Yesaya 65:17-25; Jabur 118:1-2, 14-24; Lelakone Para Rasul 10:34-43;
Lukas 24:1-12
DINANIPUN GUSTI
“Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah,
ayo padha bungah-bungah lan sukarena.”
(Jabur 118:24)
Wonten tiyang ingkang remen dhateng angka-angka mirunggan. Mekaten ugi wonten tiyang ingkang remen tanggal, wulan utawi dinten-dinten ingkang kaanggep mirunggan. Nalika ngawontenaken satunggaling acara, langkung remen milih tanggal, wulan utawi dinten tartamtu, awit rumaos langkung nyaman, rumaos langkung untung menawi nindakaken perkawis ing wekdal-wekdal tartamtu menika.
Jabur 118 menika dipun waosaken sacara sesautan ing pahargyan riyaya Yahudi kadosta riyaya Tanceping Tarub. Kanthi irama ingkang sigrak, pepujian menika mratelakaken kadospundi juru masmur nampeni pitulunganipun Gusti. Gusti mitulungi tiyang pitados samangsa tinampik dening donya menika (ay. 22). Kita ugi kaengetaken bilih wonten kalanipun Gusti nggulawenthah kita kanthi keras, boten supados kita cilaka, ananging supados kita wilujeng (ay. 18).
Sinaosa menika pepujian ingkang dipun ungelaken ing dinten riyaya, sampun sakmestihinipun jabur menika kita gesangi ing saben dintenipun. Gusti ingkang ngripta saben dintenipun, mila kita memuji lan sukarena. Kadosdene juru masmur, nalika kita dipun tampik dening tiyang-tiyang amargi kapitadosan kita, nalika kita dipun mengsahi, utawi dipun serang awit kita nindakaken kaleresan, kita kedah sora muwun: menika dinten peparingipun Gusti, mila kula memuji kanthi sukarena. Mekaten ugi menawi kita nglampahi pergumulan, menika supados kita saged sinau lan nglampahi proses. Dinten menika kita ngenget-enget bilih Gusti sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah (Luk. 24:5). Paskah ateges menang. Gusti sampun ngawonaken pati lan maringi gesang anyar dhateng kita. Menika kedah kita ugemi ing saben dintenipun lan kita tampi kanthi sukarena bilih Gusti maringaken kawilujengan, karahayon lan pangajeng-ajeng dhateng kita sedaya, utaminipun nalika kita nemahi kasangsaraning gesang. Saben dinten punika dintenipun Gusti, dinten kemenangan. Wilujeng Paskah. | *SAR