+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 31 Maret 2025 Minggu Pra-Paskah IV

Kaimaman 23:26-41; Jabur 53; Wahyu 19:1-8

SUMUYUD ING DINA MIRUNGGAN

Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang

kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha

nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah…”

(Kaimaman 23:37)

              Ing kitab kaimaman 23 punika, Nabi Musa dalah bangsa Israel kaengetaken lan kadhawuhan dening Gusti ing dinten-dinten riyaya ingkang katetepaken dening Panjenenganipun. Wiwit dinten Sabat (ay.3); Riyaya Paskah (ay.5-9); Riyaya Panen (ay.10-14); riyaya pentakosta/pitung minggu (ay. 15-25); riyaya dina pirukun (ay.26-32); ing dinten riyaya punika, saben tiyang mboten pareng nindaken ayahan punapa kemawon. Sami kadhawuhaken siam lan ngasoraken diri kasuwun mratobat supados nglairaken bedamen antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah; Riyaya Tarub (ay. 33-36), ing salebeting ngriyaya dinten punika, saben tiyang Israel sami nilar griyanipun lan manggen sawetawis ing pamondokan ingkang kadamel saking pang-panging ron wit. Punika kangge ngengetaken kasaenanipun Gusti Allah ingkang sampun nuntun gesanging bangsa ing ara-ara samun 40 taon laminipun. Sedaya dinten ingkang katetepaken punika mbereg dhumateng bangsa ingkang pinilih saged mijekaken wekdal ngaturaken panuwun ing ngarsanipun Gusti.

              Ing ayat 37, Gusti Allah paring pangandika: “Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci…”. Dinten-dinten ingkang katetepaken punika ngengetaken agenging sihipun Allah tumrap bangsa Israel. Milanipun kedah tansah dipunlampahi lumantar kempalan suci lan ngaturaken korban sokur awit sih palimirmanipun Gusti ing gesanging umat.

              Kewajibanipun manungsa dhumateng Gusti pancen kedah mekaten, inggih anggenipun nindakaken dhawuhipun lan misungsungaken berkah ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Awit menawi kita ngetang setunggal mbaka setunggal ing saben dintenipun, Gusti Allah tan kendhat ngrimati kita. Panjenenganipun tansah ngluberaken berkah dhateng manungsa. Milanipun kita kedah ngriyayakaken berkah-berkah ingkang sampun kaparingaken dening Gusti ing gesang kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *