+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 4 April 2025 Minggu Pra Paskah IV

Yesaya 43:8-15; Jabur 126; Filipi 2:25-3:1

DADOS SEKSINIPUN GUSTI

“Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane

Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira

padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng,

sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.

(Yesaya 43:10)

              Dados seksi ing pengadilan menika mboten gampil. Seksi kedah saged maringi katrangan ingkang leres lan jujur. Para pandherekipun Gusti Yesus katimbalan dados seksi ingkang kautus maringi paseksi bab katresnanipun, piwulangipun lan pangwaosipun Gusti ing pagesangan kita. Minangka seksi, kita nggadhahi kalodhangan/kesempatan kangge dados margi berkah kasaenanipun Gusti dhateng lingkungan sekitar kita.

              Ing negari Babel, umat Israel aben ajeng kaliyan kawontenan ingkang kathah brahala Babel. Gusti nimbali umat Israel minangka seksi supados bangsa menika mangertos sinten ta Gusti Allah menika. Gusti Allah menika Juru wilujeng lan mboten wonten ingkang saemper kaliyan Panjenenganipun.

              Pangandikanipun Gusti menika ngengetaken dhateng kita sedaya bilih kita, para pandherekipun Gusti Yesus tinimbalan dados seksinipun Gusti. Dados seksinipun Gusti nggadhahi konsekuensi ingkang mboten gampil, kedah sakwetahing gesang kita nyunaraken kamulyanipun Gusti, martosaken pengalaman-pengalaman iman ingkang kita lampahi nalika kita nunggil kaliyan Gusti, mlampah sesarengan kaliyan Gusti, bingah sisah ing gesang, panggulawenthahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita lan ngestokaken dhawuhipun Gusti kanthi saestu. Kadosdene Timotius lan Epafroditus ingkang dipunutus dening rasul Paulus dhateng jemaat ing kitha Filipi minangka wakilipun, mekaten kita dados pirantosipun Gusti Allah ing jagad menika. Pramila kita kedah nglampahi gesang suci lan nggadhahi sifat-sifat ilahi. Nalika kita nindakaken ayahan kita dados seksi Sang Kristus, kita ugi saged ngraosaken wohipun lumantar tuwuhing pasamuwan ingkang ngrembaka. Sampun ngantos kita kesupen bilih kita menika seksinipun Sang Kristus. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *