+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 8 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Para Hakim 9:7-15; Jabur 20; I Yokanan 2:18-28

MILIH INGKANG LERES

“Eri bebondhotan lajeng mangsuli dhateng wit-witan mau: Manawa dhasar temen-temen anggonmu padha arep njebadi aku dadi ratumu, mara padha ngauba ana ing ayomku; nanging manawa ora, kareben ana geni kang metu saka ing bebondhotan lan mangsa wit-wit kang ana ing pagunungan Libanon.”

(Para Hakim 9:15)

              Ing wulan November 2024 ingkang kapengker, dipun wontenaken Pilkada serentak. Ateges kathah daerah ingkang mbetahaken pemimpin. Pramila, demi kemajengan lan karaharjan rakyat Indonesia, dipun betahaken pemimpin ingkang ajrih asih dhumateng Gusti.

              Milih pemimpin menika sanes perkawis ingkang sembrono. Dipun betahaken pertimbangan-pertimbangan ingkang mateng, mboten adhedhasar raos remen utawi mboten remen. Menika ingkang kelampahan ing Sikhem, amargi pasedherekan, mila tiyang-tiyang menika milih Abimelekh dados pamimpin. Kanthi ngginakaken pasemon ngengingi wit Zaitun, Ara lan Anggur, wit-wit ingkang aji malah mboten kepengin dados ratu. Bebondhotan eri ingkang mboten aji malah kepengin dados ratu. Bebondhotan eri tuwuh dados tiran lan nyirnakaken soksintena ingkang nglawan. Abimelekh menika arogan, piyambakipun mboten ngayomi rakyat, malah badhe numpes tiyang-tiyang Sikhem. Pepelingipun Yotam menika kedah kita gatosaken. Milih pamimpin mboten saged sembrono. Kedah dipun pirsani karakter tiyang menika, nggadhahi spirit ngayomi masyarakat alit, jujur lan adil, ngutamekaken kepentingan masyarakat tinimbang kapentingan pribadi lan golongan. Tiyang ingkang curang mboten pantes dados pemimpin.

              Saksampunipun pilihan kita dados pemimpin, kita ugi mboten saged nggadhahi sikep apatis, mboten perduli, ananging kita kedah ugi ndongakaken. Mbokbilih suwanten kita mboten banter kapireng ing upaya ndandosi nagari/daerah menika kejawi nalika Pilkada. Ananging kanthi pandonga, kita tansah nyuwantenaken pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti supados Gusti tansah ngayomi umatipun lumantar kebijakan-kebijakan ingkang dipun rancang dening para pamimpin, sarta supados Gusti maringaken angin perubahan ingkang damel karaharjan lan katentremaning masyarakat (Jabur 20:10).| *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *