Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11
SIH-KAMIRAHANIPUN GUSTI
“Iba-iba ajining sih-kamirahanipun Paduka, dhuh Allah!
Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.”
(Jabur 36:8)
Ing donya menika menapa wonten panggenan ingkang aman kangge kita? Tamtu kemawon wonten. Nanging kanthi setunggal syaratipun inggih menika mboten wonten tiyang duraka ing panggenan menika. Perkawisipun, tiyang duraka menika wonten ing pundi-pundi panggenan kados jamur ing mangsa rendheng. Ing saben panggenan wonten kemawon tiyang duraka ingkang gesangipun remen nindakane kadurakan lan mboten perduli dhateng Allah. Tiyang duraka mboten ajrih dhateng Gusti, temahan ngrantam-ngrantam kadurakan utawi piala wonten ing patilemanipun (Jab. 36:5). Menika nedahaken bilih pagesanganipun tiyang duraka namung dipun kuwaosi kadurakan.
Ing negari berkembang kadosdene Indonesia, kadurakan sangsaya dumados. Menawi kita nggambaraken kita gesang ing panggenan ingkang kebak kadurakan, mboten wonten panggenan ingkang aman kangge kita lan anak-anak kita. Kadosdene ingkang dipun serat ing Jabur 36:1-5 ngengingi kadurakan. Ewasemanten, kita pantes ngucap sokur awit ing ayat 6-11 panyerat Jabur nyuwantenaken sih-kamirahanipun Gusti dhateng umatipun. Tegesipun, sinaosa kita kakupeng dening kadurakan lan piala, ananging Gusti badhe mbekta kita wonten ing aubing swiwinipun temahan kita aman (ay. 8).
Kadhangkala kita rumaos kuwatos tumrap menapa ingkang badhe kelampahan ing kita menapa dene anak-anak kita ing mangsa ngajeng, 10 tahun ingkang badhe dhateng. Menawi kadurakan lan piala ing jaman samangke sampun kados mekaten nguwatosaken, kadospundi ing 10 tahun malih? Jabur 36 menika maringi kekiyatan, panglipuran, lan pangajeng-ajeng tumrap kita bilih sih-kamirahanipun Gusti badhe dipun tedahaken dhateng para umatipun. Sumangga kita pitados bilih Gusti ingkang dados Pangayoman tumrap kita lan anak-anak kita. Jaman ngalami ewah-ewahan ananging sih-kamirahanipun Gusti tansah kalajengaken dhateng tiyang-tiyang ingkang wanuh lan nresnani Panjenengane. Kaadilanipun kangge tiyang ingkang tulus manahipun (ay. 11). | *SAR