+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 13 April 2025 Minggu Pra Paskah VI

Yesaya 50:4-9a; Jabur 31:9-16; Filipi 2:5-11; Lukas 23:1-49

KARANA PEPARINGIPUN GUSTI

“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah”

(Efesus 2:8)

Salah satunggaling teolog ingkang nama C.S. Lewis ngendikakaken bilih salah satunggaling keunikan iman Kristen inggih menika piwulang babagan sih rahmatipun Allah. Sih-rahmat inggih menika peparingipun Gusti Allah dhateng manungsa kanthi ancas mbekta manungsa dhateng rancanganipun Gusti wiwitan mula. Piwulang agami umumipun nandhesaken bilih saben tiyang kedah nindakaken ingkang sae ing gesangipun supados  mlebet swarga. Kosokwangsulipun namung kekristenan ingkang wantun nedahaken bilih Gusti Allah anggenipun nresnani manungsa menika tanpa syarat. Peparingipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa dosa kebabar wonten ing Gusti Yesus ingkang seda ing kajeng salib (Luk. 23:33-49).

Minangka tiyang pitados, kita kedah mangertosi biih peparingipun Gusti menika aji sanget lan mboten wonten tandhingipun kaliyan menapa kemawon. Peparingipun Gusti Allah menika otoritas lan hak prerogratifipun Gusti. Menika gratis, mboten mbayar. Kadosdene hadiah ingkang aji sanget, mila kita badhe tansah ngurmati hadiah menika, njagi kanthi gumolonging manah minangka perkawis ingkang istimewa.  Menawi kita ngrumaosi bilih kita sampun nampi peparingipun Gusti kamangka kita taksih sakkepenake damel dosa, menika ateges kita nolak tawaran peparingipun Gusti menika utawi ateges kita milih kangge ngadhepi paukuman langgeng.

Sinaosa menika hak prerogratif-ipun Gusti ananging Gusti ugi maringi kamardikan dhateng kita kangge nampi utawi nolak. Pramila, kita ingkang sampun nampi peparingipun Gusti sampun sakmesthinipun sumadya kawangun lan katuntun dehing Gusti. Kita ingkang kawilujengaken mboten srana tumindak sae, ananging kawilujengaken kangge nindakaken kasaenan. Menika minangka panuwun sokur dhumateng Gusti, pangabekti kita dhumateng Gusti. Mila sumangga kita sangsaya giyat anggen kita nindakaken kasaenan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan minangka dados berkah kangge tiyang kathah. Gusti mitulungi. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *