Pangentasan 12:21-27; Jabur 126; Yokanan 11:45-57
PANGIBADAH: NGENGETI SIH-KATRESNANE GUSTI
“Dene menawa anak-anakmu padha takon marang kowe:
Punapa tegesipun pangibadah punika? Tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.”
(Pangentasan 12:26-27)
Wujud berkahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita ingkang kedah dipun syukuri inggih menika ulang tahun (ambal warsa). Adatipun pangucap sokur ing dinten ambal warsa dipun tandhani kanthi pesta utawi dhahar sesarengan.
Pangandikanipun Gusti ing dinten menika nerangaken bab riyaya Paskah, pangluwaranipun bangsa Israel saking wewelak kaping sedasa: Anak mbarep pejah. Pengetan Paskah menika pengetan ingkang kalebet bab anyar tumrap bangsa Israel, ananging dhawuhipun Gusti supados pengetan menika dados piwulang lan pengetan ingkang kedah dipun lestantunaken. Tujuanipun supados bangsa Israel tansah enget dhateng pangwaos lan pakaryanipun Gusti Allah dhateng bangsa menika. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling tumrap pakaryanipun Gusti Allah ngluwari bangsa Israel saking negari pangawulan, Mesir. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling bab pangwaosipun Gusti Allah ingkang ngluwari bangsa Israel saking wewelak setunggal ngantos sedasa. Sedaya keturunan Israel kedah mangertos bab menika, pramila pengetan Paskah kedah dipun lestantunaken turun-temurun.
Pangibadah inggih menika caranipun tiyang-tiyang pitados nelakaken tuwin ngraosaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah adhedhasar pakaryanipun ingkang milujengaken, ingkang sampun dipun alami. Pangibadah menika panuwun sokur awit Sang Kristus sampun seda sinalib, nguwalaken kita saking paukuman pati, sinaosa secara lahiriah sedanipun awit raos gethingipun para imam dalah tiyang ingkang nampik Panjenenganipun. Pangibadah ingkang sejati inggih menika pangibadah ingkang tumemen nresnani lan ngurmati Gusti Allah, ngluhuraken asmanipun ingkang mawujud ing pagesangan kita saben dintenipun. Gusti mberkahi pangibadah kita sedaya ingkang kadhasaran panuwun sokur awit panggulawenthah lan berkahipun Gusti. Amin.|*SAR