkang sampun rawuh ing jagad lan dados juru wilujenging jagad, saben tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun ugi nampi kawilujengan. Gesangipun tansah jinangkung ing katentreman lan kabingahan, saha kasagedaken nindakaken ayahan timbalanipun Gusti. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *