+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 26 April 2025 Minggu Paskah I

I Samuel 17:32-51; Jabur 150; Lukas 24:36-40

      DADOS DHIRI KITA PIYAMBAK

“Dawud nuli nyabukake pedhange ing jabane sandhangane perang,

banjur njajal lumaku, amarga durung tahu manganggo kaya mangkono.

Dawud bajur matur marang Sang Prabu: “Kawula boten saged mlampah,

ngangge sandhangan punika awit dereng nate ngangge.”

Wasana sandhangane dirucati.”

(I Samuel 17:39)

              Kamenanganipun Dawud kanyata namung awit pitulunganipun Gusti. Ananging, sasihipun menika ugi awit piyambakipun wantun dados dhirinipun piyambak menapa wontenipun. Nalika Saul masangaken ageman perangipun dhateng Dawud, Dawud milih ngrucat ageman menika. Mboten ateges Dawud anti perubahan, awit saderengipun piyambakipun sampun nyobi ngginakaken ageman perang enika lan nyobi mlampah, nanging malah mboten saged mlampah. Ageman perang menika karaos mboten cocok kanggenipun Dawud. 

              Piwulang ingkang narik kawigatosan kita inggih menika Dawud mboten melu-melu. Goliat ingkang dipun adhepi ngginakaken ageman perang komplit. Saul ugi ngginakaken ageman perang komplit nalika ing paprangan. Limrahipun tiyang ingkang badhe majeng perang mekaten. Ananging Dawud milih mboten melu-melu. Piyambakipun milih dados dhirinipun piyambak lan ngrumaosi menapa ingkang cocok kaliyan dhirinipun. Cocok kanggenipun Saul dereng tamtu cocok kanggenipun Dawud.

              Kadhangkala kita gagal amargi mboten manggihaken kekiyatan kita, nanging milih melu-melu kados ingkang dipun lampahi tiyang sanes. Contonipun, persaingan ing bisnis. Ningali pebisnis sanes ngginakaken mesin paling anyar lan paling canggih, kita geger/panik lajeng melu-melu mundhut mesin menika mboten awit perhitungan ingkang mateng. Kamangka dereng tamtu menika jaminan kangge kita menang persaingan. Saking cariyosipun Dawud, sumangga kita nyinau nggali potensi lan kekiyatan kita lan dados dhiri kita piyambak. Menapa ingkang cocok kangge tiyang sanes, dereng tamtu cocok kangge kita. Mboten perlu srei drengki tumrap kaluwihanipun tiyang sanes. Awit dhasaripun saben tiyang nggadhahi kaluwihan lan kekirangan. Kaluwihanipun tiyang sanes dereng tamtu kita gadhahi, ugi kaluwihan kita dereng tamtu dipun gadhahi dening tiyang sanes. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *