+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 18 April 2025 Jemuwah Adi

Yesaya 52:13-53:12; Jabur 22; Ibrani 4:14-16, 5:7-9; Yokanan 18:1-19:42

MENANG INGATASE PANGGODHA

Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” (Ibrani 4:15)

Yesus Kristus menika Gusti. Menawi mekaten, menapa Gusti saged kagodha? Ibrani 4:15 ngendikakaken, “Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” Pancen kasunyatanipun ing Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Yesus menika kagodha. Lajeng, kagem menapa Gusti Yesus  dipun godha? Supados nyata bilih Gusti Yesus menika saestu Allah lan saestu manungsa. Ing kamanungsanipun, badhe mratelakaken bilih Panjenenganipun ugi manungsa limrah ingkang saged ngraosaken karingkihan-karingkihan kita. Tembung “panggodha” ing basa Yunani ateges ugi “ujian.” Ujian ingkang dipun alami menika dados sarana nelakaken bilih Panjenengane tansah tuhu setya dhumateng Sang Rama nalika wonten ing kawontenan ingkang rumpil. Nalika ngalami panggodha kaping tiga ing ara-ara samun, mboten ateges Panjenengane mboten ngraosaken panjurung sacara kamanungsan. Mateus 4:2 nyerat kanthi cetha “… wekasan kerapan.” Gusti Yesus kerapan, ananging mboten kersa dipun kendalekaken dening raos kerapan menika. Gusti Yesus kagungan pepenginan, ananging Panjenengane mboten kersa dipun kendalekaken dening pepenginanipun pikantuk karajaning donya kanthi manembah dhateng Iblis. Namung satunggal bentenipun pengalaman Gusti Yesus kaliyan pengalamanipun manungsa, inggih menika Gusti Yesus mboten tumindak dosa. Yesus tansah menang atase panggodha.

Dinten menika kita mahargya Jemuwah Adi, inggih ngenget-enget kasangsaran, lan sedanipun Gusti Yesus kangge milujengaken kita saking pangwaosing dosa, lan ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Menawi kita nembe ngalami pacoben, panggodha utawi ujian, kita kedah enget bilih Gusti Yesus ugi nate kagodha lan boten kawon dening panggodha. Nalika kita ngraosaken panjurung kangge nindakaken tumindak miturut pepenginan kamanungsan, kita kedah enget bilih Gusti Yesus ugi nate ngraosaken panjurung menika. Ananging Gusti Yesus menang ingatase panggodha, mila kita tansah yakin bilih kita ugi badhe kasagedaken! Sumangga kita tansah ngandelaken Gusti Yesus ing salebeting gesang kita. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *