Lelakone Para Rasul 5:27-32; Jabur 122; Wahyu 1:4-8; Yokanan 20:19-31
MBANGUN TURUT
“Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Allah katimbang dhateng manungsa.”
(Lelakone Para Rasul 5:29)
Lelakone Para Rasul 5:27-32 nyariyosaken bilih para rasul kacepeng malih lan dipun bekta dhateng ngajengipun Pradata Agama. Para rasul tetep martosaken Injil sinaosa kawontenanipun ing sakngandhaping tekanan. Ancaman mboten mupusaken tekad lan semangat anggenipun nglajengaken martosaken Injil. Alesanipun sepisan mbangun turut dhumateng Allah (ay. 29). Mbangun turut dhumateng Allah menika minangka tanggapan tumrap pakaryanipun Sang Roh Suci ing gesangipun tiyang pitados anggenipun nindakaken karsanipun Allah. Kalih, kasadharan dhiri minangka paseksi (ay. 32). Kasadharan diri bilih Gusti Yesus menika Juru wilujeng lan Panuntun, ingkang maringaken tugas kangge martosaken Injil. Mbangun turut lan kasadharan diri minangka paseksi menika ingkang badhe mbereg tiyang pitados tetep santosa lan semangat sinaosa wonten ing sangandhaping tekanan.
Kasunyatanipun, lumantar pambangunturutipun para rasul, Gusti Allah makarya kangge ndhatengaken kasaenan tumrap tiyang-tiyang ingkang nresnani Panjenengane. Gusti Allah ngagem Gamaliel mbujuk anggota Pradata Agama kangge nggalih-nggalih kanthi saestu kaputusanipun. Ing pangandikanipun, Gamaliel njlentrehaken bilih satunggaling gerakan ingkang asalipun saking manungsa tamtu badhe sirna. Ananging menawi menapa ingkang dipun tindakaken para rasul Yesus asalipun saking Allah, mila sinten kemawon mboten saged nyirnakaken tiyang-tiyang menika.
Sumangga disantosa lan semangat kangge martosaken Injil, kadospundia kawontenanipun. Sang Roh Suci makarya lumatar paseksi kita, temah tiyang-tiyang sanes saged mangertos lan pitados dhumateng Gusti Yesus. Pangandikanipun: “Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.” ( Yok. 20:29). Panjenengane menika Alfa lan Omega, kita gesangi kanthi leres bilih gesang kita kedah kita wiwiti saking Gusti Yesus tamtu kita pungkasi tetep ing Gusti Yesus. Mbangun turut, mituhu ngantos selaminipun. | *SAR