II Para Raja 4:1-7; Jabur 53; Lukas 9:10-17
TETEP SETYA SINAOSA REKAOS
“Ana sawijining wong wadon panunggalane bojone para nabi sesambat marang Nabi Elisa, ature: “Abdi panjenengan, semah kula, sampun tilar donya, mangka panjenengan pirsa, bilih abdi panjenengan wau ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah. Nanging sapunika tiyang ingkang nagih sambutan sampun dhateng badhe mendhet anak kula kekalih, badhe kadadosaken rencangipun.”
(II Para Raja 4:1)
Kawontenan rekaos saged tumama dhumateng sedaya tiyang. Nalika kawontenan rekaos menika tumama dhumateng kita, kita nggadhahi pilihan tetep setya dhumateng Gusti utawi nebih saking Gusti. Gusti Allah mboten nate prasetya menawi langit tansah biru kemawon, ananging tiyang ingkang rahayu inggih menika tiyang ingkang tetep setya tuhu lan ajrih asih dhumateng Gusti sinaosa wonten ing kawontenan rekaos.
Salah satunggaling randha saking golongan para nabi sowan lan sambat dhateng Nabi Elisa. Gesangipun sasampunipun katilar dening garwanipun punika rekaos. Tiyang ingkang nagih sambutan dugi lan badhe mendhet anak-anakipun kangge nglunasi sedaya sambutanipun. Pramila piyambakipun sowan dhateng Nabi saperlu nyuwun pitulungan. Nabi Elisa mboten langsung mitulungi, ananging nyuwun supados nindakaken tigang perkawis, inggih menika sepisan ngempalaken wadhah kothong saking para tangginipun sekathah-kathahipun. Kaping kalih, nutup lawang, kancingan lan ngesok lisah dhateng wadhah-wadhah wau, ngantos lisah mandheg kaesok amargi wadhah sampun telas. Katiga, Nabi Elisa nyuwun dhateng randha wau supados nyade wadhah ingkang kebak lisah wau satemah artanipun kangge mbayar sambutan lan kangge ragat gesangipun kaliyan anak-anakipun.
Randha wau mboten namung ngandelaken Nabi Elisa, ananging ugi ndherek patuladhan semahipun pitados, ajrih asih lan tetep setya dhumateng Gusti. Satemah kanthi sikep menika Gusti nedahaken pakaryan ingkang elok ngluwari gesangipun saking kawontenan rekaos. Mekaten ugi tumrap kita umatipun ing jaman samangke, sumangga kita tetep pitados, ajrih asih lan tetep setya dhumateng Gusti sinaosa kita nandhang kaprihatosan ing gesang. Kuncinipun, boten gumantung agenging perkawis ananging gumantung respon kita. |*SAR