Kaimaman 23:1-8; Jabur 31:9-16 MAKNANIPUN PENGETAN DINTEN RIYAYA “Nem dina wong padha nyambut gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.” (Kaimaman 23:3) Dinten riyaya utawi dinten prei nasional limrahipun dipun wontenaken kangge mengeti prastawa wigati ingkang kelampahan ing mangsa kepengker. Kadosta, kita mengeti dinten kamardhikan bangsa Indonesia saben tanggal 17 Agustus, kangge ngengeti momen sejarah proklamasi kamardikanipun bangsa Indonesia. Boten wonten dinten riyaya kangge mengeti prastawa ingkang kelampahan ing mangsa ingkang dereng kalampah. Ewa semanten, Gusti Allah netepaken dinten-dinten riyaya ingkang kedah dipun pengeti dening bangsa Israel sacara turun-temurun malah kangge ngengetaken gegayutan kaliyan prastawa-prastawa ingkang badhe kelampahan ing mangsa ngajeng. Gusti Allah ngersakaken dinten riyaya mboten namung ngengeti menapa ingkang sampun kelampahan, ananging dados pepenget ingkang wigati gegayutan kaliyan menapa ingkang badhe kelampahan ing mangsa ngajeng. Dinten Riyaya Paskah dipun pengeti kanthi cara nyembelih wedhus cempe, ngengetaken dhateng prastawa pangolesan getih cempe ing lawang kangge milujengaken tiyang Israel saking wewelak patine anak mbajeng ing Mesir. Pengetan Paskah menika sejatosipun nedahaken dhateng prastawa ingkang badhe dhateng inggih menika Putraning Allah ingkang seda ing kajeng salib kangge milujengaken manungsa saking dosa. Menika sanes kebetulan, pangandikanipun Gusti ing Kolose 2:16-17 mekaten: “Sarehne mangkono aja nganti ana wong kang ngukumi kowe bab mangan lan ngombe, utawa bab dina riyaya, sasi anyar lan dina Sabat. Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.” Mekaten ugi dinten-dinten riyaya sanesipun, ing Prajanjian Anyar saged sareng lumampah kaliyan dinten-dinten riyaya ing Prajanjian Lami. Menika nedahaken bilih Gusti Allah tansah nggatosaken umatipun lumantar prastawa-prastawa ingkang wigati. Pramila, lumantar dinten sabat lan riyaya gerejawi, kita tindakaken kanthi tumemen kanthi manah ingkang manembah lan bekti dhumateng Gusti. |*SAR
Jemuwah, 11 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Yesaya 54:9-10; Jabur 31:9-16 AWIT KATRESNAN “Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.” (Yesaya 54:10) Ing salebeting gesang neningkahan, tiyang kakung lan estri kasuwun tansah setya tuhu. Arang sanget menawi sampun tumindak sedheng lajeng sedya ngapunteni lan nampeni malih. Kathah-kathahipun pilih pepisahan. Ananging, menawi menika kelampahan saged kemawon sesambetan sesemahan menika lajeng kapulihaken. Menika ingkang kelampahan ing sesambetanipun Gusti Allah lan Israel, semah ingkang mboten setya. Pangandika menika sejatosipun negesaken malih sih-susetyanipun Gusti ingkang langgeng. Mboten wonten lelampahan ingkang saged mbatalaken janji kasetyanipun Gusti dhateng umat. Paukumanipun Gusti menika namung sekedhap kemawon, kanyata Gusti Allah inggih milujengaken malih umat Israel. Menapa ingkang njalari Gusti nindakaken mekaten? Mboten sanes kejawi awit katresnanipun Gusti dhateng umatipun (Yok. 3:16). Gusti Allah boten ewah gingsir. Panjenengane tansah nresnani umatipun, kalebet kita sedaya, pramila rila ngurbanaken dhirinipun kangge kita ingkang asring mbalela dhateng Panjenengane. Kawilujengan, berkah, pangayoman, pamulihan, indhak-indhakan lan kasetyaning janjinipun menika namung awit katresnanipun Gusti dhateng kita. Sih-rahmat lan katresnan menika rumaket wonten ing Pribadinipun Gusti kita Yesus Kristus. Gesang menika nawakaken maneka warni kanikmatan ingkang damel manungsa asring supe bilih menika namung sawetawis wekdal kemawon, mboten langgeng. Ing katresnanipun Gusti kita nampeni maneka warni berkah ingkang langgeng. Pramila, perangan kita samangke lan selajengipun inggih menika njagi kasetyan kita dhumateng Gusti kanthi njagi sesambetan kita ing salebeting pandonga, pangibadah lan sikep kita dhateng sesami. Gusti mberkahi. | *SAR
Kemis, 10 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Yesaya 53:10-12; Jabur 31:9-16 DADI WONG BENER IKU ORA GAMPANG “Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk, tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.” (Yesaya 53:11) Kitab Yesaya pasal 53 menika nedahaken pameca ingkang sacara spesifik kelampahan ing nalika Gusti Yesus nglampahi salib. Pameca bab abdinipun Allah ingkang rawuh kangge mbirat manungsa, ingkang milujengaken boten namung bangsa Israel ananging sedaya umat manungsa. Sinaosa mekaten, pribadi ingkang sakwetahipun nindakaken kersanipun Gusti Allah menika ugi kagambaraken kagungan kekirangan sacara kamanungsan. Mudha taruna, boten bagus utawi elok, kaanggep asor lan dipun singkiri dening tiyang. Ananging, panjenengane andamel bangsa-bangsa lan pamimpinipun sami kaeraman. Ing ayat 11 menika abdinipun Gusti Allah kagambaraken “wong bener”. Dados “wong bener” menika mboten gampil. “Bener” ateges ing gesangipun nglampahi menapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah, sanes pikajengipun piyambak. Luwih gampang wong mbenerake awake dewe. Tiyang mboten gampil nampi kritikan liyan amargi rumaos bener, tiyang mboten gampil pitados dhateng liyan amargi rumaos dhirinipun bener, lan sanes-sanesipun. Sumangga kita mbudidaya dados “wong bener” inggih kanthi nindakaken kersanipun Gusti ing gesang kita. Kadosdene trubusan ingkang tuwuh lan ngrembaka, mekaten ugi “wong bener” badhe trubus lan tuwuh ngrembaka ing kapitadosan sarta ngedalaken woh-wohing karohanen. Kapitadosan ingkang tuwuh menika mitadosi Gusti Allah kuwagang milujengaken lan mitulungi kita nalika kita wonten ing salebeting kasisahan lan karupekan. Dene kapitadosan ingkang mboten tuwuh menika pratandhanipun mboten pitados dhateng panggulawenthahipun Gusti. “Wong bener” badhe nglampahi kaleresan ngantos dumugi yuswa sepuh. Boten gampil kuciwa tumrap menapa ingkang kelampahan ing gesangipun, mboten gampil sambat, gesangipun mboten kabereg kangge nindakaken kaculikan lan kecurangan. Kita sampun nampi kawilujengan awit satunggaling “Wong Bener” pramila sumangga kita ugi mbudidaya dados “wong bener” ing ngarsanipun Gusti. | *SAR
Rebo, 9 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Habakuk 3:2-15; Jabur 20; Lukas 18:31-34 WANCINIPUN GUSTI Gusti Yesus banjur nimbali sakabate rolas sarta dipangandikani mangkene: “Saiki Aku kabeh padha menyang Yerusalem lan kabeh kang katulisan dening para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektenan.” (Lukas 18:31) Wekdal ingkang cocog utawi pas menika dados salah satunggaling perkawis ingkang wigati supados tumindak/pakaryan menika kasil. Asring bilih ing pedamelan, peladosan malah ugi damel surprise menika mbetahaken wekdal ingkang pas supados rancangan lumampah kanthi sukses. Mekaten ugi Gusti Yesus anggenipun nglampahi pakaryan milujengaken manungsa saking dosa. Panjenengane nedahaken dhateng para murid bilih wekdal menika wekdal ingkang pas kangge njangkepi misinipun. Tumuju dhateng Yerusalem, Panjenengane badhe nglampahi pakaryan milujengaken jagad saking dosa srana tumindak ingkang mboten dipun nyana-nyana. Panjenengane dipun poyoki, dipun siya-siya, dipun idoni, lan dipun sedani dening tiyang-tiyang ingkang mboten wanuh kaliyan Gusti. Sampun bola-bali Gusti Yesus maringi pratandha dhateng para muridipun, ananging para murid dereng mangertos menapa sejatosipun ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Wonten kekidungan rohani mekaten: “Wanci Gusti menika langkung sae, nadyan awrat anggen mpun mangertosi. Krana pacoba kula tansah pitados, wanci Gusti menika langkung sae.” Pagesanganipun manungsa mboten uwal saking ruwet rentenging gesang. Kadhangkala kita mboten mangertos sakwetahipun tumrap rancanganipun Gusti. Kita mboten mangertos kapan wekdal ingkang pas miturut Gusti. Asring anggen kita ngantu-antu, kita ngraosaken bingung, kwatir, malah wonten ingkang kesuh awit rumaos Gusti mboten perduli. Kamangka, Gusti nindakaken kersanipun miturut wekdal lan caranipun. Pramila ingkang kita betahaken inggih menika tansah pitados lan setya dhumateng Gusti, tansah ndedonga, nyenyuwun supados Gusti rawuh nedahaken pangwaos lan sih-kasetyanipun temahan gesang kita kaanyaraken, kapulihaken lan kasantosakaken saha saben prasetyanipun jinangkepan ing gesang kita. Mboten gumantung sepinten dangunipun wekdal menika ananging fokus dhumateng Gusti. Mugi kita tansah bingah ngantu-antu wekdalipun Gusti ingkang sae. | *SAR
Slasa, 8 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Para Hakim 9:7-15; Jabur 20; I Yokanan 2:18-28 MILIH INGKANG LERES “Eri bebondhotan lajeng mangsuli dhateng wit-witan mau: Manawa dhasar temen-temen anggonmu padha arep njebadi aku dadi ratumu, mara padha ngauba ana ing ayomku; nanging manawa ora, kareben ana geni kang metu saka ing bebondhotan lan mangsa wit-wit kang ana ing pagunungan Libanon.” (Para Hakim 9:15) Ing wulan November 2024 ingkang kapengker, dipun wontenaken Pilkada serentak. Ateges kathah daerah ingkang mbetahaken pemimpin. Pramila, demi kemajengan lan karaharjan rakyat Indonesia, dipun betahaken pemimpin ingkang ajrih asih dhumateng Gusti. Milih pemimpin menika sanes perkawis ingkang sembrono. Dipun betahaken pertimbangan-pertimbangan ingkang mateng, mboten adhedhasar raos remen utawi mboten remen. Menika ingkang kelampahan ing Sikhem, amargi pasedherekan, mila tiyang-tiyang menika milih Abimelekh dados pamimpin. Kanthi ngginakaken pasemon ngengingi wit Zaitun, Ara lan Anggur, wit-wit ingkang aji malah mboten kepengin dados ratu. Bebondhotan eri ingkang mboten aji malah kepengin dados ratu. Bebondhotan eri tuwuh dados tiran lan nyirnakaken soksintena ingkang nglawan. Abimelekh menika arogan, piyambakipun mboten ngayomi rakyat, malah badhe numpes tiyang-tiyang Sikhem. Pepelingipun Yotam menika kedah kita gatosaken. Milih pamimpin mboten saged sembrono. Kedah dipun pirsani karakter tiyang menika, nggadhahi spirit ngayomi masyarakat alit, jujur lan adil, ngutamekaken kepentingan masyarakat tinimbang kapentingan pribadi lan golongan. Tiyang ingkang curang mboten pantes dados pemimpin. Saksampunipun pilihan kita dados pemimpin, kita ugi mboten saged nggadhahi sikep apatis, mboten perduli, ananging kita kedah ugi ndongakaken. Mbokbilih suwanten kita mboten banter kapireng ing upaya ndandosi nagari/daerah menika kejawi nalika Pilkada. Ananging kanthi pandonga, kita tansah nyuwantenaken pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti supados Gusti tansah ngayomi umatipun lumantar kebijakan-kebijakan ingkang dipun rancang dening para pamimpin, sarta supados Gusti maringaken angin perubahan ingkang damel karaharjan lan katentremaning masyarakat (Jabur 20:10).| *SAR
Senen, 7 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Pangentasan 40:1-15; Jabur 20; Ibrani 10:19-25 SESARENGAN NGIBADAH “Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.” (Ibrani 10:25) Menawi kita dolan dhateng wahana wisata sesarengan menika raosipun langkung seneng tinimbang menawi kita namung dolan piyambakan. Mekaten ugi pagesangan tiyang Kristen ugi dipun lampahi sesarengan mboten sorangan. Ibrani 10:19-25 menika mbereg dhateng kita sedaya kangge gesang wonten ing salebeting komunitas sesarengan kaliyan para pandherekipun Gusti Yesus sanesipun. Ing salebeting komunitas menika kita silih anyengkuyung, ngiyataken, neguhaken lan eling-ingelingaken (ayat 22-25). Punapa malih menawi kita nembe aben-ajeng kaliyan prekawis (pergumulan) ing gesang, kita gampil sanget nebih saking pasamuwan. Malah mbok menawi kita lajeng pitaken dhateng dhiri kita piyambak: “Lha apa gunane aku ndadak repot-repot menyang greja?”. Prekawis utawi pergumulan sejatosipun mboten trep menawi dados alesan mboten ngibadah dhateng greja. Awit manungsa ing donya menika boten uwal saking perkawis pergumulaning gesang. Perkawis pergumulan menika dados perangan ingkang aji ing salebeting lampahing gesang iman kita. Pramila sumangga kita lampahi gesang menika kanthi sesarengan. Sinaosa pangibadah sesarengan menika mboten ngewahi gesang utawi kawontenan kita, ananging pangibadah sesarengan menika njalari tuwuhipun raos kangge tetep tahan lan nggadhahi pengajeng-ajeng. Wonten ing pangibadah sesarengan menika kita mboten namung mirengaken piwulang ingkang nuwuhaken semangat ananging ugi kita nampi panglipuran, lan ugi tiyang sanes kakiyataken awit lelampahan ingkang nembe kita adhepi. Panyerat Serat Ibrani mangertos bilih ing satengahing kawontenan kita ngadhepi ruwet rentenging gesang, kita mbetahaken panyengkuyung tiyang sanes lan tiyang sanes ugi mbetahaken panyengkuyung kita. Pramila kita kedah ngekahi anggen kita ngandhemi Sahadating pangajeng-ajeng kita. Gusti mberkahi. | *SAR
Ahad, 6 April 2025 Minggu Pra Paskah V
Yesaya 43:16-21; Jabur 126; Filipi 3:4b-14; Yokanan 12:1-8 NGGINAKAKEN KESEMPATAN “Awit wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku iki anaKu ing kowe ora selawase.” (Yokanan 12:8) Mbok menawi kita nate ngendhe-endhe (menunda-nunda) nglampahi satunggaling ewah-ewahaning gesang. Contonipun kangge tiyang Kristen ngendhe-endhe kangge mratobat. Kita nggadhahi pamikiran: “sesuk esih ana wektu maneh.” Kamangka, kasunyatanipun mboten mesthi wonten kesempatan kangge nindakaken menika. Mboten wonten setunggal tiyang kemawon mangertos kapan pupusing gesangipun, ngantos kesempatan kangge mratobat menika mboten wonten malih. Enem dinten sakderengipun Paskah, Gusti Yesus tumuju dhateng Yerusalem nglangkungi kitha Betania panggenanipun Lazarus, Marta lan Maria. Pepanggihan kaliyan brayat menika, lajeng kembul bujono ing griyanipun Lazarus. Marta sibuk anggenipun leladi, cecawis dhaharan kagem Gusti Yesus lan tiyang-tiyang ingkang ndherek ing kembul bujono. Maria lajeng mendhet lisah jebad nared tulen setengah kati, kagem njebadi sukunipun Gusti Yesus lajeng kaseka kaliyan rikmanipun (ayat 3). Yudas Iskariot rumaos kaganggu kaliyan tumindak menika, rumaos eman, langkung sae menawi lisah menika dipun sade kangge mbiyantu tiyang miskin, awit lisah jebadan murni menika reginipun awis. Ananging Gusti Yesus mbelani Maria. Menika dados pratandha bilih Gusti mirsani katresnanipun Maria dhateng Panjenenganipun punika saestu tulus. Maria ngginakaken kesempatan menika kangge ngaturaken panuwun, leladi kanthi ngaturaken barang darbekipun ingkang aji inggih menika lisah jebad lan rikmanipun. Sinau saking sikepipun Maria, sumangga kita ugi nggladhi dhiri supados boten remen ngendhe-endhe kangge nindakaken perkawis ingkang utami. Kita kedah wicaksana ngginakaken kalodhangan ingkang wonten kangge mratobat, ngewah-ewahi dhiri supados langkung sae, leladi dhateng Gusti lan nandukaken katresnan dhateng sesami kita. Awit dereng tamtu kalodhangan menika kaparingaken malih ing gesang kita.| *SAR
Setu, 5 April 2025 Minggu Pra Paskah IV
Pangentasan 12:21-27; Jabur 126; Yokanan 11:45-57 PANGIBADAH: NGENGETI SIH-KATRESNANE GUSTI “Dene menawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika? Tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” (Pangentasan 12:26-27) Wujud berkahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita ingkang kedah dipun syukuri inggih menika ulang tahun (ambal warsa). Adatipun pangucap sokur ing dinten ambal warsa dipun tandhani kanthi pesta utawi dhahar sesarengan. Pangandikanipun Gusti ing dinten menika nerangaken bab riyaya Paskah, pangluwaranipun bangsa Israel saking wewelak kaping sedasa: Anak mbarep pejah. Pengetan Paskah menika pengetan ingkang kalebet bab anyar tumrap bangsa Israel, ananging dhawuhipun Gusti supados pengetan menika dados piwulang lan pengetan ingkang kedah dipun lestantunaken. Tujuanipun supados bangsa Israel tansah enget dhateng pangwaos lan pakaryanipun Gusti Allah dhateng bangsa menika. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling tumrap pakaryanipun Gusti Allah ngluwari bangsa Israel saking negari pangawulan, Mesir. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling bab pangwaosipun Gusti Allah ingkang ngluwari bangsa Israel saking wewelak setunggal ngantos sedasa. Sedaya keturunan Israel kedah mangertos bab menika, pramila pengetan Paskah kedah dipun lestantunaken turun-temurun. Pangibadah inggih menika caranipun tiyang-tiyang pitados nelakaken tuwin ngraosaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah adhedhasar pakaryanipun ingkang milujengaken, ingkang sampun dipun alami. Pangibadah menika panuwun sokur awit Sang Kristus sampun seda sinalib, nguwalaken kita saking paukuman pati, sinaosa secara lahiriah sedanipun awit raos gethingipun para imam dalah tiyang ingkang nampik Panjenenganipun. Pangibadah ingkang sejati inggih menika pangibadah ingkang tumemen nresnani lan ngurmati Gusti Allah, ngluhuraken asmanipun ingkang mawujud ing pagesangan kita saben dintenipun. Gusti mberkahi pangibadah kita sedaya ingkang kadhasaran panuwun sokur awit panggulawenthah lan berkahipun Gusti. Amin.|*SAR
Jemuwah, 4 April 2025 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 43:8-15; Jabur 126; Filipi 2:25-3:1 DADOS SEKSINIPUN GUSTI “Sira iki padha dadi seksiningSun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsun lan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane. Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng, sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh. (Yesaya 43:10) Dados seksi ing pengadilan menika mboten gampil. Seksi kedah saged maringi katrangan ingkang leres lan jujur. Para pandherekipun Gusti Yesus katimbalan dados seksi ingkang kautus maringi paseksi bab katresnanipun, piwulangipun lan pangwaosipun Gusti ing pagesangan kita. Minangka seksi, kita nggadhahi kalodhangan/kesempatan kangge dados margi berkah kasaenanipun Gusti dhateng lingkungan sekitar kita. Ing negari Babel, umat Israel aben ajeng kaliyan kawontenan ingkang kathah brahala Babel. Gusti nimbali umat Israel minangka seksi supados bangsa menika mangertos sinten ta Gusti Allah menika. Gusti Allah menika Juru wilujeng lan mboten wonten ingkang saemper kaliyan Panjenenganipun. Pangandikanipun Gusti menika ngengetaken dhateng kita sedaya bilih kita, para pandherekipun Gusti Yesus tinimbalan dados seksinipun Gusti. Dados seksinipun Gusti nggadhahi konsekuensi ingkang mboten gampil, kedah sakwetahing gesang kita nyunaraken kamulyanipun Gusti, martosaken pengalaman-pengalaman iman ingkang kita lampahi nalika kita nunggil kaliyan Gusti, mlampah sesarengan kaliyan Gusti, bingah sisah ing gesang, panggulawenthahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita lan ngestokaken dhawuhipun Gusti kanthi saestu. Kadosdene Timotius lan Epafroditus ingkang dipunutus dening rasul Paulus dhateng jemaat ing kitha Filipi minangka wakilipun, mekaten kita dados pirantosipun Gusti Allah ing jagad menika. Pramila kita kedah nglampahi gesang suci lan nggadhahi sifat-sifat ilahi. Nalika kita nindakaken ayahan kita dados seksi Sang Kristus, kita ugi saged ngraosaken wohipun lumantar tuwuhing pasamuwan ingkang ngrembaka. Sampun ngantos kita kesupen bilih kita menika seksinipun Sang Kristus. |*SAR
Kemis, 3 April 2025 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 43:1-7; Jabur 126; Filipi 2:19-24 PADHANGING PENGAJENG-AJENG ”Wong kang padha nyebar wiji karo mbrebes mili, bakal ngeneni kambi giyak-giyak. Wong kang lumaku maju kalawan nangis kambi nyebar wiji, mulihe mesthi kalawan surak-surak karo ngusung gedhengane.” (Jabur 126:5-6) Wonten satunggaling Profesor ngawontenaken percobaan. Piyambakipun mapanaken tikus cacahipun kalih ing kolam toya ing ruangan ingkang benten. Tikus menika saged nglangi, nanging dipun sengaja mboten saged medal saking kolam. Satunggaling ruangan peteng, ruangan sanesipun padhang jingglang. Lajeng dipun jaraken ngantos sedalu natas. Tikus ingkang wonten ing ruangan padhang jingglang tasih urip, nanging tikus ingkang wonten ing ruangan peteng sampun mati. Underanipun, tikus ingkang wonten ing ruangan padhang saged urip mboten awit kondisi badanipun langkung sae, ananging awit ningali padhang minangka pengajeng-ajengipun. Piyambakipun saged tahan urip awit taksih wonten pengajeng-ajeng menika. Pengarep-arep ing satengahing karubedan. Menika jejer ing perikop Jabur 126, kados sampun njlentrehaken isinipun pasal menika. Kanyata, sinaosa wonten ing salebeting kawontenan karubedan, bangsa Israel tansah nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang mbiyantu kangge tetep ngadeg jejeg. Pangajeng-ajeng menika tuwuh saking menapa ingkang sampun dipun lampahi lan menapa ingkang mesthi badhe dipun tampeni. Menawi kita samangke wonten ing satengahing karubedan, ampun ngantos kecalan pangajeng-ajeng. Nalika kita ing karubedan, ampun ngantos kadamel langkung peteng malih awit kita kirang nyadhari pitulunganipun Gusti ing mangsa kepengker lan kirang pitados tumrap pitulunganipun Gusti ing mangsa badhe kalampahan. Kita kedah pitados bilih Gusti Allah boten ewang gingsir. Nggatosaken ayat 5 lan 6 inggih menika tembung “bakal” lan “mesthi”. Sauger kita purun mbudidaya, mboten namung masrahaken dhumateng Gusti lajeng mendel kemawon, mila sinaosa rekaos, ruwet malah kedah mrebes mili, mesthi badhe nampeni asil ingkang sae. Gusti mberkahi. |*SAR
