+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 16 April 2025 Minggu Pra Paskah VI

Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:21-32

PANDONGA INGKANG JUJUR

“Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah,

mugi karsaa mitulungi kawula!”

(Jabur 70:2)

Jabur 70 menika minangka salah satunggaling Kidung Pangadhuh, awit nggadhahi unsur pasambat, nyuwun pitulunganipun Gusti. Ing perangan menika, wonten kalih tembung “enggal” ingkang dipun ucapaken Dawud (ay. 2 lan 6), minangka panyuwunanipun supados Gusti sanalika ngluwari lan mitulungi saking pejah. Tembung “enggal” ing ngriki minangka pratandha Dawud mboten nggadhahi daya awit kawontenan darurat ingkang nembe dipun lampahi. Sinaosa piyambakipun rumaos mboten pantes kangge meksa Gusti enggal mitulungi ananging piyambakipun mboten kecalan pangajeng-ajeng kangge terus nyuwun dhateng Gusti supados ndherek campur asta tumrap masalah ingkang dipun adhepi. 

Sinau saking cariyosipun Dawud, sejatosipun kita inggih angsal nyuwun dhumateng Gusti supados enggal ngluwari kita saking masalah ingkang kita adhepi. Masalah dados sarana ngasah kapitadosan kita kangge ndedonga lan nyuwun pitulunganipun Gusti ngantos pandonga kita dipun ijabah dening Gusti. Kita sinau perkawis ingkang wigati saking Dawud inggih menika kedah ngotot ing pandonga. Ndedonga ngantos perkawis menika kelampahan. Ndedonga mboten namung sepisan napa ping kalih, ananging makaping-kaping ngantos kita ningali kadospundi Gusti nedahaken pitulunganipun dhateng kita.

Jabur 70 ugi mulangaken dhateng kita kangge ndedonga mboten bertele-tele. Ndedonga kanthi jujur, tulus lan menapa wontenipun. Dawud mboten basa-basi dhateng Gusti. Mboten memuji kaluhuranipun Gusti rumiyin, lajeng ngaturaken panyuwunanipun. Malah bab menika nedahaken sesambetan ingkang rumaket sanget antawisipun Dawud kaliyan Gusti. Spontan, Dawud nyuwun supados Gusti enggal mitulungi. Kadospundi kaliyan kita, nalika kita ndedonga? Wonten wekdalipun kita memuji kaluhuranipun Gusti, nanging ugi wonten wekdalipun  sacara spontan ngaturaken panyuwunan kita. Gusti nggatosaken pandonga ingkang jujur, tulus lan menapa wontenipun, awit ingkang wigati inggih menika pandonga ingkang kadhasaran manah ingkang tulus lan suci. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *