+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 3 April 2025 Minggu Pra Paskah IV

Yesaya 43:1-7; Jabur 126; Filipi 2:19-24

PADHANGING PENGAJENG-AJENG

”Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi

giyak-giyak. Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji,

mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.”

(Jabur 126:5-6)

              Wonten satunggaling Profesor ngawontenaken percobaan. Piyambakipun mapanaken tikus cacahipun kalih ing kolam toya ing ruangan ingkang benten. Tikus menika saged nglangi, nanging dipun sengaja mboten saged medal saking kolam. Satunggaling ruangan peteng, ruangan sanesipun padhang jingglang. Lajeng dipun jaraken ngantos sedalu natas. Tikus ingkang wonten ing ruangan padhang jingglang tasih urip, nanging tikus ingkang wonten ing ruangan peteng sampun mati. Underanipun, tikus ingkang wonten ing ruangan padhang saged urip mboten awit kondisi badanipun langkung sae, ananging awit ningali padhang minangka pengajeng-ajengipun. Piyambakipun saged tahan urip awit taksih wonten pengajeng-ajeng menika.

              Pengarep-arep ing satengahing karubedan. Menika jejer ing perikop Jabur 126, kados sampun njlentrehaken isinipun pasal menika. Kanyata, sinaosa wonten ing salebeting kawontenan karubedan, bangsa Israel tansah nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang mbiyantu kangge tetep ngadeg jejeg. Pangajeng-ajeng menika tuwuh saking menapa ingkang sampun dipun lampahi lan menapa ingkang mesthi badhe dipun tampeni.

              Menawi kita samangke wonten ing satengahing karubedan, ampun ngantos kecalan pangajeng-ajeng. Nalika kita ing karubedan, ampun ngantos kadamel langkung peteng malih awit kita kirang nyadhari pitulunganipun Gusti ing mangsa kepengker lan kirang pitados tumrap pitulunganipun Gusti ing mangsa badhe kalampahan. Kita kedah pitados bilih Gusti Allah boten ewang gingsir. Nggatosaken ayat 5 lan 6 inggih menika tembung “bakal” lan “mesthi”. Sauger kita purun mbudidaya, mboten namung masrahaken dhumateng Gusti lajeng mendel kemawon, mila sinaosa rekaos, ruwet malah kedah mrebes mili, mesthi badhe nampeni asil ingkang sae. Gusti mberkahi. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *