I Samuel 17:19-32; Jabur 150; Lelakone Para Rasul 5:17-26
KAPITADOSAN DHUMATENG ALLAH
“Dawud matur marang Sang Prabu Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.”
(I Samuel 17:32)
Raos ajrih menika saged menular. Napa malih menawi mireng kabar ingkang ngajrih-ajrihi dipun bolan-baleni tamtu badhe njalari raos ajrihipun tiyang-tiyang ingkang mirengaken. Raos ajrih ugi dipun adhepi dening bala tantra Israel nalika Saul gemeter kaliyan kabar pangancamipun Goliat. Sinaosa dipun tawekaken hadiah ingkang ageng, nanging tiyang-tiyang Israel sami ajrih lan gumeter, kalebet Eliab, kangmasipun Dawud. Dawud nembe kemawon dumugi ing tlatah paprangan, lan mireng pangamcam menika, lajeng taken-taken bab tiyang Filisti kalawau, lan matur dhateng Saul: “Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika. Abdi dalem badhe mengsah nandhingi tiyang Filisti punika.” Tamtu kemawon Saul lan bala tantra Israel sami gumun. Badhe ngginakaken menapa Dawud anggenipun badhe nglawan Goliat ingkang gagah prakasa lan ngginakaken gegaman paprangan komplit.
Dawud nggadhahi kekiyatan nanging mboten saking dhirinipun piyambak. Kekiyatanipun inggih saking Gusti Allah ingkang gesang. Sacara wadag pancen Dawud langkung alit lan ringkih tinimbang Goliat. Piyambakipun ugi mboten dilatih kados bala tantra sanesipun, mboten gadhah gaman paprangan, inggih namung kapitadosan dhumateng Allah ingkang njalari piyambakiun kuwagang nglawan Goliat. Para rasul kacepeng lan kalebetaken ing pakunjaran kitha. Lan ing dalu para malaekating Gusti ngluwari para rasul, satemah lajeng martosaken Injil ing Padaleman Suci (LPR 5:18-21). Kakiyatan kapitadosan dhumateng Allah njalari Dawud kuwagang ngadhepi utawi nglawan Goliat. Kakiyatan kapitadosan dhumateng Allah ndadosaken para rasul martosaken malih pangandikanipun Gusti dhateng tiyang kathah ing Padaleman Suci. Kapitadosan menika ugi ingkang sakmesthinipun dados panjurung tumrap kita ing gesang padintenan, ing salebeting pambudidaya utawi perjuangan kita ing donya menika. Mengsah kita jaman samangke asalipun saking maneka warni perkawis, perkawis kulawarga, keuangan, sesambetan kaliyan tiyang sanes, lsp. Gegaman kita inggih punika kapitadosan dhumateng Allah ingkang njalari kamenangan. | *SAR