Kaimaman 25:1-19; Jabur 53; Wahyu 19:9-10
NJAGI ALAM
“Nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah”
(Kaimaman 25:4)
Salah satunggaling tema ingkang dipun andharaken kangge katekisasi ing GKJ inggih menika bab tanggel jawab tiyang Kristen tumrap lingkungan. Manungsa manggen ing alam donya: toya, dhaharan lan kabetahan sanesipun kapendhet saking alam. Manungsa nampi kathah berkah lumantar alam. Ananging kathah manungsa ingkang mboten perduli dhateng alam sakitaripun. Alam dipun eksploitasi kanthi brutal, mboten trep, satemah ndadosaken kepincangan ekosistem. Ekosistem ingkang mboten seimbang punika njalari tuwuhipun bencana alam.
Sakderengipun kampanye “Go green” dipun suwantenaken dening para aktivis lingkungan, ewonan tahun kepengker Gusti sampun netepaken pepaken dhateng umat Israel kangge njagi lestantuning alam inggih punika kanthi netepaken sabat kangge mulihaken alam. Sabat inggih punika mangsa lerem mboten namung kangge manungsa, ananging ugi kangge siti utawi alam. Sasampunipun enem taun dipun olah, ing taun kapitu siti kedah kaparingan wekdal kangge ngalami sabat utawi lerem. Siti mboten angsal dipun tanemi menapa kemawon. Siti perlu dipun paringi kesempatan kangge lerem ngwangsulaken kesuburanipun. Lajeng, ing taun kapitu umat Israel badhe dhahar menapa? Gusti badhe paring berkah matikel-tikel satemah umat Israel boten kekirangan tetedhan (ay. 21).
Pepakenipun Gusti ngengingi taun sabat punika ugi wigati kangge kita. Sepisan, kita kedah tanggel jawab tumrap lestantunipun alam kanthi ngginakaken sacara wicaksana lan anggenipun eksploitasi mboten srakah. Kaping kalih, anggen kita nglampahi gesang punika kedah seimbang. Wonten wekdalipun makarya, wonten wekdalipun lerem (istirahat). Wonten wekdalipun ngolah, wonten wekdalipun ngraosaken hasilipun. Kaping tiga, kedah pitados dhateng panggulawenthahipun Gusti. Nalika nglampahi sabat utawi lerem, kita pitados bilih Gusti sampun dhawuhaken berkahipun tumrap kita supados ing dinten kita lerem kita tetap ngraosaken lan nikmati berkahipun Gusti. |*SAR