+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 12 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Kaimaman 23:1-8; Jabur 31:9-16

MAKNANIPUN PENGETAN DINTEN RIYAYA

“Nem dina wong padha nyambut gawe, nanging dina kapitu iku sabat,

dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja

padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah

ana ing sakehe papan panggonanira.”

 (Kaimaman 23:3)

Dinten riyaya utawi dinten prei nasional limrahipun dipun wontenaken kangge mengeti prastawa wigati ingkang kelampahan ing mangsa kepengker. Kadosta, kita mengeti dinten kamardhikan bangsa Indonesia saben tanggal 17 Agustus, kangge ngengeti momen sejarah proklamasi kamardikanipun bangsa Indonesia. Boten wonten dinten riyaya kangge mengeti prastawa ingkang kelampahan ing mangsa ingkang dereng kalampah. Ewa semanten, Gusti Allah netepaken dinten-dinten riyaya ingkang kedah dipun pengeti dening bangsa Israel sacara turun-temurun malah kangge ngengetaken gegayutan kaliyan prastawa-prastawa ingkang badhe kelampahan ing mangsa ngajeng. Gusti Allah ngersakaken dinten riyaya mboten namung ngengeti menapa ingkang sampun kelampahan, ananging dados pepenget ingkang wigati gegayutan kaliyan menapa ingkang badhe kelampahan ing mangsa ngajeng.

Dinten Riyaya Paskah dipun pengeti kanthi cara nyembelih wedhus cempe, ngengetaken dhateng prastawa  pangolesan getih cempe ing lawang kangge milujengaken tiyang Israel saking wewelak patine anak mbajeng ing Mesir. Pengetan Paskah menika sejatosipun nedahaken dhateng prastawa ingkang badhe dhateng inggih menika Putraning Allah ingkang seda ing kajeng salib kangge milujengaken manungsa saking dosa. Menika sanes kebetulan, pangandikanipun Gusti ing Kolose 2:16-17 mekaten: “Sarehne mangkono aja nganti ana wong kang ngukumi kowe bab mangan lan ngombe, utawa bab dina riyaya, sasi anyar lan dina Sabat. Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.” Mekaten ugi dinten-dinten riyaya sanesipun, ing Prajanjian Anyar  saged sareng lumampah kaliyan dinten-dinten riyaya ing Prajanjian Lami. Menika nedahaken bilih Gusti Allah tansah nggatosaken umatipun lumantar prastawa-prastawa ingkang wigati. Pramila, lumantar dinten sabat lan riyaya gerejawi, kita tindakaken kanthi tumemen kanthi manah ingkang manembah lan bekti dhumateng Gusti. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *