+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 21 April 2025 Minggu Paskah I

Yosua 10:16-27; Jabur 118:1-2, 14-24; I Korinta 5:6b-8

OKNUM

“Apa kowe padha ora sumurup, yen ragi sathithik iku rumasuk ing jladren kabeh?

(I Korinta 5:6b)

Kita asring mireng tembung oknum. Miturut kamus, tembung oknum menika ateges individu, person utawi satunggaling tiyang. Ing praktikipun, tembung oknum asring kaginakaken kangge tiyang ingkang nindakaken bab ingkang awon. Nalika supporter tim bal-balan punika njarah, wakil supporter tim menika lajeng paring katrangan bilih menika namung “oknum.” Nalika satunggaling kelompok tiyang nindakaken teror utawi panganiaya kanthi ngginakaken identitas tartamtu, tiyang ing kelompok menika nyebat menika namung “oknum.” Tembung oknum dados satunggaling alesan kangge ngresiki dhiri utawi cuci tangan saking tumindak koleganipun.

Pasamuwan ing Korinta kaengetaken dening Rasul Paulus awit wonten anggotaning pasamuwan ingkang nindakaken dosa inggih menika tumindak jina kaliyan ibu kwalonipun piyambak (ay. 1). Rasul Paulus ing seratipun ngengetaken awit pasamuwan mboten tumindak menapa-menapa. Mbokmenawi awit toleransi dhateng tiyang menika utawi nganggep menika urusan pribadi. Utawi kanthi alesan, menika namung oknum! Rasul Paulus nyuwun supados tiyang ingkang damel dosa dipun edalaken saking pasamuwan. Awit, sepisan supados tiyang menika lingsem lan sadhar tumrap dosanipun (2 Tes. 3:14). Kaping kalih, supados pakulinan dosa menika mboten nular dhateng pasamuwan sanesipun (ay. 6).

Tumindakipun Rasul Paulus ketingalipun kejem. Kita nganggep, lah kedahipun greja ngrangkul tiyang dosa? Tumindakipun Rasul Paulus menika namung kangge internal pasamuwan (ay. 9-13), khususipun kangge ingkang mboten rumaos klentu malah rumaos taksih pantes nyebat dhirinipun menika pandherekipun Gusti, malah peladosipun Gusti, sinaosa nglampahi pakulinan tumindak dosa. Kanggenipun tiyang pitados, kasucen menika mboten saged dipun tawa. Ing jaman ingkang mbereg tiyang noleransi sedaya perkawis, kalebet dosa lan laku jina, kita kedah enget bilih ing paningalipun Gusti, dosa menika dosa. Mboten saged kita nganggep lah, mung dosa cilik wae sing tak lakoni, lsp. Sikep ingkang trep tumrap pakulinan dosa inggih menika enggal mratobat lan boten nglakoni malih.| *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *