+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 11 April 2025 Minggu Pra Paskah V

Yesaya 54:9-10; Jabur 31:9-16

AWIT KATRESNAN

Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.”

(Yesaya 54:10)

Ing salebeting gesang neningkahan, tiyang kakung lan estri kasuwun tansah setya tuhu. Arang sanget menawi sampun tumindak sedheng lajeng sedya ngapunteni lan nampeni malih. Kathah-kathahipun pilih pepisahan. Ananging, menawi menika kelampahan saged kemawon sesambetan sesemahan menika lajeng kapulihaken. Menika ingkang kelampahan ing sesambetanipun Gusti Allah lan Israel, semah ingkang mboten setya.

Pangandika menika sejatosipun negesaken malih sih-susetyanipun Gusti ingkang langgeng. Mboten wonten lelampahan ingkang saged mbatalaken janji kasetyanipun Gusti dhateng umat. Paukumanipun Gusti menika namung sekedhap kemawon, kanyata Gusti Allah inggih milujengaken malih umat Israel. Menapa ingkang njalari Gusti nindakaken mekaten?  Mboten sanes kejawi awit katresnanipun Gusti dhateng umatipun (Yok. 3:16).

Gusti Allah boten ewah gingsir. Panjenengane tansah nresnani umatipun, kalebet kita sedaya, pramila rila ngurbanaken dhirinipun kangge kita ingkang asring mbalela dhateng Panjenengane. Kawilujengan, berkah, pangayoman, pamulihan, indhak-indhakan lan kasetyaning janjinipun menika namung awit katresnanipun Gusti dhateng kita. Sih-rahmat lan katresnan menika rumaket wonten ing Pribadinipun Gusti kita Yesus Kristus.

Gesang menika nawakaken maneka warni kanikmatan ingkang damel manungsa asring supe bilih menika namung sawetawis wekdal kemawon, mboten langgeng. Ing katresnanipun Gusti kita nampeni maneka warni berkah ingkang langgeng.  Pramila, perangan kita samangke lan selajengipun inggih menika njagi kasetyan kita dhumateng Gusti kanthi njagi sesambetan kita ing salebeting pandonga, pangibadah lan sikep kita dhateng sesami. Gusti mberkahi. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *