+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 7 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Pangentasan 40:1-15; Jabur 20; Ibrani 10:19-25

SESARENGAN NGIBADAH

“Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita,

kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake,

sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng

anggon kita tumindak ing gawe.”

(Ibrani 10:25)

              Menawi kita dolan dhateng wahana wisata sesarengan menika raosipun langkung seneng tinimbang menawi kita namung dolan piyambakan. Mekaten ugi pagesangan tiyang Kristen ugi dipun lampahi sesarengan mboten sorangan. Ibrani 10:19-25 menika mbereg dhateng kita sedaya kangge gesang wonten ing salebeting komunitas sesarengan kaliyan para pandherekipun Gusti Yesus sanesipun. Ing salebeting komunitas menika kita silih anyengkuyung, ngiyataken, neguhaken lan eling-ingelingaken (ayat 22-25).

              Punapa malih menawi kita nembe aben-ajeng kaliyan prekawis (pergumulan) ing gesang, kita gampil sanget nebih saking pasamuwan. Malah mbok menawi kita lajeng pitaken dhateng dhiri kita piyambak: “Lha apa gunane aku ndadak repot-repot menyang greja?”. Prekawis utawi pergumulan sejatosipun mboten trep menawi dados alesan mboten ngibadah dhateng greja. Awit manungsa ing donya menika boten uwal saking perkawis pergumulaning gesang. Perkawis pergumulan menika dados perangan ingkang aji ing salebeting lampahing gesang iman kita. Pramila sumangga kita lampahi gesang menika kanthi sesarengan.

              Sinaosa pangibadah sesarengan menika mboten ngewahi gesang utawi kawontenan kita, ananging pangibadah sesarengan menika njalari tuwuhipun raos kangge tetep tahan lan nggadhahi pengajeng-ajeng. Wonten ing pangibadah sesarengan menika kita mboten namung mirengaken piwulang ingkang nuwuhaken semangat ananging ugi kita nampi panglipuran, lan ugi tiyang sanes kakiyataken awit lelampahan ingkang nembe kita adhepi. Panyerat Serat Ibrani mangertos bilih ing satengahing kawontenan kita ngadhepi ruwet rentenging gesang, kita mbetahaken panyengkuyung tiyang sanes lan tiyang sanes ugi mbetahaken panyengkuyung kita. Pramila kita kedah ngekahi anggen kita ngandhemi Sahadating pangajeng-ajeng kita. Gusti mberkahi. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *