Yesaya 6:1-4; Jabur 30; Lukas 14:12-14 TIMBALAN SUCI SAKING GUSTI “Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane… Iku padha nguwuh sesauran, tembunge: Suci-suci-suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane!” ( Yesaya 6:2,3 ) Nalika kaleksanan ibadah tetepan Pandhita, kita nekseni pendhita ingkang katetetaken kinubeng dening para pendhita lan tinumpangan asta. Nekseni pristiwa wau geter raosing manah: iba ta sucining pristiwa wau. Nyatitekaken lelampahan ingkang kasebat ing Yesaya 6, geter manah kita ! Nalika Allah nimbali Yesaya jumeneng nabi, Yesaya nekseni bilih Gusti Allah jumeneng sinartan malaekatiPun. Para malaekatipun sami koor mujekaken ”suci-suci”; ngunjukaken pepujian bab kasucenipun Allah. Saestu lelampahan wau nelakaken sucining swasana patimbalan kanabianipun Yesaya. Inggih sedaya mratelakaken iba ta sucining kalenggahan ingkang katetepaken piyambak dening Allah. Kasucening timbalan jalaran anggenipun Allah milih, mething lan nimbali Yesaya ingkang nimbali manungsa najis dipun lilani lelados kagem Allah ingkang Mahasuci. Sucining timbalan wau ugi sinengkuyung dening para malaekatipun Allah lan umatipun. Punika katitik saking swasananing padaleman suci ingkang sineksenan ngantos horeg. Swasana ingkang makaten wau temen mbuktekaken bilih timbalaning kalenggahan estu wujud timbalan ing satengahing kasucen ingkang sinengker dening Allah. Kadospundi anggenipun Allah makarya nucekaken Yesaya, kacetha saking ayat 6,7 kanthi sanepa wonten mawa mengangah ingkang kasenggolaken ing tutukipun Yesaya. Kalenggahan tata kristen boten namung ing bab jabatan-gereja (Pandhita, Pinisepuh lan Diaken). Saestunipun saben tiyang pitados punika katetepaken dening Gusti,nglenggahi kalenggahan,inggih punika dados panungsa ingkang kedah mbiwarakaken Injiling tentrem rahayu. Saben tiyang ingkang tinimbalan makaten wau, kalimputan ing kasucenipun Gusti Allah, inggih sinucekaken dening Gusti srana rahipun sang Kristus. Pramila sumangga nindakaken timbalan kanthi bingah lan matur dhateng Allah kadosdene Yesaya anggenipun matur :”…Aku banjur munjuk: Sumangga,mugi karsaa ngutus kawula…” (ay.8). |*BP
Kemis, 1 Mei 2025 Minggu Paskah II
Yesaya 5:11-17; Jabur 30; Wahyu 4:14-22 BINGAH KRANA LUWAR SAKING KARIBEDAN “Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan,pangangge kawula bagor Paduka rucat,kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan, …” (Jabur 30:12-13) Awit saking bingahipun saras saking sakit ingkang awrat, pak Naya sabrayat lajeng ngulemi warga ing wilayahipun kangge kempalan pandonga(bidston) caos sukur dhateng Gusti,kapimpin dening bapa Pendhitanipun. Kabingahanipun pribadi dados kabingahaning brayat lan sapantha warganig pasamuwan,sadaya kaajak ugi sami bebingah. MC. Barth lan BA. Pereira mratelakaken Jabur 30 punika kaanggit nalikanipun juru mazmur mentas nandhang sakit. Sadangunipun sakit ngraosaken beban ingkang awrat sanget, pindha wonten ing juranging pati,mila ngantos sesambat nyuwun kawlasanipun Allah. Kawontenaning gesangipun ngantos kadosdene gesang mangangge bagor, pratandha kaprihatosan ingkang lebet sanget, ingkang rumaos asor sanget tanpa daya. Lah samangke sasampunipun saras, rumaos bilih ingkang nyarasaken tan liya namung Gusti Allah sang Yehuwah. Gesang ing kasarasan peparingipun Allah karaosaken kadosdene ngalami gesang malih, gesang ingkang kados sampun ilang, sapunika kapulihaken wangsul saras malih. Swasananing manah ingkang gumbira, kagambaraken ngantos saged jejogedan, asabuk kabingahan,inggih bingahipun ngantos tanpa upami. Sasampunipun nampi kasarasan, lajeng ngajak sesarengan para sekabatipun bebingah, atur panuwun dhateng Allah (katitik saking pangucap ”lan sampun ngantos kendel kemawon”). Kabingahan krana pangluwar saking Gusti Allah kedah kabiwarakaken dhateng tiyang kathah supados tiyang kathah ugi ngraosaken kasaenanipun Allah. Punapa ingkang kelampahan ing gesangipun Juru mazmur, paring piwulang dhateng kita sami para pitados, yen ta kita sami ngraosaken lan nandhang karibedan, mesthi boten badhe kelampahan salaminipun gesang. Ing pangawasanipun Gusti, kita mesthi badhe kiyat nyanggi kanthi kasabaran lan badhe wonten titi wanci karampunganipun,uwal saking sadhengah karibedaning gesang. |*BP
Rebo, 30 April 2025 Minggu Paskah II
Ester 9:1-5; Jabur 122; Lukas 12:4-12 RUMAKET KALIYAN GUSTI “Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.” (Ester 9:4) Pasrawungan ingkang celak kaliyan para pangarsa, pangageng panci saged maringaken kauntungan sacara mirunggan. Samudayanipun kados-kados langkung gampil. Kedah dipun akeni bilih bangsa Yahudi kasil, sukses ing Persia, dipun ajeni lan ajrihi kaliyan mengsah-mengsahipun. Sedaya menika mboten uwal saking kalenggahanipun Ester lan Mordekhai ingkang caket sanget kaliyan Sang Prabu. Awit keparengipun Sang Prabu, drajatipun Ester lan Mordekhai kaangkat. Ester dados ratu prameswari lan Mordekhai dados panggedhenipun Karajan. Awit pangwaosipun menika, tamtu kemawon tiyang-tiyang Yahudi gampil sanget ngawonaken mengsah-mengsahipun. Ing babagan gesang karohanen, kita kedah mapanaken dhiri langkung inggil tinimbang prekawis-prekawising gesang. Kita kedah unggul saking rupi-rupi prekawis lan tantanganing gesang menika bab ingkang wigati. Saumpami ing paprangan, kita dados sniper ingkang kanthi gampil ngawonaken mengsah awit wonten ing posisi inggil, nggadhahi pandhangan ingkang wiyar. Mbudidaya unggul saking tantanganing gesang punika bab ingkang prayogi. Bab punika saged kalampahan manawi kita nggadhahi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti, menika ingkang dados prioritas kita. Menawi penggalihipun Gusti sampun karenan dhateng kita, mila posisi kita ugi dados langkung inggil. Ing pagesangan kita, mbokmenawi kita ngadhepi “Goliat” utawi tantangan, ananging rumaketipun sesambetan kita kaliyan Gusti dados jaminan kita kuwagang ngawonaken “goliat” menika. Dawud nalika ngadhepi Goliat ingkang sacara fisik langkung inggil. Nanging Dawud saged ngawonaken. Kuncinipun inggih menika Dawud ngadhepi Goliat kanthi mbekta asmanipun Gusti, langkung inggil tinimbang menapa kemawon. Perkawis pergumulan kita mbokmenawi ageng ugi awrat, ananging sampun ngantos kita kesupen bilih kita nggadhahi Gusti Allah ingkang luhur. Nalika kita tansah rumaket kaliyan Gusti, ajrih asih dhumateng Gusti (Luk. 12:5), mila Panjenengane badhe ngrampungaken perkawis pergumulan kita.| *SAR
Selasa, 29 April 2025 Minggu Paskah II
Ester 8:1-17; Jabur 122; Wahyu 2:8-11 MOKAL EWAH? “Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.” (Ester 8:8) Sasampunipun Haman pejah ing saka panyulahan, sedayanipun ketingal sae-sae kemawon. Ananging, kanyata bilih perkawisipun dereng rampung. Bebaya taksih ngancam tiyang-tiyang Yahudi. Sinaosa Haman sacara wadag sampun mboten wonten, ananging warisanipun taksih gesang. Inggih menika serat-serat damelanipun Haman ingkang isi dhawuh supados numpes sekathahing tiyang Yahudi ing dhaerah wewengkonipun Sang Prabu taksih kelampahan lan mboten saged dipun ewahi. Sinaosa mekaten, wonten kamungkinan serat-serat menika saged dipun ewahi, inggih kanthi ngedalaken serat-serat anyar ingkang tingkat wewenangipun langkung inggil. Mila, Ester selajengipun nyenyuwun dhumateng Sang Prabu supados nyeled serat-serat damelanipun Haman, kagantos serat-serat saking Sang Prabu ingkang adhawuh njalari kawilujenganipun tiyang Yahudi. Ing sewaunipun mboten saged dipun ewahi, pungkasanipun saged dipun ewahi. Kawontenan ingkang sami mbokbilih ugi kita alami. Kadosdene Ester lan Mordekhai, kita ugi dipun adhepaken kaliyan kawontenan ingkang mokal saged dipun ewahi. Ngengingi sesakit ingkang mboten saged mantun. Ngengingi perkawis kulawarga, anak sampun umur diwasa nanging dereng saged tanggel jawab. Umur sampun sangsaya tambah nanging dereng kaparingan yoga. Semah ingkang saben dinten kita dongakaken ananging mboten ngalami ewah-ewahan. Peranganing brayat ingkang angel sanget nampi Gusti Yesus. Bisnis ingkang mboten ngalami pertumbuhan. Sedaya menika ketingalipun angel sanget dipun ewahi utawi mokal dipun ewahi, ananging sampun ngantos kita cilik ngati. Wonten setunggal “serat-serat/meterai” ingkang saged ngewahi sedaya menika, meterai ingkang wewenangipun langkung inggil saking sadhengah perkawis ingkang mokal. Inggih menika, kagem Gusti mboten wonten perkawis ingkang mokal. Kadosdene Sang Prabu ingkang kuwagang ngewahi meterai Haman ingkang mboten saged dipun ewahi. Gusti Allah punika langkung kuwagang, Panjenenganipun kuwaos ngewahi kawontenan gesang kita. Pitadosa! Amin. |*SAR
Senen, 28 April 2025 Minggu Paskah II
Ester 7:1-10; Jabur 122; Wahyu 1:9-20 KADOS BUMERANG “Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!” (Ester 7:9) Gusti Allah andamel Ester menunda anggenipun badhe ngaturaken pikajengipun dhateng Sang Prabu Ahasyweros. Kaserat, panyuwunanipun katundha kaping kalih. Sepisan nalika manggihi Sang Prabu ing wekdal sepisanan, lan kaping kalihipun nalika ing bujana sesaosan sepisan. Lan ing bujana sesaosan kaping kalihipun, Ester ngaturaken panyuwunanipun. Panyulahan dedegipun seket asta menika dipun cawisaken dening Haman kangge nyulah Mordekhai. Dipun degaken sasampunipun nyowani bujana sesaosanipun Ester. Saumpami Ester ngaturaken panyuwunanipun ing kesempatan kapisan, tamtu Haman mbok menawi pejah kanthi cara sanes. Mbok manawi Haman boten pejah ing panyulahan ingkang dipun cawisaken piyambakipun kangge tiyang sanes. Hukum nyebar-ngundhuh menika kelampahan (berlaku). Ing Prajanjian Anyar kadosta 2 Korinta 9:6, lan kaserat ing Prajanjian Lami (WB 9:7; 10:8; 11:19, 25; 13:3, 11; 26:27; 28:10, 13, 18). Ananging lumantar waosan menika inggih kadospundi caranipun Gusti nundha panyuwunanipun Ester, kanyata bilih Gusti badhe njejegaken kaleresan saking ayat-ayat menika kanthi prastawa ingkang nyata. Saumpami Haman nyebar winih pari, tamtu ngundhuh pari. Emanipun, ingkang dipun sebar inggih menika saka panyulahan, mila mekaten ugi ingkang piyambakipun tampi. Gesang menika kadasta bumerang: menapa ingkang kita uncalaken, badhe mbalik dhateng kita. Pramila, menapa ingkang Haman alami dados panjurung tumrap kita supados nyebar kabecikan. Mboten kados nalika kita nyebar pari, wekdalipun ngundhuh kabecikan utawi kadurakan menika mboten pasti. Rasul Paulus ngengetaken supados kita mboten bosen-bosen nindakaken kabecikan (Gal. 6:9). Menawi sampun wekdalipun, kita badhe ngundhuh menapa ingkang sampun kita sebar, sae menika kabecikan utawi kadurakan. | *SAR
Ahad, 27 April 2025 Minggu Paskah II
Lelakone Para Rasul 5:27-32; Jabur 122; Wahyu 1:4-8; Yokanan 20:19-31 MBANGUN TURUT “Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Allah katimbang dhateng manungsa.” (Lelakone Para Rasul 5:29) Lelakone Para Rasul 5:27-32 nyariyosaken bilih para rasul kacepeng malih lan dipun bekta dhateng ngajengipun Pradata Agama. Para rasul tetep martosaken Injil sinaosa kawontenanipun ing sakngandhaping tekanan. Ancaman mboten mupusaken tekad lan semangat anggenipun nglajengaken martosaken Injil. Alesanipun sepisan mbangun turut dhumateng Allah (ay. 29). Mbangun turut dhumateng Allah menika minangka tanggapan tumrap pakaryanipun Sang Roh Suci ing gesangipun tiyang pitados anggenipun nindakaken karsanipun Allah. Kalih, kasadharan dhiri minangka paseksi (ay. 32). Kasadharan diri bilih Gusti Yesus menika Juru wilujeng lan Panuntun, ingkang maringaken tugas kangge martosaken Injil. Mbangun turut lan kasadharan diri minangka paseksi menika ingkang badhe mbereg tiyang pitados tetep santosa lan semangat sinaosa wonten ing sangandhaping tekanan. Kasunyatanipun, lumantar pambangunturutipun para rasul, Gusti Allah makarya kangge ndhatengaken kasaenan tumrap tiyang-tiyang ingkang nresnani Panjenengane. Gusti Allah ngagem Gamaliel mbujuk anggota Pradata Agama kangge nggalih-nggalih kanthi saestu kaputusanipun. Ing pangandikanipun, Gamaliel njlentrehaken bilih satunggaling gerakan ingkang asalipun saking manungsa tamtu badhe sirna. Ananging menawi menapa ingkang dipun tindakaken para rasul Yesus asalipun saking Allah, mila sinten kemawon mboten saged nyirnakaken tiyang-tiyang menika. Sumangga disantosa lan semangat kangge martosaken Injil, kadospundia kawontenanipun. Sang Roh Suci makarya lumatar paseksi kita, temah tiyang-tiyang sanes saged mangertos lan pitados dhumateng Gusti Yesus. Pangandikanipun: “Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.” ( Yok. 20:29). Panjenengane menika Alfa lan Omega, kita gesangi kanthi leres bilih gesang kita kedah kita wiwiti saking Gusti Yesus tamtu kita pungkasi tetep ing Gusti Yesus. Mbangun turut, mituhu ngantos selaminipun. | *SAR
Setu, 26 April 2025 Minggu Paskah I
I Samuel 17:32-51; Jabur 150; Lukas 24:36-40 DADOS DHIRI KITA PIYAMBAK “Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang, banjur njajal lumaku, amarga durung tahu manganggo kaya mangkono. Dawud bajur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah, ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.” Wasana sandhangane dirucati.” (I Samuel 17:39) Kamenanganipun Dawud kanyata namung awit pitulunganipun Gusti. Ananging, sasihipun menika ugi awit piyambakipun wantun dados dhirinipun piyambak menapa wontenipun. Nalika Saul masangaken ageman perangipun dhateng Dawud, Dawud milih ngrucat ageman menika. Mboten ateges Dawud anti perubahan, awit saderengipun piyambakipun sampun nyobi ngginakaken ageman perang enika lan nyobi mlampah, nanging malah mboten saged mlampah. Ageman perang menika karaos mboten cocok kanggenipun Dawud. Piwulang ingkang narik kawigatosan kita inggih menika Dawud mboten melu-melu. Goliat ingkang dipun adhepi ngginakaken ageman perang komplit. Saul ugi ngginakaken ageman perang komplit nalika ing paprangan. Limrahipun tiyang ingkang badhe majeng perang mekaten. Ananging Dawud milih mboten melu-melu. Piyambakipun milih dados dhirinipun piyambak lan ngrumaosi menapa ingkang cocok kaliyan dhirinipun. Cocok kanggenipun Saul dereng tamtu cocok kanggenipun Dawud. Kadhangkala kita gagal amargi mboten manggihaken kekiyatan kita, nanging milih melu-melu kados ingkang dipun lampahi tiyang sanes. Contonipun, persaingan ing bisnis. Ningali pebisnis sanes ngginakaken mesin paling anyar lan paling canggih, kita geger/panik lajeng melu-melu mundhut mesin menika mboten awit perhitungan ingkang mateng. Kamangka dereng tamtu menika jaminan kangge kita menang persaingan. Saking cariyosipun Dawud, sumangga kita nyinau nggali potensi lan kekiyatan kita lan dados dhiri kita piyambak. Menapa ingkang cocok kangge tiyang sanes, dereng tamtu cocok kangge kita. Mboten perlu srei drengki tumrap kaluwihanipun tiyang sanes. Awit dhasaripun saben tiyang nggadhahi kaluwihan lan kekirangan. Kaluwihanipun tiyang sanes dereng tamtu kita gadhahi, ugi kaluwihan kita dereng tamtu dipun gadhahi dening tiyang sanes. | *SAR
Jemuwah, 25 April 2025 Minggu Paskah I
I Samuel 17:19-32; Jabur 150; Lelakone Para Rasul 5:17-26 KAPITADOSAN DHUMATENG ALLAH “Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.” (I Samuel 17:32) Raos ajrih menika saged menular. Napa malih menawi mireng kabar ingkang ngajrih-ajrihi dipun bolan-baleni tamtu badhe njalari raos ajrihipun tiyang-tiyang ingkang mirengaken. Raos ajrih ugi dipun adhepi dening bala tantra Israel nalika Saul gemeter kaliyan kabar pangancamipun Goliat. Sinaosa dipun tawekaken hadiah ingkang ageng, nanging tiyang-tiyang Israel sami ajrih lan gumeter, kalebet Eliab, kangmasipun Dawud. Dawud nembe kemawon dumugi ing tlatah paprangan, lan mireng pangamcam menika, lajeng taken-taken bab tiyang Filisti kalawau, lan matur dhateng Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.” Tamtu kemawon Saul lan bala tantra Israel sami gumun. Badhe ngginakaken menapa Dawud anggenipun badhe nglawan Goliat ingkang gagah prakasa lan ngginakaken gegaman paprangan komplit. Dawud nggadhahi kekiyatan nanging mboten saking dhirinipun piyambak. Kekiyatanipun inggih saking Gusti Allah ingkang gesang. Sacara wadag pancen Dawud langkung alit lan ringkih tinimbang Goliat. Piyambakipun ugi mboten dilatih kados bala tantra sanesipun, mboten gadhah gaman paprangan, inggih namung kapitadosan dhumateng Allah ingkang njalari piyambakiun kuwagang nglawan Goliat. Para rasul kacepeng lan kalebetaken ing pakunjaran kitha. Lan ing dalu para malaekating Gusti ngluwari para rasul, satemah lajeng martosaken Injil ing Padaleman Suci (LPR 5:18-21). Kakiyatan kapitadosan dhumateng Allah njalari Dawud kuwagang ngadhepi utawi nglawan Goliat. Kakiyatan kapitadosan dhumateng Allah ndadosaken para rasul martosaken malih pangandikanipun Gusti dhateng tiyang kathah ing Padaleman Suci. Kapitadosan menika ugi ingkang sakmesthinipun dados panjurung tumrap kita ing gesang padintenan, ing salebeting pambudidaya utawi perjuangan kita ing donya menika. Mengsah kita jaman samangke asalipun saking maneka warni perkawis, perkawis kulawarga, keuangan, sesambetan kaliyan tiyang sanes, lsp. Gegaman kita inggih punika kapitadosan dhumateng Allah ingkang njalari kamenangan. | *SAR
Kemis, 24 April 2025 Minggu Paskah I
I Samuel 17:1-23; Jabur 150; Lelakone Para Rasul 5:12-16 HALELUYA “Haleluya! Padha saosa puji marang Gusti Allah ana ing pasucene! … Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. Haleluya!” (Jabur 150:1a, 6) Jabur 150 punika dipun wiwiti kanthi tembung “haleluya” lan dipun pungkasi kanthi tembung “haleluya”. Ing gesang padintenanipun tiyang Kristen, tembung haleluya menika populer sanget. Ing pangibadah-pangibadah, ing pepujen, ing pandonga, ing khotbah, tembung haleluya asring kita pireng. Ing gesang padintenan, tembung haleluya asring dipun ucapaken nalika nalika mireng kabar sae. Malah, tumrap saperangan tiyang, tembung haleluya dados latah. Boten wonten sabab musababipun, ngucapaken haleluya. Haleluya saking basa Ibrani, “hallelu” lan “yah”. Hallelu minangka jamakipun saking tembung “halla” ateges manembah, ngaturaken matur nuwun, surak-surak ing Gusti. Tembung “yah” ing basa Ibrani ateges Gusti (saking tembung Yahweh). Haleluya ateges puji Gusti. Kita kedah memuji Gusti awit Panjenengane sampun mratelakaken kakiyatan lan kaluhuranipun ingkang ngedab-edabi (ay. 2). Menawi kita ningali pakaryanipun Gusti ing gesang kita, mila mboten wonten malih alesan kangge mboten memuji Gusti. Inggih namung umat ingkang boten mangertos raos pamaturnuwun ingkang mboten memuji Gusti. “Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah. Haleluya!” (ay.6). Ayat menika ngemot teges bilih saben denyut nadi lan ambekan kita, sampun sakmesthiniun kita memuji Gusti. Memuji Gusti ing sadhengah wekdal lan kawontenan. Nalika kita wonten ing kawontenan sae menapa dene ing kawontenan ingkang mboten sae. Nalika kita pikantuk, menapa dene nalika kita kelangan. Nalika kita binerkahan, nanging ugi nalika kita sangsara. Nalika kita sehat, nanging ugi nalika kita sakit. Memuji Gusti ing sadhengah kawontenan nedahaken kapitadosan kita bilih Gusti Allah ingkang mranata tumraping gesang kita lan atasing jagad raya. Kapitadosan mekaten menika ingkang andamel Gusti lajeng kepareng mirsani kita lan dhatengaken berkah ing gesang kita. Haleluya! | *SAR
Rebo, 23 April 2025 Minggu Paskah I
II Samuel 6:1-15; Jabur 118:1-2, 14-24; Lukas 24:1-12 MBOTEN NANDUKAKEN PIWALES “Bokmenawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsung minangka lirune anggoningsung diipat-ipati ing dina iki.” (II Samuel 6:12) Dinten menika Sang Nata Israel ingkang agung lan luhur kaasoraken dening Simei, satunggaling tiyang saking kalawangsanipun prabu Saul. Simei ndakwa bilih Dawud ingkang nyedani Saul. Simei ugi moyoki, ngipat-ipati lan nyawati sela Dawud lan para abdinipun. Menika pangina ingkang luar biasa. Kadospundi Dawud nanggapi sedaya pangina lan bab-bab ingkang ngasoraken martabatipun minangka sang nata? Dawud milih ngejaraken. Dawus milih ngalah tinimbang nandukaken piwales. Kenging menapa Dawud mboten nandukaken piwales? Menapa Dawud ajrih? Tamtu kemawon mboten! Nglawan Goliat kemawon wantun, menapa malih nglawan Simei ingkang dede sinten-sinten. Sacara status, wekdal menika Dawud minangka ratu Israel temah sejatosipun piyambakipun kagungan alesan kangge ndhatengaken paukuman tumrap Simei adhedhasar tumindak pangina menika. Menapa malih, para bala tantra pilihan Dawud sampun nyuwun idi kangge mejahi “segawon pejah” menika. Mboten nandukaken piwales awit pancen mboten nggadhahi kekiyatan kangge nandukaken piwales menika limrah, ananging mboten nandukaken piwales kamangka nggadhahi kekiyatan menika nembe luar biasa. Dawud estu ngrumaosi bilih sedaya perkawis wonten ing kendalinipun Gusti, pramila milih kangge masrahaken ing astanipun Gusti. Dawud mboten namung kasil ngendhaleni dhirinipun ananging ugi nggadhahi sikep manah ingkang leres ing ngarsanipun Gusti. Nalika Gusti Yesus kapoyok supados mandhap saking kajeng salib, iba gampilipun nedahaken pangwaosipun minangka Putraning Allah (Mat. 27:40). Ananging Gusti Yesus milih kangge ngapunteni tiyang-tiyang menika. Menapa kita inggih nate ngalami kados Dawud? Ngalami pangina, kaasoraken, kaaniaya, ngalami tumindak mboten adil, lan dipun sakiti? Sumangga kita nuladha Dawud, nggadhahi sikep ingkang leres. Wonten kalanipun katimbang mbudidaya mbuktekaken sinten ta kita, langkung prayogi kita ngalah lan ngapunteni. Gusti mberkahi kita. |*SAR
