Habakuk 3:2-15; Jabur 20; Lukas 18:31-34
WANCINIPUN GUSTI
Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene:
“Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening
para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.”
(Lukas 18:31)
Wekdal ingkang cocog utawi pas menika dados salah satunggaling perkawis ingkang wigati supados tumindak/pakaryan menika kasil. Asring bilih ing pedamelan, peladosan malah ugi damel surprise menika mbetahaken wekdal ingkang pas supados rancangan lumampah kanthi sukses. Mekaten ugi Gusti Yesus anggenipun nglampahi pakaryan milujengaken manungsa saking dosa. Panjenengane nedahaken dhateng para murid bilih wekdal menika wekdal ingkang pas kangge njangkepi misinipun. Tumuju dhateng Yerusalem, Panjenengane badhe nglampahi pakaryan milujengaken jagad saking dosa srana tumindak ingkang mboten dipun nyana-nyana. Panjenengane dipun poyoki, dipun siya-siya, dipun idoni, lan dipun sedani dening tiyang-tiyang ingkang mboten wanuh kaliyan Gusti. Sampun bola-bali Gusti Yesus maringi pratandha dhateng para muridipun, ananging para murid dereng mangertos menapa sejatosipun ingkang dipun kersakaken dening Gusti.
Wonten kekidungan rohani mekaten: “Wanci Gusti menika langkung sae, nadyan awrat anggen mpun mangertosi. Krana pacoba kula tansah pitados, wanci Gusti menika langkung sae.” Pagesanganipun manungsa mboten uwal saking ruwet rentenging gesang. Kadhangkala kita mboten mangertos sakwetahipun tumrap rancanganipun Gusti. Kita mboten mangertos kapan wekdal ingkang pas miturut Gusti. Asring anggen kita ngantu-antu, kita ngraosaken bingung, kwatir, malah wonten ingkang kesuh awit rumaos Gusti mboten perduli. Kamangka, Gusti nindakaken kersanipun miturut wekdal lan caranipun. Pramila ingkang kita betahaken inggih menika tansah pitados lan setya dhumateng Gusti, tansah ndedonga, nyenyuwun supados Gusti rawuh nedahaken pangwaos lan sih-kasetyanipun temahan gesang kita kaanyaraken, kapulihaken lan kasantosakaken saha saben prasetyanipun jinangkepan ing gesang kita. Mboten gumantung sepinten dangunipun wekdal menika ananging fokus dhumateng Gusti. Mugi kita tansah bingah ngantu-antu wekdalipun Gusti ingkang sae. | *SAR