+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 15 April 2025 Minggu Pra Paskah VI

Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; I Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36

PADUDON ING PASAMUWAN

“Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe

padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu

wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane,

ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.”

(1 Korinta 1:26)

Umpaminipun panjenengan ngrawuhi satunggaling acara, ing ngriku wonten ingkang aneh. Sedaya ngagem rasukan werni ijem, lan panjenengan piyambak ingkang ngagem rasukan werni abrit. Kikuk lan lingsem raosipun. Ananging, panjenengan lajeng ningali wonten ingkang rawuh ngagem rasukan werni abrit, panjenengan ngraos lega. Langkung lega malih menawi panjenengan mirsani wonten enem ngantos welasan utawi puluhan tamu sanesipun ngagem rasukan abrit, tamtu panjenengan mboten lingsem malih. Menawi ingkang ngagem rasukan abrit langkung tinimbang ingkang ngagem rasukan ijem, panjenengan wantun nyuwun pirsa dhateng tiyang ingkang ngagem rasukan ijem, “Kenging menapa ngagem rasukan ijem?” Menawi tiyang menika mangsuli kanthi kasar lan ngina para tamu rasukan werni abrit, ing ngriku padudon saged kelampahan. Gampilipun mekaten padudon lan kubu-kubuan kelampahan. Menika kelampahan namung amargi werni rasukan (contonipun tawuran suporter bola).

Rasul Paulus miwiti seratipun dhateng pasamuwan ing Korinta kanthi ngendikakaken bab ingkang nembe kelampahan. Ing pasamuwan Korinta sampun wiwit tuwuh kubu-kubuan. Wonten golonganipun Paulus, golonganipun Apolos, golonganipun Petrus lan wonten ingkang nganggep langkung murni nyebat dhirinipun golongan Kristus. Ananging, dhateng sedaya tiyang menika, Rasul Paulus ngendika, “Apa Sang Kristus kaperang-perang?” Kadospundi anggenipun kubu-kubuan menika, menawi Gusti ingkang dipun bekteni menika sami? Kadospundi rumaos golonganipun langkung sae tinimbang sanesipun menawi kasunyatanipun sedayanipun kawiwitan saking sauger manungsa ingkang mboten pantes nampeni sih-rahmat kawilujengan lan Injil (ay. 26)? Para sedherek, dinten-dinten menika anggen kita methukaken riyaya Paskah, dados wekdal kangge kita sedaya ngaturaken pandonga kangge patunggilanipun pasamuwan lan umatipun Gusti. Sami nggadhahi manah abdi, ajen-ingajeni lan andhap asor.| *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *