+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 28 April 2025 Minggu Paskah II

Ester 7:1-10; Jabur 122; Wahyu 1:9-20

KADOS BUMERANG

“Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarane Sang Prabu,

kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman

wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel

dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu

kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!”

(Ester 7:9)

              Gusti Allah andamel Ester menunda anggenipun badhe ngaturaken pikajengipun dhateng Sang Prabu Ahasyweros. Kaserat, panyuwunanipun katundha kaping kalih. Sepisan nalika manggihi Sang Prabu ing wekdal sepisanan, lan kaping kalihipun nalika ing bujana sesaosan sepisan. Lan ing bujana sesaosan kaping kalihipun, Ester ngaturaken panyuwunanipun. Panyulahan dedegipun seket asta menika dipun cawisaken dening Haman kangge nyulah Mordekhai. Dipun degaken sasampunipun nyowani bujana sesaosanipun Ester. Saumpami Ester ngaturaken panyuwunanipun ing kesempatan kapisan, tamtu Haman mbok menawi pejah kanthi cara sanes. Mbok manawi Haman boten pejah ing panyulahan ingkang dipun cawisaken piyambakipun kangge tiyang sanes.

              Hukum nyebar-ngundhuh menika kelampahan (berlaku). Ing Prajanjian Anyar kadosta 2 Korinta 9:6, lan kaserat ing Prajanjian Lami (WB 9:7; 10:8; 11:19, 25; 13:3, 11; 26:27; 28:10, 13, 18). Ananging lumantar waosan menika inggih kadospundi caranipun Gusti nundha panyuwunanipun Ester, kanyata bilih Gusti badhe njejegaken kaleresan saking ayat-ayat menika kanthi prastawa ingkang nyata. Saumpami Haman nyebar winih pari, tamtu ngundhuh pari. Emanipun, ingkang dipun sebar inggih menika saka panyulahan, mila mekaten ugi ingkang piyambakipun tampi. Gesang menika kadasta bumerang: menapa ingkang kita uncalaken, badhe mbalik dhateng kita. Pramila, menapa ingkang Haman alami dados panjurung tumrap kita supados nyebar kabecikan. Mboten kados nalika kita nyebar pari, wekdalipun ngundhuh kabecikan utawi kadurakan menika mboten pasti. Rasul Paulus ngengetaken supados kita mboten bosen-bosen nindakaken kabecikan (Gal. 6:9). Menawi sampun wekdalipun, kita badhe ngundhuh menapa ingkang sampun kita sebar, sae menika kabecikan utawi kadurakan. | *SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *