+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 19 April 2025 Setu Sepi

Ayub 14:1-14; Jabur 31:1-4, 15-16; I Petrus 4:1-5; Matius 27:57-66

RINGKIH

Manungsa menawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?

Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula,”

(Ayub 14:14)

              Ing film-film ingkang tema-ipun tiyang ingkang nggadhahi kekiyatan super, satunggaling kekiyatan ingkang asring dipun ketingalaken inggih menika kekiyatan kangge mulihaken dhiri kanthi cepet. Contonipun, satunggaling pahlawan super ingkang dhawah saking gedung tingkat, inggil sanget. Ananging awit piyambakipun saged mulihaken dhiri kanthi cepet, mila balung-balung ingkang risak utawi perangan badan ingkang ingkang tatu enggal saged pulih lajeng siyap tandhing malih nglawan mengsahipun. Tamtu kemawon menika namung khayalan. Sejatosipun menika nggambaraken pepenginanipun manungsa lan nedahaken kasunyatan bilih kawontenanipun manungsa menika ringkih. Ayub ugi mratelakaken bab menika. Piyambakipun malah mbandhingaken manungsa kaliyan wit. Nyatanipun, wit taksih langkung kiyat tinimbang kita. Wit ingkang sampun dipun tegor taksih saged tuwuh malih trubusanipun. Wonten wit ingkang umuripun ngantos atusan taun.

              Ing jamanipun Ayub, pangertosan bab pagesangan sasampunipun pejah menika dereng wonten. Sinaosa mekaten, Ayub ing ngriki, ing satengahipun pangertosan ingkang winates, nedahaken pangajeng-ajeng bab pepanggihan antawisipun Ayub kaliyan Gusti Allah sasampunipun piyambakipun pejah (ay. 14-15). Minangka tiyang pitados, kita ugi ngugemi lan mitadosi bab menika, bilih sasampunipun jasmani kita pejah, mboten langsung musnah. Ananging, kita malah badhe ngalami gesang langgeng ing roh. Menika sejatosipun ingkang mbedakaken manungsa kaliyan makhluk sanesipun. Lan minangka tiyang pitados, kita ugi nggadhahi perkawis ingkang mbedakaken kaliyan tiyang donya inggih menika kita nggadhahi jaminan kawilujengan ing kelanggengan. Manungsa menika makhluk ingkang ringkih. Sampun sakmesthinipun njalari kita langkung ngatos-atos anggen kita nglampahi gesang menika. Sinaosa kita ringkih, kita nggadhahi pengajeng-ajeng dhateng Gusti Allah, Sumbering kekiyatan kita.  Gusti mberkahi. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *