+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 6 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Yesaya 43:16-21; Jabur 126; Filipi 3:4b-14; Yokanan 12:1-8

 NGGINAKAKEN KESEMPATAN

“Awit wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe,

nanging Aku iki anaKu ing kowe ora selawase.”

(Yokanan 12:8)

              Mbok menawi kita nate ngendhe-endhe (menunda-nunda) nglampahi satunggaling ewah-ewahaning gesang. Contonipun kangge tiyang Kristen ngendhe-endhe kangge mratobat. Kita nggadhahi pamikiran: “sesuk esih ana wektu maneh.” Kamangka, kasunyatanipun mboten mesthi wonten kesempatan kangge nindakaken menika. Mboten wonten setunggal tiyang kemawon mangertos kapan pupusing gesangipun, ngantos kesempatan kangge mratobat menika mboten wonten malih.

              Enem dinten sakderengipun Paskah, Gusti Yesus tumuju dhateng Yerusalem nglangkungi kitha Betania panggenanipun Lazarus, Marta lan Maria. Pepanggihan kaliyan brayat menika, lajeng kembul bujono ing griyanipun Lazarus. Marta sibuk anggenipun leladi, cecawis dhaharan kagem Gusti Yesus lan tiyang-tiyang ingkang ndherek ing kembul bujono. Maria lajeng mendhet lisah jebad nared tulen setengah kati, kagem njebadi sukunipun Gusti Yesus lajeng kaseka kaliyan rikmanipun (ayat 3).  Yudas Iskariot rumaos kaganggu kaliyan tumindak menika, rumaos eman, langkung sae menawi lisah menika dipun sade kangge mbiyantu tiyang miskin, awit lisah jebadan murni menika reginipun awis.  Ananging Gusti Yesus mbelani Maria. Menika dados pratandha bilih Gusti mirsani  katresnanipun Maria dhateng Panjenenganipun punika saestu tulus. Maria ngginakaken kesempatan menika kangge ngaturaken panuwun, leladi kanthi ngaturaken barang darbekipun ingkang aji inggih menika lisah jebad lan rikmanipun.

              Sinau saking sikepipun Maria, sumangga kita ugi nggladhi dhiri supados boten remen ngendhe-endhe kangge nindakaken perkawis ingkang utami. Kita kedah wicaksana ngginakaken kalodhangan ingkang wonten kangge mratobat, ngewah-ewahi dhiri supados langkung sae, leladi dhateng Gusti lan nandukaken katresnan dhateng sesami kita. Awit dereng tamtu kalodhangan menika kaparingaken malih ing gesang kita.| *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *