Pangentasan 12:1-4 (5-10), 11-14; Jabur 116:1-2, 12-19; I Korinta 11:23-36; Yokanan 12:1-17, 31b-35
SUPADOS NDHATENGAKEN BERKAH
“Sabab sing sapa mangan sarta ngombe ora kalawan ngakoni sarirane Gusti,
iku bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.”
I Korinta 11:29
Dinten menika kita mahargya Kemis Pethak, inggih dinten sepisan saking Tri Hari Suci Paskah. Ing dinten menika kita ngenget-enget bujananipun Gusti Yesus kaliyan para sekabatipun, ing ndalu ndungkap Gusti Yesus kaulungaken. Prastawa punika dados dhasaring paladosan Bujana Suci.
Bujana suci inggih menika sakramen ingkang dipun pranata dening Gusti Yesus piyambak. ”Lan sawuse saos sokur, tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: ”Iki badanku, kang kaulungake marga saka kowe; iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!” (ay. 24). Kanthi nindakaken bujana suci, kita badhe tansah enget dhateng panebusan lan pangurbananipun Sang Kristus ing kajeng salib demi milujengaken kita. Pasamuwan ing Korinta ugi nindakaken bujananipun Gusti menika. Emanipun, Pasamuwan nindakaken bujana punika kanthi boten prayogi. Anggenipun nindakaken bujana suci mboten mengeti pangurbananipun Sang Kristus, nanging malah ngginakaken kesempatan menika kangge nedha ngantos tuwuk lan mabuk (ay. 21). Rasul Paulus ngengetaken bilih pakulinan-pakulinan menika klentu. Bujana suci kedah katindakaken kanthi sikep manah ingkang tumemen supados mboten ndhatengaken paukuman. Wonten ingkang ringkih, sakit malah ugi nemahi pejah (ay. 30).
Bujana suci dipun tindakaken ngantos dumugi ing wekdal samangke. Ing wekdal-wekdal ingkang katamtokaken, greja-greja nindakaken sakramen bujana menika. Ancasipun supados kita ngengeti malih sedanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Anggen kita nindakaken bujana suci supados dhatengaken berkah inggih menika nalika kita ndherek ing pambujanan, kita kedah ngakeni sariranipun Gusti (ay. 29). Ateges kanthi manah ingkang tumemen. Pramila, Rasul Paulus maringi pitutur supados kita ndadar dhiri langkung rumiyin saderengipun kita nampi sakramen bujana menika. Pangandikanipun Gusti menika mboten meden-medeni, ananging dados pepenget dhateng kita sedaya bilih nindakaken sakramen bujana kanthi manah ingkang tumemen menika minangka tandha panuwun sokur lan pakurmatan kita dhumateng Gusti. | *SAR