Yehezkiel 17:1-10; Jabur 39; Rum 2:12-16
ALLAH TANPA PILIH KASIH
“Sabab Allah ora pilih kasih”
(Rum 2:13)
Srengenge nyunari bumi, panas lan padhangipun mboten pilih kasih. Angin ingkang midit ugi mboten mlipir nyingkiri tiyang ingkang awon lan namung tinampi dening tiyang ingkang sae. Sedaya ingkang sampun kaparingaken dening manungsa tinampi miturut ingkang sampun tinaker dening Gusti Allah. Punika kaadilanipun Gusti Allah dhateng sedaya titah. Ingkang tansah mituhu kersanipun, mesthi ugi badhe katuntun lan dipunberkahi. Dene ingkang milaur pangandikanipun mesthi badhe kaemutaken mbokbilih kepeksa dipunjewer. Semanten ugi ingkang mblasar, Panjenenganipun mboten badhe gampil paukuman ananging mesthi badhe ngengetaken kanthi caranipun ingkang prayogi tumrap gesanging manungsa. Gusti punika adil lan panjenenganipun mboten pilih kasih dhateng saben manungsa.
Ing dinten rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih sedaya manungsa badhe nampi pangadilan. “Bab iku bakal tetela ing dina samangsa Allah lantaran Kristus Yesus ngadili manungsa, cocog karo Injil kang dakwartakake”. Pangandika punika kaserat awit ketingalipun wonten saperangan tiyang Yahudi (boten ngrasuk agami kristen) ingkang rumaos bilih dirinipun uwal saking paukumanipun Gusti Allah awit rumaos sampun kawengku ing paugeraning Toret. Milanipun Rasul Paulus nandhesaken bilih paukumanipun Gusti Allah mboten milih lan mawang tiyang, paukuman punika badhe kadhawahaken dhateng tiyang ingkang mboten pitados dadosa tiyang Yahudi punapa sakjawining Tiyang Yahudi. Paukumanipun Gusti kadhawahaken adhedasar kaleresan lan tumindakipun manungsa. Leres ing tumindak lan ingkang purun netepi dhawuhipun Gusti Allah.
Milanipun, Rasul Paulus nandhesaken ing Rum 2:13 “Sabab Allah ora pilih kasih” ing dinten wekasan sedaya badhe nampi kaadilanipun Gusti cunduk kaliyan ingkang dados patraping manungsa. Awit saking punika sumangga kita sami tansah gesang nindakaken dhawuhipun Gusti, tansah kebak ing pambangun turut lan sampun rumaos ingkang langkung leres piyambak ing gesanging sesami. Temah nalikanipun Gusti rawuh ingkang kaping kalih, Panjenenganipun manggihaken kayekten jati ing gesang kita. |*IAS