Para Hakim 4:17-23, 5:24-31a; Jabur 118:1-2, 14-24; Wahyu 12:1-12 KIDUNG KAMENANGAN “Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.” (Wahyu 12:11) Wahyu menika sanes tulisan sejarah ing mangsa kepengker utawi gambaran kronologis mangsa ngajeng. Wahyu ngetingalaken peprentahaning Allah ing donya menika, atas sejarah lan atas mangsa ngajeng saking kathah sudhut paningal. Iblis kagambaraken minangka sawer kina utawi naga ageng, sirahipun pitu, singatipun sedasa, lan ngangge makutha lintang kalih welas (ay. 3). Naga menika kasil nyered saprotiga malaekat ing swarga dados setan-setan pandherekipun (ay. 4). Naga mbudidaya ngalang-alangi rancanganipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa. Piyambakipun mbudidaya kanthi maneka cara kangge nyedani Mesias (ay. 4 lan 13). Selajengipun kita maos paprangan antawisipun Iblis kaliyan sedaya pandherekipun nglawan Mikhael lan malaekat-malaekatipun (ay. 7). Paprangan ing swarga dipun menangaken dening Mikhael temah naga kauncalaken dhateng bumi, sesarengan kaliyan para malaekatipun (ay. 9). Mila lajeng kapireng kidung kamenangan ing swarga (ay. 11). Lumantar Wahyu menika kita mangertos bilih Iblis sampun dipun kawonaken lan peprentahanipun sampun sirna. Pramila sampun sakmesthinipun kita mboten ajrih malih tumrap pangwaosing pepeteng. Srana rah Sang Cempe kita sedaya nggadhahi pangwaos kangge ngidak Iblis. Ugi kanthi paseksi kita, kita saged ngawonaken Iblis. Pramila ingkang kita tindakaken inggih menika sukarena lan jumaga. Sukarena awit sampun nggadhahi landhesan kangge menang. Jumaga awit Iblis ingkang kawon ing swarga, samangke nglawan kita ing bumi, piyambakipun ngintimidasi kita siang ratri supados kapitadosan kita sangsaya ringkih. Yokanan ngengetaken bilih ing Sang Kristus wonten kamenangan nglawan Iblis awit Gusti Allah ingkang kwaos nggulawenthah, ngayomi lan mitulungi kita, samangke lan ngantos dumugi kalanggengan. Tansaha sengkut ing pandonga lan atur paseksi. Gusti badhe mitulungi. |*SAR
Senen, 21 April 2025 Minggu Paskah I
Yosua 10:16-27; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 5:6b-8 OKNUM “Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh? (I Korinta 5:6b) Kita asring mireng tembung oknum. Miturut kamus, tembung oknum menika ateges individu, person utawi satunggaling tiyang. Ing praktikipun, tembung oknum asring kaginakaken kangge tiyang ingkang nindakaken bab ingkang awon. Nalika supporter tim bal-balan punika njarah, wakil supporter tim menika lajeng paring katrangan bilih menika namung “oknum.” Nalika satunggaling kelompok tiyang nindakaken teror utawi panganiaya kanthi ngginakaken identitas tartamtu, tiyang ing kelompok menika nyebat menika namung “oknum.” Tembung oknum dados satunggaling alesan kangge ngresiki dhiri utawi cuci tangan saking tumindak koleganipun. Pasamuwan ing Korinta kaengetaken dening Rasul Paulus awit wonten anggotaning pasamuwan ingkang nindakaken dosa inggih menika tumindak jina kaliyan ibu kwalonipun piyambak (ay. 1). Rasul Paulus ing seratipun ngengetaken awit pasamuwan mboten tumindak menapa-menapa. Mbokmenawi awit toleransi dhateng tiyang menika utawi nganggep menika urusan pribadi. Utawi kanthi alesan, menika namung oknum! Rasul Paulus nyuwun supados tiyang ingkang damel dosa dipun edalaken saking pasamuwan. Awit, sepisan supados tiyang menika lingsem lan sadhar tumrap dosanipun (2 Tes. 3:14). Kaping kalih, supados pakulinan dosa menika mboten nular dhateng pasamuwan sanesipun (ay. 6). Tumindakipun Rasul Paulus ketingalipun kejem. Kita nganggep, lah kedahipun greja ngrangkul tiyang dosa? Tumindakipun Rasul Paulus menika namung kangge internal pasamuwan (ay. 9-13), khususipun kangge ingkang mboten rumaos klentu malah rumaos taksih pantes nyebat dhirinipun menika pandherekipun Gusti, malah peladosipun Gusti, sinaosa nglampahi pakulinan tumindak dosa. Kanggenipun tiyang pitados, kasucen menika mboten saged dipun tawa. Ing jaman ingkang mbereg tiyang noleransi sedaya perkawis, kalebet dosa lan laku jina, kita kedah enget bilih ing paningalipun Gusti, dosa menika dosa. Mboten saged kita nganggep lah, mung dosa cilik wae sing tak lakoni, lsp. Sikep ingkang trep tumrap pakulinan dosa inggih menika enggal mratobat lan boten nglakoni malih.| *SAR
Ahad, 20 April 2025 Minggu Paskah
Yesaya 65:17-25; Jabur 118:1-2, 14-24; Lelakone Para Rasul 10:34-43; Lukas 24:1-12 DINANIPUN GUSTI “Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah, ayo padha bungah-bungah lan sukarena.” (Jabur 118:24) Wonten tiyang ingkang remen dhateng angka-angka mirunggan. Mekaten ugi wonten tiyang ingkang remen tanggal, wulan utawi dinten-dinten ingkang kaanggep mirunggan. Nalika ngawontenaken satunggaling acara, langkung remen milih tanggal, wulan utawi dinten tartamtu, awit rumaos langkung nyaman, rumaos langkung untung menawi nindakaken perkawis ing wekdal-wekdal tartamtu menika. Jabur 118 menika dipun waosaken sacara sesautan ing pahargyan riyaya Yahudi kadosta riyaya Tanceping Tarub. Kanthi irama ingkang sigrak, pepujian menika mratelakaken kadospundi juru masmur nampeni pitulunganipun Gusti. Gusti mitulungi tiyang pitados samangsa tinampik dening donya menika (ay. 22). Kita ugi kaengetaken bilih wonten kalanipun Gusti nggulawenthah kita kanthi keras, boten supados kita cilaka, ananging supados kita wilujeng (ay. 18). Sinaosa menika pepujian ingkang dipun ungelaken ing dinten riyaya, sampun sakmestihinipun jabur menika kita gesangi ing saben dintenipun. Gusti ingkang ngripta saben dintenipun, mila kita memuji lan sukarena. Kadosdene juru masmur, nalika kita dipun tampik dening tiyang-tiyang amargi kapitadosan kita, nalika kita dipun mengsahi, utawi dipun serang awit kita nindakaken kaleresan, kita kedah sora muwun: menika dinten peparingipun Gusti, mila kula memuji kanthi sukarena. Mekaten ugi menawi kita nglampahi pergumulan, menika supados kita saged sinau lan nglampahi proses. Dinten menika kita ngenget-enget bilih Gusti sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah (Luk. 24:5). Paskah ateges menang. Gusti sampun ngawonaken pati lan maringi gesang anyar dhateng kita. Menika kedah kita ugemi ing saben dintenipun lan kita tampi kanthi sukarena bilih Gusti maringaken kawilujengan, karahayon lan pangajeng-ajeng dhateng kita sedaya, utaminipun nalika kita nemahi kasangsaraning gesang. Saben dinten punika dintenipun Gusti, dinten kemenangan. Wilujeng Paskah. | *SAR
Setu, 19 April 2025 Setu Sepi
Ayub 14:1-14; Jabur 31:1-4, 15-16; I Petrus 4:1-5; Matius 27:57-66 RINGKIH “Manungsa menawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula,” (Ayub 14:14) Ing film-film ingkang tema-ipun tiyang ingkang nggadhahi kekiyatan super, satunggaling kekiyatan ingkang asring dipun ketingalaken inggih menika kekiyatan kangge mulihaken dhiri kanthi cepet. Contonipun, satunggaling pahlawan super ingkang dhawah saking gedung tingkat, inggil sanget. Ananging awit piyambakipun saged mulihaken dhiri kanthi cepet, mila balung-balung ingkang risak utawi perangan badan ingkang ingkang tatu enggal saged pulih lajeng siyap tandhing malih nglawan mengsahipun. Tamtu kemawon menika namung khayalan. Sejatosipun menika nggambaraken pepenginanipun manungsa lan nedahaken kasunyatan bilih kawontenanipun manungsa menika ringkih. Ayub ugi mratelakaken bab menika. Piyambakipun malah mbandhingaken manungsa kaliyan wit. Nyatanipun, wit taksih langkung kiyat tinimbang kita. Wit ingkang sampun dipun tegor taksih saged tuwuh malih trubusanipun. Wonten wit ingkang umuripun ngantos atusan taun. Ing jamanipun Ayub, pangertosan bab pagesangan sasampunipun pejah menika dereng wonten. Sinaosa mekaten, Ayub ing ngriki, ing satengahipun pangertosan ingkang winates, nedahaken pangajeng-ajeng bab pepanggihan antawisipun Ayub kaliyan Gusti Allah sasampunipun piyambakipun pejah (ay. 14-15). Minangka tiyang pitados, kita ugi ngugemi lan mitadosi bab menika, bilih sasampunipun jasmani kita pejah, mboten langsung musnah. Ananging, kita malah badhe ngalami gesang langgeng ing roh. Menika sejatosipun ingkang mbedakaken manungsa kaliyan makhluk sanesipun. Lan minangka tiyang pitados, kita ugi nggadhahi perkawis ingkang mbedakaken kaliyan tiyang donya inggih menika kita nggadhahi jaminan kawilujengan ing kelanggengan. Manungsa menika makhluk ingkang ringkih. Sampun sakmesthinipun njalari kita langkung ngatos-atos anggen kita nglampahi gesang menika. Sinaosa kita ringkih, kita nggadhahi pengajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, Sumbering kekiyatan kita. Gusti mberkahi. | *SAR
Jemuwah, 18 April 2025 Jemuwah Adi
Yesaya 52:13-53:12; Jabur 22; Ibrani 4:14-16, 5:7-9; Yokanan 18:1-19:42 MENANG INGATASE PANGGODHA “Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” (Ibrani 4:15) Yesus Kristus menika Gusti. Menawi mekaten, menapa Gusti saged kagodha? Ibrani 4:15 ngendikakaken, “Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” Pancen kasunyatanipun ing Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Yesus menika kagodha. Lajeng, kagem menapa Gusti Yesus dipun godha? Supados nyata bilih Gusti Yesus menika saestu Allah lan saestu manungsa. Ing kamanungsanipun, badhe mratelakaken bilih Panjenenganipun ugi manungsa limrah ingkang saged ngraosaken karingkihan-karingkihan kita. Tembung “panggodha” ing basa Yunani ateges ugi “ujian.” Ujian ingkang dipun alami menika dados sarana nelakaken bilih Panjenengane tansah tuhu setya dhumateng Sang Rama nalika wonten ing kawontenan ingkang rumpil. Nalika ngalami panggodha kaping tiga ing ara-ara samun, mboten ateges Panjenengane mboten ngraosaken panjurung sacara kamanungsan. Mateus 4:2 nyerat kanthi cetha “… wekasan kerapan.” Gusti Yesus kerapan, ananging mboten kersa dipun kendalekaken dening raos kerapan menika. Gusti Yesus kagungan pepenginan, ananging Panjenengane mboten kersa dipun kendalekaken dening pepenginanipun pikantuk karajaning donya kanthi manembah dhateng Iblis. Namung satunggal bentenipun pengalaman Gusti Yesus kaliyan pengalamanipun manungsa, inggih menika Gusti Yesus mboten tumindak dosa. Yesus tansah menang atase panggodha. Dinten menika kita mahargya Jemuwah Adi, inggih ngenget-enget kasangsaran, lan sedanipun Gusti Yesus kangge milujengaken kita saking pangwaosing dosa, lan ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Menawi kita nembe ngalami pacoben, panggodha utawi ujian, kita kedah enget bilih Gusti Yesus ugi nate kagodha lan boten kawon dening panggodha. Nalika kita ngraosaken panjurung kangge nindakaken tumindak miturut pepenginan kamanungsan, kita kedah enget bilih Gusti Yesus ugi nate ngraosaken panjurung menika. Ananging Gusti Yesus menang ingatase panggodha, mila kita tansah yakin bilih kita ugi badhe kasagedaken! Sumangga kita tansah ngandelaken Gusti Yesus ing salebeting gesang kita. |*SAR
Kemis, 17 April 2025 Kemis Pethak
Pangentasan 12:1-4 (5-10), 11-14; Jabur 116:1-2, 12-19; I Korinta 11:23-36; Yokanan 12:1-17, 31b-35 SUPADOS NDHATENGAKEN BERKAH “Sabab sing sapa mangan sarta ngombe ora kalawan ngakoni sarirane Gusti, iku bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.” I Korinta 11:29 Dinten menika kita mahargya Kemis Pethak, inggih dinten sepisan saking Tri Hari Suci Paskah. Ing dinten menika kita ngenget-enget bujananipun Gusti Yesus kaliyan para sekabatipun, ing ndalu ndungkap Gusti Yesus kaulungaken. Prastawa punika dados dhasaring paladosan Bujana Suci. Bujana suci inggih menika sakramen ingkang dipun pranata dening Gusti Yesus piyambak. ”Lan sawuse saos sokur, tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: ”Iki badanku, kang kaulungake marga saka kowe; iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!” (ay. 24). Kanthi nindakaken bujana suci, kita badhe tansah enget dhateng panebusan lan pangurbananipun Sang Kristus ing kajeng salib demi milujengaken kita. Pasamuwan ing Korinta ugi nindakaken bujananipun Gusti menika. Emanipun, Pasamuwan nindakaken bujana punika kanthi boten prayogi. Anggenipun nindakaken bujana suci mboten mengeti pangurbananipun Sang Kristus, nanging malah ngginakaken kesempatan menika kangge nedha ngantos tuwuk lan mabuk (ay. 21). Rasul Paulus ngengetaken bilih pakulinan-pakulinan menika klentu. Bujana suci kedah katindakaken kanthi sikep manah ingkang tumemen supados mboten ndhatengaken paukuman. Wonten ingkang ringkih, sakit malah ugi nemahi pejah (ay. 30). Bujana suci dipun tindakaken ngantos dumugi ing wekdal samangke. Ing wekdal-wekdal ingkang katamtokaken, greja-greja nindakaken sakramen bujana menika. Ancasipun supados kita ngengeti malih sedanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Anggen kita nindakaken bujana suci supados dhatengaken berkah inggih menika nalika kita ndherek ing pambujanan, kita kedah ngakeni sariranipun Gusti (ay. 29). Ateges kanthi manah ingkang tumemen. Pramila, Rasul Paulus maringi pitutur supados kita ndadar dhiri langkung rumiyin saderengipun kita nampi sakramen bujana menika. Pangandikanipun Gusti menika mboten meden-medeni, ananging dados pepenget dhateng kita sedaya bilih nindakaken sakramen bujana kanthi manah ingkang tumemen menika minangka tandha panuwun sokur lan pakurmatan kita dhumateng Gusti. | *SAR
Rebo, 16 April 2025 Minggu Pra Paskah VI
Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:21-32 PANDONGA INGKANG JUJUR “Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!” (Jabur 70:2) Jabur 70 menika minangka salah satunggaling Kidung Pangadhuh, awit nggadhahi unsur pasambat, nyuwun pitulunganipun Gusti. Ing perangan menika, wonten kalih tembung “enggal” ingkang dipun ucapaken Dawud (ay. 2 lan 6), minangka panyuwunanipun supados Gusti sanalika ngluwari lan mitulungi saking pejah. Tembung “enggal” ing ngriki minangka pratandha Dawud mboten nggadhahi daya awit kawontenan darurat ingkang nembe dipun lampahi. Sinaosa piyambakipun rumaos mboten pantes kangge meksa Gusti enggal mitulungi ananging piyambakipun mboten kecalan pangajeng-ajeng kangge terus nyuwun dhateng Gusti supados ndherek campur asta tumrap masalah ingkang dipun adhepi. Sinau saking cariyosipun Dawud, sejatosipun kita inggih angsal nyuwun dhumateng Gusti supados enggal ngluwari kita saking masalah ingkang kita adhepi. Masalah dados sarana ngasah kapitadosan kita kangge ndedonga lan nyuwun pitulunganipun Gusti ngantos pandonga kita dipun ijabah dening Gusti. Kita sinau perkawis ingkang wigati saking Dawud inggih menika kedah ngotot ing pandonga. Ndedonga ngantos perkawis menika kelampahan. Ndedonga mboten namung sepisan napa ping kalih, ananging makaping-kaping ngantos kita ningali kadospundi Gusti nedahaken pitulunganipun dhateng kita. Jabur 70 ugi mulangaken dhateng kita kangge ndedonga mboten bertele-tele. Ndedonga kanthi jujur, tulus lan menapa wontenipun. Dawud mboten basa-basi dhateng Gusti. Mboten memuji kaluhuranipun Gusti rumiyin, lajeng ngaturaken panyuwunanipun. Malah bab menika nedahaken sesambetan ingkang rumaket sanget antawisipun Dawud kaliyan Gusti. Spontan, Dawud nyuwun supados Gusti enggal mitulungi. Kadospundi kaliyan kita, nalika kita ndedonga? Wonten wekdalipun kita memuji kaluhuranipun Gusti, nanging ugi wonten wekdalipun sacara spontan ngaturaken panyuwunan kita. Gusti nggatosaken pandonga ingkang jujur, tulus lan menapa wontenipun, awit ingkang wigati inggih menika pandonga ingkang kadhasaran manah ingkang tulus lan suci. |*SAR
Slasa, 15 April 2025 Minggu Pra Paskah VI
Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; I Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36 PADUDON ING PASAMUWAN “Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.” (1 Korinta 1:26) Umpaminipun panjenengan ngrawuhi satunggaling acara, ing ngriku wonten ingkang aneh. Sedaya ngagem rasukan werni ijem, lan panjenengan piyambak ingkang ngagem rasukan werni abrit. Kikuk lan lingsem raosipun. Ananging, panjenengan lajeng ningali wonten ingkang rawuh ngagem rasukan werni abrit, panjenengan ngraos lega. Langkung lega malih menawi panjenengan mirsani wonten enem ngantos welasan utawi puluhan tamu sanesipun ngagem rasukan abrit, tamtu panjenengan mboten lingsem malih. Menawi ingkang ngagem rasukan abrit langkung tinimbang ingkang ngagem rasukan ijem, panjenengan wantun nyuwun pirsa dhateng tiyang ingkang ngagem rasukan ijem, “Kenging menapa ngagem rasukan ijem?” Menawi tiyang menika mangsuli kanthi kasar lan ngina para tamu rasukan werni abrit, ing ngriku padudon saged kelampahan. Gampilipun mekaten padudon lan kubu-kubuan kelampahan. Menika kelampahan namung amargi werni rasukan (contonipun tawuran suporter bola). Rasul Paulus miwiti seratipun dhateng pasamuwan ing Korinta kanthi ngendikakaken bab ingkang nembe kelampahan. Ing pasamuwan Korinta sampun wiwit tuwuh kubu-kubuan. Wonten golonganipun Paulus, golonganipun Apolos, golonganipun Petrus lan wonten ingkang nganggep langkung murni nyebat dhirinipun golongan Kristus. Ananging, dhateng sedaya tiyang menika, Rasul Paulus ngendika, “Apa Sang Kristus kaperang-perang?” Kadospundi anggenipun kubu-kubuan menika, menawi Gusti ingkang dipun bekteni menika sami? Kadospundi rumaos golonganipun langkung sae tinimbang sanesipun menawi kasunyatanipun sedayanipun kawiwitan saking sauger manungsa ingkang mboten pantes nampeni sih-rahmat kawilujengan lan Injil (ay. 26)? Para sedherek, dinten-dinten menika anggen kita methukaken riyaya Paskah, dados wekdal kangge kita sedaya ngaturaken pandonga kangge patunggilanipun pasamuwan lan umatipun Gusti. Sami nggadhahi manah abdi, ajen-ingajeni lan andhap asor.| *SAR
Senen, 14 April 2025 Minggu Pra Paskah VI
Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11 SIH-KAMIRAHANIPUN GUSTI “Iba-iba ajining sih-kamirahanipun Paduka, dhuh Allah! Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.” (Jabur 36:8) Ing donya menika menapa wonten panggenan ingkang aman kangge kita? Tamtu kemawon wonten. Nanging kanthi setunggal syaratipun inggih menika mboten wonten tiyang duraka ing panggenan menika. Perkawisipun, tiyang duraka menika wonten ing pundi-pundi panggenan kados jamur ing mangsa rendheng. Ing saben panggenan wonten kemawon tiyang duraka ingkang gesangipun remen nindakane kadurakan lan mboten perduli dhateng Allah. Tiyang duraka mboten ajrih dhateng Gusti, temahan ngrantam-ngrantam kadurakan utawi piala wonten ing patilemanipun (Jab. 36:5). Menika nedahaken bilih pagesanganipun tiyang duraka namung dipun kuwaosi kadurakan. Ing negari berkembang kadosdene Indonesia, kadurakan sangsaya dumados. Menawi kita nggambaraken kita gesang ing panggenan ingkang kebak kadurakan, mboten wonten panggenan ingkang aman kangge kita lan anak-anak kita. Kadosdene ingkang dipun serat ing Jabur 36:1-5 ngengingi kadurakan. Ewasemanten, kita pantes ngucap sokur awit ing ayat 6-11 panyerat Jabur nyuwantenaken sih-kamirahanipun Gusti dhateng umatipun. Tegesipun, sinaosa kita kakupeng dening kadurakan lan piala, ananging Gusti badhe mbekta kita wonten ing aubing swiwinipun temahan kita aman (ay. 8). Kadhangkala kita rumaos kuwatos tumrap menapa ingkang badhe kelampahan ing kita menapa dene anak-anak kita ing mangsa ngajeng, 10 tahun ingkang badhe dhateng. Menawi kadurakan lan piala ing jaman samangke sampun kados mekaten nguwatosaken, kadospundi ing 10 tahun malih? Jabur 36 menika maringi kekiyatan, panglipuran, lan pangajeng-ajeng tumrap kita bilih sih-kamirahanipun Gusti badhe dipun tedahaken dhateng para umatipun. Sumangga kita pitados bilih Gusti ingkang dados Pangayoman tumrap kita lan anak-anak kita. Jaman ngalami ewah-ewahan ananging sih-kamirahanipun Gusti tansah kalajengaken dhateng tiyang-tiyang ingkang wanuh lan nresnani Panjenengane. Kaadilanipun kangge tiyang ingkang tulus manahipun (ay. 11). | *SAR
Ahad, 13 April 2025 Minggu Pra Paskah VI
Yesaya 50:4-9a; Jabur 31:9-16; Filipi 2:5-11; Lukas 23:1-49 KARANA PEPARINGIPUN GUSTI “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah” (Efesus 2:8) Salah satunggaling teolog ingkang nama C.S. Lewis ngendikakaken bilih salah satunggaling keunikan iman Kristen inggih menika piwulang babagan sih rahmatipun Allah. Sih-rahmat inggih menika peparingipun Gusti Allah dhateng manungsa kanthi ancas mbekta manungsa dhateng rancanganipun Gusti wiwitan mula. Piwulang agami umumipun nandhesaken bilih saben tiyang kedah nindakaken ingkang sae ing gesangipun supados mlebet swarga. Kosokwangsulipun namung kekristenan ingkang wantun nedahaken bilih Gusti Allah anggenipun nresnani manungsa menika tanpa syarat. Peparingipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa dosa kebabar wonten ing Gusti Yesus ingkang seda ing kajeng salib (Luk. 23:33-49). Minangka tiyang pitados, kita kedah mangertosi biih peparingipun Gusti menika aji sanget lan mboten wonten tandhingipun kaliyan menapa kemawon. Peparingipun Gusti Allah menika otoritas lan hak prerogratifipun Gusti. Menika gratis, mboten mbayar. Kadosdene hadiah ingkang aji sanget, mila kita badhe tansah ngurmati hadiah menika, njagi kanthi gumolonging manah minangka perkawis ingkang istimewa. Menawi kita ngrumaosi bilih kita sampun nampi peparingipun Gusti kamangka kita taksih sakkepenake damel dosa, menika ateges kita nolak tawaran peparingipun Gusti menika utawi ateges kita milih kangge ngadhepi paukuman langgeng. Sinaosa menika hak prerogratif-ipun Gusti ananging Gusti ugi maringi kamardikan dhateng kita kangge nampi utawi nolak. Pramila, kita ingkang sampun nampi peparingipun Gusti sampun sakmesthinipun sumadya kawangun lan katuntun dehing Gusti. Kita ingkang kawilujengaken mboten srana tumindak sae, ananging kawilujengaken kangge nindakaken kasaenan. Menika minangka panuwun sokur dhumateng Gusti, pangabekti kita dhumateng Gusti. Mila sumangga kita sangsaya giyat anggen kita nindakaken kasaenan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan minangka dados berkah kangge tiyang kathah. Gusti mitulungi. | *SAR
